Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 7

Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip

Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip

”Tuking gesang punika wonten ing Paduka.”​—JABUR 36:10.

1, 2. (a) Yéhuwah mènèhi anugrah apa? (b) Yéhuwah mènèhi apa bèn awaké dhéwé bahagia?

URIP kuwi anugrah sing berharga banget saka Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 1:27) Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia. Mula, Yéhuwah mènèhi pathokan-pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener. Awaké dhéwé kudu nggunakké pathokan-pathokan kuwi bèn isa ”mbédakké sing bener lan sing salah”. (Ibrani 5:14) Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem dituntun Yéhuwah. Nèk manut karo pathokané Yéhuwah lan ngrasakké dhéwé manfaaté, awaké dhéwé dadi isa ngerti nèk pathokan kuwi pancèn bener.

2 Pancèn ora gampang nggawé keputusan merga Alkitab ora mesthi mènèhi jalan keluar langsung kanggo ngatasi saben masalah. Contoné, soal perawatan keséhatan sing nggunakké getih. Piyé carané bèn keputusané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah? Saka pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti pandhangané Yéhuwah soal urip lan getih. Nèk ngerti pathokan-pathokan kuwi, awaké dhéwé  isa nggawé keputusan sing bener lan ora ngrasa salah. (Wulang Bebasan 2:6-11) Ayo dirembug apa waé pathokané.

PANDHANGANÉ GUSTI ALLAH SOAL URIP LAN GETIH

3, 4. (a) Piyé pandhangané Gusti Allah soal getih? (b) Getih nggambarké apa?

3 Nurut Alkitab, getih kuwi suci merga nggambarké urip. Yéhuwah nganggep urip kuwi berharga banget. Sakwisé Kain matèni adhiné, Yéhuwah ngomong karo Kain, ”Getihé adhinira Abèl [utawa, Habèl] sesambat marang Ingsun saka bumi.” (Purwaning Dumadi 4:10) Getihé Habèl nggambarké uripé. Wektu Yéhuwah ngomong soal getihé Habèl, kuwi maksudé uripé Habèl.

4 Sakwisé banjir gedhé ing jamané Nuh, Gusti Allah kandha nèk manungsa éntuk mangan daging. Ning, Yéhuwah ya kandha nèk ”daging kang isih ana nyawané, iya iku getihé” ora éntuk dipangan. (Purwaning Dumadi 9:4) Kabèh keturunané Nuh, klebu awaké dhéwé, kudu manut karo préntah kuwi. Dadi, nurut Yéhuwah, getih nggambarké urip. Pandhangané awaké dhéwé ya kudu kaya ngono.​—Jabur 36:10.

5, 6. Nurut Hukum Musa, piyé pandhangané Yéhuwah soal urip lan getih?

5 Yéhuwah kandha léwat Hukum Musa, ’Wong kang mangan getih bakal Sunlawan sarta Suntumpes saka ing satengahé bangsané. Marga nyawané daging iku ana ing getihé.’​—Kaimaman 17:10, 11.

6 Hukum Musa kandha nèk ana kéwan sing disembelèh kanggo dipangan, getihé kudu dibuwang.  Kuwi bukti nèk nyawané kéwan kuwi duwèké Yéhuwah. (Pangandharing Torèt 12:16; Yéheskièl 18:4) Yéhuwah ora mènèhi wong Israèl aturan sing kaku soal mbuwang getihé kéwan nganti entèk resik. Nèk wis ngupaya tenan mbuwang getihé, wong Israèl isa mangan daging kuwi tanpa ngrasa salah. Nèk nganggep uripé kéwan berharga, kuwi bukti nèk wong Israèl ngajèni sing nggawé urip, yaiku Yéhuwah. Hukum Musa ya mréntahké wong Israèl ngorbanké kéwan kanggo nebus dosa.​—Deloken Cathetan 19 lan 20.

7. Apa buktiné nèk Daud nganggep urip kuwi berharga?

7 Awaké dhéwé isa ngerti nèk urip kuwi berharga banget saka pengalamané Daud wektu nglawan wong Filistin. Wektu ngerti nèk Daud ngelak banget, anak buahé Daud lunga ing dhaérah mungsuh kanggo njupuk banyu, senajan kuwi bahaya. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi lan diwènèhké dadi korban kanggo Yéhuwah. Daud kandha, ”Kawula mugi katebihna saking tumindak makaten dhuh Sang Yéhuwah. Punika rak rahipun [utawa, getihé] tiyang-tiyang ingkang sami késah ngetohaken nyawanipun?” Daud ngerti nèk urip lan getih kuwi berharga banget kanggo Yéhuwah.​—2 Samuèl 23:15-17.

8, 9. Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé soal getih?

8 Sakwisé Yésus mati, umaté Yéhuwah ora perlu ngorbanké kéwan manèh. Ning, wong Kristen tetep kudu ngetrapké salah siji préntah ing Hukum Musa yaiku ’nyingkir saka getih’. Kuwi padha pentingé karo préntah bèn ora nyembah brahala utawa  ora nglakoni hubungan sèks sing ora sah.​—Kisah 15:28, 29.

Piyé carané aku nerangké keputusanku soal nggunakké pecahan darah?

9 Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing nggawé urip, mula urip kuwi duwèké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya ngerti nèk getih kuwi suci lan nggambarké urip. Dadi, awaké dhéwé kudu mikirké pathokané Alkitab dhisik sakdurungé nggawé keputusan soal perawatan keséhatan sing nggunakké getih.

PERAWATAN KESÉHATAN SING NGGUNAKKÉ GETIH

10, 11. (a) Piyé pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah soal transfusi darah utawa tranfusi patang bagéan utama darah? (b) Apa sing kudu diputuské dhéwé?

10 Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti nèk maksudé ’nyingkir saka getih’ kuwi dudu mung ora mangan utawa ora ngombé getih. Kuwi maksudé ora nglebokké getih ing njero awak nganggo cara apa waé. Contoné, transfusi darah, donor darah, lan nyimpen getihé dhéwé bèn isa digunakké wektu awaké dhéwé operasi. Kuwi ya klebu ora transfusi patang bagéan utama darah, yaiku sèl darah merah, sèl darah putih, keping darah, lan plasma darah.

11 Ana perawatan keséhatan sing nggunakké pecahan darah, yaiku pecahan saka patang bagéan utama darah. Awaké dhéwé kudu mutuské dhéwé arep nampa pecahan darah apa ora. Saben wong Kristen ya kudu mutuské dhéwé apa arep nggunakké perawatan keséhatan kaya hemodialisis, hemodilusi, utawa penyelamatan sel. Kabèh cara pengobatan kuwi  nggunakké getihé awaké dhéwé sing ora disimpen.​—Deloken Cathetan 21.

12. (a) Apa sebabé keputusané awaké dhéwé sing dhasaré hati nurani ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah? (b) Piyé carané nggawé keputusan sing bener soal perawatan keséhatan?

12 Apa keputusané awaké dhéwé sing dhasaré hati nurani ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah? Ya, merga Yéhuwah nggatèkké pikiran lan atiné awaké dhéwé. (Wacanen Wulang Bebasan 17:3; 24:12.) Mula, sakdurungé nggawé keputusan soal perawatan keséhatan, awaké dhéwé perlu ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah lan nggolèk katrangan soal perawatan kuwi. Bar kuwi, awaké dhéwé isa nggawé keputusan manut karo hati nurani sing dituntun Alkitab. Awaké dhéwé ora perlu takon karo wong liya apa sing bakal diputuské wong kuwi nèk ngadhepi masalah sing padha. Aja terpengaruh karo keputusané wong liya. Saben wong bakal ”mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé”.​—Galatia 6:5; Roma 14:12.

PRÉNTAHÉ YÉHUWAH KUWI BUKTI TRESNA

13. Saka préntah-préntahé, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

13 Yéhuwah mènèhi préntah merga nresnani awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé bahagia. (Jabur 19:8-12) Awaké dhéwé manut karo Yéhuwah merga nresnani Yéhuwah, ora mung merga wis ngrasakké manfaat saka préntah-préntahé. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ora gelem nampa  transfusi darah. (Kisah 15:20) Kuwi ya apik kanggo keséhatan. Akèh wong saiki ngerti akibaté nèk nampa transfusi darah. Akèh dokter ya setuju nèk operasi tanpa transfusi darah kuwi apik kanggo keséhatan. Préntah-préntahé Yéhuwah kuwi pancèn bener, lan kuwi bukti nèk Yéhuwah nresnani awaké dhéwé.​—Wacanen Yésaya 55:9; Yohanes 14:21, 23.

14, 15. (a) Yéhuwah mènèhi hukum apa waé kanggo bangsa Israèl? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé nganggep urip kuwi berharga?

14 Hukumé Gusti Allah kuwi pancèn ana manfaaté. Yéhuwah mènèhi hukum bèn bangsa Israèl ora cilaka. Misalé, ana hukum sing kandha nèk wong Israèl kudu mageri atap omahé bèn ora ana sing tiba saka kono. (Pangandharing Torèt 22:8) Terus, nèk ana sapi sing seneng nyrudug, sing nduwé sapi kudu njaga sapiné bèn ora nyerang utawa matèni wong liya. (Pangentasan 21:28, 29) Nèk ana sing mati merga hukum-hukum kuwi dilanggar, wong sing nglanggar kudu tanggung jawab.

15 Hukum-hukum mau bukti nèk Yéhuwah nganggep urip kuwi berharga. Terus, apa hubungané karo awaké dhéwé? Nèk awaké dhéwé nganggep urip kuwi berharga, kuwi bakal kétok saka hiburan sing dipilih, carané awaké dhéwé ngrawat kendaraan, carané ngrawat omah, lan carané numpak kendaraan. Ana sing sengaja nantang bahaya merga mikir nèk ora bakal kena cilaka, khususé cah-cah enom. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé kaya ngono. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nganggep nèk uripé awaké dhéwé lan wong liya berharga banget.​—Kohèlèt 11:9, 10.

16. Piyé pandhangané Yéhuwah soal nggugurké kandhungan?

 16 Kanggoné Yéhuwah, uripé manungsa berharga banget, klebu uripé bayi sing durung lair. Nurut Hukum Musa, nèk ana wong sing ora sengaja nabrak wong meteng terus wong wédok kuwi utawa bayiné mati, Yéhuwah nganggep wong sing nabrak kuwi salah merga wis matèni wong. Senajan ora sengaja, wong sing matèni kuwi kudu mati. (Wacanen Pangentasan 21:22, 23.) Yéhuwah nganggep nèk bayi sing durung lair kuwi wis urip. Nèk ngono, piyé pandhangané Yéhuwah soal nggugurké kandhungan? Piyé perasaané Yéhuwah wektu weruh akèh bayi digugurké saben taun?

17. Wong sing wis tau nggugurké kandhungan sakdurungé sinau Alkitab isa yakin apa?

17 Piyé nèk ana wong sing wis tau nggugurké kandhungan sakdurungé sinau Alkitab? Wong kuwi isa yakin nèk Yéhuwah ngapura léwat korban tebusané Yésus. (Lukas 5:32; Éfésus 1:7) Wong kuwi ora perlu terus-terusan ngrasa salah nèk wis tenanan njaluk ngapura lan mertobat. ”Pangéran Yéhuwah iku ambek welasan lan ambek asih . . . Sapira dohé wétan saka ing kulon, iya samono anggoné nebihaké panerak kita saka ing kita.”​—Jabur 103:8-14.

RASA SENGIT KUDU DIBUWANG

18. Apa sebabé rasa sengit kudu cepet dibuwang?

18 Awaké dhéwé nganggep nèk urip kuwi berharga banget. Kuwi kudu saka ati lan biasané kétok saka pandhangané awaké dhéwé soal wong liya. Rasul Yohanes kandha, ”Saben wong sing sengit marang seduluré kuwi tukang matèni.” (1 Yohanes 3:15) Rasa  ora seneng isa dadi rasa sengit. Rasa sengit isa marakké awaké dhéwé ora ngajèni wong liya, nyebar fitnah, utawa malah péngin wong kuwi mati. (Kaimaman 19:16; Pangandharing Torèt 19:18-21; Matius 5:22) Nèk nduwé rasa sengit, kuwi kudu cepet dibuwang.​—Yakobus 1:14, 15; 4:1-3.

19. Apa bukti liyané nèk awaké dhéwé nganggep urip kuwi berharga?

19 Apa bukti liyané nèk awaké dhéwé nganggep urip kuwi berharga? Jabur 11:5 kandha nèk Yéhuwah ’gething marang wong kang seneng tumindak keras’. Nèk milih hiburan sing isiné tumindak kejem, kuwi artiné awaké dhéwé seneng karo tumindak kuwi. Mula, aja nganti pikirané awaké dhéwé dipengaruhi karo omongan sing kasar lan tontonan sing isiné tumindak kejem. Mendhing awaké dhéwé mikirké sing apik.​—Wacanen Filipi 4:8, 9.

ORA NDHUKUNG POLITIK LAN AGAMA PALSU

20-22. (a) Piyé pandhangané Yéhuwah soal wong-wong ing donya iki? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ”dudu bagéan saka donya”?

20 Akèh wong ing donya iki ora nganggep nèk urip kuwi berharga. Kanggoné Yéhuwah, wong-wong kuwi pembunuh. Contoné, ana pamréntahan sing nyebabké jutaan wong mati, klebu matèni umaté Yéhuwah. Ing Alkitab, pamréntahan sing kaya ngono digambarké kaya kéwan sing buas lan kejem. (Dhanièl 8:3, 4, 20-22; Wahyu 13:1, 2, 7, 8) Lan, jaman saiki, bisnis senjata dadi bisnis sing untungé gedhé banget. Kuwi bukti nèk donya iki ”dikuwasani Sétan”.​—1 Yohanes 5:19.

 21 Ning, awaké dhéwé ”dudu bagéan saka donya”. Awaké dhéwé ora mèlu perang. Sakliyané ora gelem matèni wong liya, awaké dhéwé ya ora gelem ndhukung politik lan agama palsu. (Yohanes 15:19; 17:16) Awaké dhéwé ora mbales wektu dianiaya. Yésus mulang awaké dhéwé supaya nresnani wong liya, klebu nresnani mungsuh.​—Matius 5:44; Roma 12:17-21.

22 Wong isa matèni wong liya merga agama. Wektu ngomongké soal Babilon Gedhé, yaiku kabèh agama palsu, Alkitab kandha, ”Ing kana wis ditemokké getihé para nabi, para wong suci, lan kabèh wong sing wis dipatèni ing bumi.” Apa maksudé Yéhuwah wektu kandha, ”Metua saka kono”? Kuwi maksudé umaté Yéhuwah kudu metu saka agama palsu.​—Wahyu 17:6; 18:2, 4, 24.

23. Apa maksudé ’metu saka’ Babilon Gedhé?

23 ’Metu saka’ Babilon Gedhé kuwi maksudé wis ora nduwé hubungan apa-apa manèh karo agama palsu. Contoné, nèk saiki isih dadi anggotané agama palsu, awaké dhéwé kudu nggawé surat pengunduran diri. Ning, ora mung kuwi waé. Awaké dhéwé ya aja nganti ndhukung kelakuané agama palsu, misalé nindakké hubungan sèks sing ora sah, mèlu politik, lan srakah. (Wacanen Jabur 97:10; Wahyu 18:7, 9, 11-17) Merga kelakuané agama palsu mau, ana akèh wong sing mati.

24, 25. Apa sebabé sinau Alkitab isa nggawé awaké dhéwé seneng lan ora ngrasa salah?

24 Sakdurungé sinau Alkitab, awaké dhéwé mesthi wis tau niru kelakuané wong-wong ing donya iki. Ning, saiki wis ora. Awaké dhéwé wis ngabdi marang  Yéhuwah lan éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus. ”Yéhuwah maringi mangsa sing nentremké” kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa seneng lan ora ngrasa salah merga wis nyenengké Yéhuwah.​—Kisah 3:19; Yésaya 1:18.

25 Senajan wis tau mèlu ndhukung politik lan agama palsu, awaké dhéwé isa diapura Yéhuwah léwat korban tebusané Yésus. Nèk nganggep urip kuwi berharga, awaké dhéwé bakal mbantu wong liya bèn sinau Alkitab, metu saka agama palsu lan politik, lan dadi kancané Gusti Allah.​—2 Korintus 6:1, 2.

NGINJIL MARANG WONG LIYA

26-28. (a) Yéhuwah ngongkon Yéheskièl nindakké apa? (b) Saiki Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé nindakké apa?

26 Jaman mbiyèn, Yéhuwah ngongkon nabi Yéheskièl ngandhani wong Israèl carané bèn isa slamet wektu Yérusalèm diancurké. Nèk ora gelem ngandhani, Yéheskièl bakal dianggep salah. (Yéheskièl 33:7-9) Mula, Yéheskièl gelem ngandhani wong-wong merga dhèwèké nganggep nèk urip kuwi berharga.

27 Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ngandhani wong liya nèk pamréntahané Sétan bakal disingkirké lan mbantu wong liya sinau Alkitab bèn isa slamet. (Yésaya 61:2; Matius 24:14) Nèk ngupaya ngandhani wong liya soal kuwi, awaké dhéwé isa kandha, ”Aku resik saka getihé kabèh wong, merga aku martakké kabèh kersané Gusti Allah marang kowé tanpa ana sing tak tutup-tutupi.”​—Kisah 20:26, 27.

28 Ana cara-cara liya kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé resik. Kuwi bakal dirembug ing bab 8.