Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 12

Omongan ”sing Apik kanggo Nguwatké”

Omongan ”sing Apik kanggo Nguwatké”

”Aja nganti ana tembung-tembung sing ora apik metu saka tutukmu, nanging terusa ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké.” —ÉFÉSUS 4:29.

1-3. (a) Apa salah siji anugrah saka Yéhuwah? Piyé kuwi isa disalahgunakké? (b) Piyé kuduné awaké dhéwé nggunakké anugrah kuwi?

ANA bapak sing ngrasa seneng banget merga isa mènèhi anaké sepédha. Ning, piyé perasaané nèk anaké ora ngati-ati wektu numpak sepédha, malah nganti nabrak wong liya lan dhèwèké tiba?

2 Yéhuwah mènèhi ”saben anugrah sing apik lan sing sampurna”. (Yakobus 1:17) Salah sijiné yaiku kemampuan kanggo ngomong. Awaké dhéwé isa nyritakké pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Omongané awaké dhéwé isa nguwatké, ning ya isa nglarani atiné wong liya.

3 Omongan kuwi gedhé pengaruhé. Mula, Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé ngomongké sing apik. Yéhuwah kandha, ”Aja nganti ana tembung-tembung sing ora apik metu saka tutukmu, nanging terusa ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké, supaya wong sing ngrungokké isa éntuk paédah.”  (Éfésus 4:29) Ayo dirembug piyé carané bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah lan nguwatké wong liya.

KUDU NGATI-ATI WEKTU NGOMONG

4, 5. Apa kandhané Alkitab soal pengaruh omongané awaké dhéwé?

4 Omongan kuwi gedhé pengaruhé. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati karo omongan lan carané awaké dhéwé ngomong. Wulang Bebasan 15:4 kandha, ”Ilat kang sarèh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawé tatuning ati.” Kaya wit sing nyegerké, omongan sing apik isa nguwatké wong liya. Ning, omongan sing kasar isa nggawé wong liya sedhih lan lara ati.​—Wulang Bebasan 18:21.

Omongan sing apik isa nguwatké wong liya

5 Alkitab kandha, ”Tembung sing ora dipikir bisa natoni ati sing larané ngungkuli dituwek ing pedhang.” (Wulang Bebasan 12:18, Basa Jawi Padintenan.) Omongan sing kasar isa nglarani atiné wong liya, lan kuwi nggawé wong liya ora gelem kekancan karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mungkin ya tau lara ati merga omongané wong liya. Ning, ayat mau ya kandha nèk ”tembungé wong wicaksana gawé lilihing ati”. Omongan sing apik isa nambani lara ati, lan hubungané awaké dhéwé karo wong liya isa apik manèh. (Wacanen Wulang Bebasan 16:24.) Merga omongan kuwi gedhé pengaruhé, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu ngomong.

6. Apa sebabé ora gampang ngomongké sing apik?

6 Alesan liyané kudu ngati-ati wektu ngomong yaiku merga awaké dhéwé ora sampurna. Alkitab kandha  nèk ”saobah-osiking atiné manungsa iku dhasar ala”, lan biasané kuwi kétok saka omongané awaké dhéwé. (Purwaning Dumadi 8:21; Lukas 6:45) Senajan ora gampang, awaké dhéwé kudu terus ngupaya ngomongké sing apik.​—Wacanen Yakobus 3:2-4.

7, 8. Apa pengaruhé omongané awaké dhéwé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah?

7 Awaké dhéwé ya kudu ngati-ati wektu ngomong merga awaké dhéwé kudu tanggung jawab karo Yéhuwah soal omongan lan carané awaké dhéwé ngomong. Yakobus 1:26 kandha, ”Nèk ana wong sing rumangsa dadi penyembahé Gusti Allah, nanging dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi atiné dhéwé lan ibadahé ora ana gunané.” Dadi, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa rusak nèk awaké dhéwé ora ngati-ati wektu ngomong.​—Yakobus 3:8-10.

 8 Awaké dhéwé wis ngrembug alesané kudu ngati-ati wektu ngomong. Bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ngerti apa waé sing ora éntuk diomongké.

OMONGAN SING ALA

9, 10. (a) Akèh wong jaman saiki seneng ngomongké apa? (b) Apa sebabé awaké dhéwé ora éntuk ngomong saru?

9 Jaman saiki, akèh wong seneng misuh lan ngomong kasar merga péngin bèn wong liya ngerti luwih jelas maksudé. Salah sijiné yaiku omongan sing saru. Pelawak kerep guyon sing saru-saru bèn wong-wong padha ngguyu. Ning, Rasul Paulus kandha, ”Singkirna perkara-perkara iki saka awakmu, yaiku rasa murka, rasa nesu, bab-bab sing ala, utawa tembung-tembung sing ngrèmèhké, lan aja nganti tembung-tembung sing saru metu saka cangkemmu.” (Kolose 3:8) Paulus ya kandha nèk wong Kristen aja nganti ’guyon sing saru-saru’.—Éfésus 5:3, 4.

10 Yéhuwah lan umaté ora seneng karo omongan sing saru merga kuwi najis. Ing Alkitab, ”tumindak najis” kuwi klebu ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa”. (Galatia 5:19-21) ”Tumindak najis” kuwi ana akèh. Wong sing wis biasa nglakoni salah siji ”tumindak najis” isa waé nglakoni tumindak najis liyané. Nèk ana sing nduwé kebiasaan ngomong saru lan ora gelem berubah, wong kuwi kudu ditokké saka jemaat.​—2 Korintus 12:21; Éfésus 4:19; deloken Cathetan 23.

11, 12. (a) Piyé omongan biasa isa dadi gosip sing bahaya? (b)  Apa sebabé aja ngomong sing ora bener soal wong liya?

11 Awaké dhéwé ya aja nganti ngomongké gosip sing bahaya. Ora salah nèk awaké dhéwé péngin  ngerti kabaré wong liya lan nyritakké soal kanca lan keluarga. Contoné, wong Kristen jaman mbiyèn ya péngin ngerti keadaané sedulur liyané bèn isa mbantu. (Éfésus 6:21, 22; Kolose 4:8, 9) Ning, kuwi isa waé dadi gosip sing bahaya. Awaké dhéwé isa waé ngomongké sing ora bener utawa sing kuduné dadi rahasia. Nèk ora ngati-ati, kuwi isa dadi fitnah. Yésus ya tau difitnah karo wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi nudhuh Yésus nindakké sing ora bener. (Matius 9:32-34; 12:22-24) Fitnah isa nggawé èlèk jenengé wong liya, marahi padu, nglarani ati, lan ngrusak hubungan karo wong liya.​—Wulang Bebasan 26:20.

12 Yéhuwah péngin omongané awaké dhéwé nguwatké wong liya, ora malah nggawé padu. Yéhuwah ora seneng karo wong sing ”njalari ecrahé sadulur”. (Wulang Bebasan 6:16-19) Sing sepisanan dadi pemfitnah kuwi Sétan. Dhèwèké ngomong sing ora bener soal Yéhuwah. (Wahyu 12:9, 10) Jaman saiki, akèh wong seneng ngomong sing ora bener soal wong liya. Aja nganti ana omongan kaya ngono ing jemaat Kristen. (Galatia 5:19-21) Awaké dhéwé kudu mikir dhisik sakdurungé ngomong. Mula, sakdurungé neruské kabar soal wong liya, coba dipikir, ’Apa sing tak omongké kuwi bener? Apa kuwi ana gunané? Nèk wong kuwi krungu, kira-kira piyé perasaané? Piyé nèk wong liya crita kaya ngono soal aku?’​—Wacanen 1 Tésalonika 4:11.

13, 14. (a) Apa akibaté nèk awaké dhéwé ngomong kasar karo wong liya? (b) Misuh kuwi apa? Apa sebabé wong Kristen ora éntuk misuh?

13 Awaké dhéwé aja nganti ngomong kasar utawa  ngrèmèhké. Senajan awaké dhéwé mungkin gela merga wis ngèlèk-èlèk utawa kasar karo wong liya, ning aja nganti kuwi dadi kebiasaan. Paulus kandha, ”Singkirna kabèh rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, omongan sing ngrèmèhké.” (Éfésus 4:31) Ana terjemahan Alkitab liya sing nerjemahké ”omongan sing ngrèmèhké” dadi ”omongan sing ala”, ”omongan sing nglarani ati”, lan ”omongan sing nggawé nesu”. Omongan kaya ngono isa nggawé wong liya ngrasa ora berharga, khususé bocah-bocah. Mula, awaké dhéwé aja nganti ngomong kasar utawa ngrèmèhké bocah-bocah.​—Kolose 3:21.

14 Alkitab ngandhani awaké dhéwé bèn aja nganti misuh. Misuh kuwi maksudé ngunèkké wong liya nganggo omongan sing kasar banget lan tujuané kanggo nglarani atiné wong kuwi. Piyé nèk sing diunèkké ngono bojo lan bocah-bocah? Mesthi lara ati banget, ta? Wong sing terus-terusan seneng misuh ya isa ditokké saka jemaat. (1 Korintus 5:11-13; 6:9, 10) Hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah lan wong liya isa rusak nèk omongané awaké dhéwé saru, ora bener, utawa nglarani atiné wong liya.

OMONGAN SING APIK

15. Apa maksudé omongan sing isa nguwatké?

15 Piyé carané bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah? Senajan ora ana aturan soal apa sing éntuk lan ora éntuk diomongké, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ngomongké ”sing apik kanggo nguwatké”. (Éfesus 4:29) Kuwi maksudé  omongané awaké dhéwé kudu bener, ora saru, lan ora nglarani ati. Yéhuwah péngin omongané awaké dhéwé isa nguwatké wong liya. Ning, kuwi pancèn butuh upaya. (Titus 2:8) Ayo dirembug carané.

16, 17. (a) Apa sebabé kudu ngalem wong liya? (b) Sapa waé sing isa dialem?

16 Awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah lan Yésus sing seneng ngalem wong liya. (Matius 3:17; 25:19-23; Yohanes 1:47) Bèn isa ngalem wong liya, awaké dhéwé kudu mikirké lan perduli karo wong kuwi. Wulang Bebasan 15:23 kandha, ”Iba beciké tembung kang patitis ing wektu kang cocog.” Awaké dhéwé ngrasa dikuwatké wektu ana sing ngalem lan ngajèni kerja kerasé awaké dhéwé.​—Wacanen Matius 7:12; deloken Cathetan 27.

17 Awaké dhéwé luwih gampang ngalem wong liya nèk nggatèkké kelebihané. Contoné, awaké dhéwé isa ngalem sedulur sing wis ngupaya nyiapké ceramahé utawa sing wis ngupaya urun rembug ing pakumpulan. Awaké dhéwé ya isa ngalem cah enom sing wani njelaské ajaran Alkitab ing sekolahané, utawa sedulur sepuh sing ngupaya terus nginjil. Nèk dialem, para sedulur kuwi isa ngrasa dikuwatké. Wong lanang isa ngalem bojoné lan ngomong nèk dhèwèké nresnani bojoné. (Wulang Bebasan 31:10, 28) Kaya tanduran sing butuh banyu lan sinaré srengéngé, wong-wong ya butuh dialem, khususé bocah-bocah. Awaké dhéwé isa ngalem sipat-sipat apiké lan semangaté. Bocah-bocah dadi luwih percaya diri lan luwih ngupaya kanggo nglakoni sing bener.

Awaké dhéwé isa nguwatké wong liya léwat omongan

18, 19. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya nyemangati lan nguwatké liyané? Piyé carané?

 18 Awaké dhéwé niru Yéhuwah nèk nyemangati lan nguwatké wong liya. Yéhuwah tenanan perduli karo wong sing ”andhap asor” lan wong sing remuk atiné. (Yésaya 57:15) Yéhuwah péngin awaké dhéwé ’nggedhèkké ati siji lan sijiné’ lan ngomong nganggo ’tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati’. (1 Tésalonika 5:11, 14) Yéhuwah mesthi seneng banget ndelok upayané awaké dhéwé kanggo nguwatké wong liya.

19 Awaké dhéwé mungkin ngerti ana sedulur ing  jemaat sing butuh dikuwatké. Piyé carané mbantu? Mungkin awaké dhéwé ora isa ngrampungi masalahé, ning awaké dhéwé isa nduduhké nèk perduli. Contoné, awaké dhéwé isa ngejak ngobrol, macakké ayat Alkitab, lan ndonga bareng. (Jabur 34:19; Matius 10:29-31) Awaké dhéwé isa kandha nèk para sedulur ing jemaat nresnani dhèwèké. (1 Korintus 12:12-26; Yakobus 5:14, 15) Omongané awaké dhéwé ya kudu tulus bèn dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé pancèn perduli.​—Wacanen Wulang Bebasan 12:25.

20, 21. Apa sing nggawé naséhat gampang ditampa?

20 Awaké dhéwé isa nguwatké liyané nganggo  naséhat. Merga ora sampurna, kabèh wong mesthi butuh naséhat. Wulang Bebasan 19:20 kandha, ”Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowé ing tembé bisa dadi wicaksana.” Ora mung para pinituwa thok sing isa ngekèki naséhat. Wong tuwa ya kudu ngekèki naséhat anaké. (Éfésus 6:4) Sedulur wédok ya isa mènèhi naséhat sedulur wédok liyané. (Titus 2:3-5) Nèk nresnani para sedulur, aja nganti naséhaté awaké dhéwé nglarani atiné sedulur liya. Piyé carané?

21 Mungkin awaké dhéwé kèlingan nèk wis tau dikèki naséhat sing gampang ditampa. Apa sebabé? Mungkin merga awaké dhéwé ngrasa nèk wong sing ngekèki naséhat kuwi pancèn perduli, utawa merga carané ngekèki naséhat nyenengké. (Kolose 4:6) Naséhat kuwi mungkin ya saka Alkitab. (2 Timotius 3:16) Wektu ngekèki naséhat, kuwi kuduné saka Alkitab, ora masalah nyebutké ayaté apa ora. Aja nganti meksa wong liya nampa pendapaté awaké dhéwé utawa nggunakké ayat kanggo ndhukung pandhangané awaké dhéwé. Nèk wis tau dikèki naséhat nganggo cara sing nyenengké, awaké dhéwé isa niru cara kuwi wektu ngekèki naséhat wong liya.

22. Omongané awaké dhéwé kudu piyé?

22 Kemampuan kanggo ngomong kuwi anugrah. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé péngin omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah. Omongan kuwi gedhé pengaruhé. Mula, ayo terus ngupaya bèn omongané awaké dhéwé isa nguwatké wong liya.