Yohanes 7:1-52

  • Yésus ing Riyaya Tabernakel (1-13)

  • Yésus mulang ing riyaya (14-24)

  • Pendapat sing béda-béda bab Kristus (25-52)

7  Sakwisé kuwi, Yésus neruské perjalanané ing Galiléa. Yésus ora gelem lunga menyang Yudéa merga wong-wong Yahudi ngupaya matèni dhèwèké.  Nanging, wektu kuwi Riyaya Tabernakel* wong Yahudi wis cedhak.  Mula adhi-adhiné lanang kandha marang Yésus, ”Lungaa saka kéné menyang Yudéa, supaya murid-muridmu uga isa ndelok apa sing kok tindakké.  Wong sing péngin terkenal, tumindaké ora bakal didhelik-dhelikké. Merga kowé nindakké perkara-perkara iki, kana tindakna ing ngarepé kabèh wong.”*  Sakjané, adhi-adhiné Yésus ora nduwé iman marang Yésus.  Mula Yésus kandha, ”Saiki wektuné durung teka kanggo aku, nanging kanggo kowé, wektuné isa kapan waé.  Donya ora nduwé alesan kanggo sengit marang kowé, nanging donya sengit marang aku, merga aku mènèhi kesaksian nèk tumindaké donya iki jahat.  Kowé lungaa menyang riyaya kuwi. Aku durung arep lunga mrana, merga saiki durung wektuné kanggo aku.”  Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, Yésus tetep ing Galiléa. 10  Wektu adhi-adhiné wis padha lunga menyang riyaya kuwi, Yésus uga lunga mrana, nanging lungané meneng-meneng. 11  Ing riyaya kuwi, wong-wong Yahudi padha nggolèki Yésus lan kandha, ”Wongé ing ngendi?” 12  Ing antarané kumpulan wong, akèh sing padha bisik-bisik bab Yésus. Ana sing kandha, ”Dhèwèké kuwi wong apik.” Liyané kandha, ”Ora, dhèwèké kuwi nyesatké wong akèh.” 13  Nanging, ora ana sing wani blak-blakan ngomongké bab Yésus merga wedi karo wong-wong Yahudi. 14  Wektu riyaya kuwi wis éntuk separoné, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. 15  Wong-wong Yahudi padha nggumun lan kandha, ”Kok isa wong iki nduwé akèh pangertèn bab Kitab Suci* padahal dhèwèké ora tau sekolah agama?”* 16  Yésus banjur njawab, ”Apa sing tak wulangké dudu wulanganku dhéwé, nanging wulangané Panjenengané sing ngutus aku. 17  Wong sing péngin nindakké kersané Gusti Allah bakal ngerti apa wulangan iki asalé saka Gusti Allah utawa saka pikiranku dhéwé. 18  Sapa waé sing ngomong saka pikirané dhéwé kuwi nggolèk kamulyané dhéwé. Nanging, sapa waé sing ngupaya mulyakké Panjenengané sing ngutus dhèwèké, wong kuwi bener lan apa sing ora bener ora ana ing dhèwèké. 19  Musa mènèhi kowé Taurat, ta? Nanging ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing manut Taurat kuwi. Ngapa kowé ngupaya matèni aku?” 20  Wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kesurupan roh jahat. Sapa sing arep matèni kowé?” 21  Yésus njawab, ”Aku lagi nindakké sak perkara waé kowé kabèh wis padha nggumun. 22  Coba pikirna, Musa mènèhi kowé hukum bab sunat. Kuwi dudu tegesé hukum kuwi saka Musa, nanging saka para leluhuré. Mula kowé nyunat wong senajan ing dina Sabat. 23  Nèk wong éntuk disunat ing dina Sabat supaya Hukum Musa ora dilanggar, ngapa kok kowé nesu banget wektu aku marèkké wong nganti séhat tenan ing dina Sabat? 24  Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé, nanging kowé kudu ngadili kanthi adil.” 25  Banjur, sapérangan penduduk Yérusalèm mulai kandha, ”Wong iki kan sing arep dipatèni wong-wong mau, ta? 26  Nanging coba deloken, dhèwèké ngomong ing ngarepé wong akèh, lan wong-wong mau ora ngomong apa-apa marang dhèwèké. Aja-aja para pemimpiné awaké dhéwé wis padha ngerti tenan nèk dhèwèké kuwi Kristus. 27  Nanging, awaké dhéwé kan ngerti wong iki asalé saka ngendi. Padahal, nèk Kristus teka, ora ana sing ngerti saka ngendi asalé.” 28  Banjur wektu mulang ing bait, Yésus ngomong nganggo swara seru, ”Kowé ngerti aku sapa lan asalku saka ngendi. Aku teka ora merga karepku dhéwé. Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener-bener ana, nanging kowé ora kenal karo Panjenengané. 29  Aku kenal karo Panjenengané, merga aku wakilé Panjenengané, lan Panjenengané sing ngutus aku.” 30  Mula wong-wong mau mulai ngupaya nangkep Yésus nanging ora ana sing isa, merga pancèn durung wektuné. 31  Senajan ngono, akèh wong saka kumpulan wong-wong kuwi sing nduwé iman marang Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Kristus bakal nduduhké akèh mukjijat wektu dhèwèké teka. Kuwi sing wis ditindakké wong iki, ta?” 32  Wong-wong Farisi krungu akèh wong bisik-bisik bab Yésus, lan para imam kepala uga wong-wong Farisi ngongkon petugas supaya nangkep dhèwèké. 33  Yésus banjur kandha, ”Wektuku bareng karo kowé mung kari sedhéla, sakdurungé aku lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. 34  Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku.” 35  Mula, wong-wong Yahudi padha rembugan dhéwé, ”Wong iki sakjané arep lunga menyang ngendi, kok nganti awaké dhéwé ora isa nemokké dhèwèké? Apa dhèwèké arep lunga menyang panggonané wong-wong Yahudi sing urip ing antarané wong-wong Yunani, banjur mulang wong-wong Yunani kuwi? 36  Apa maksudé wektu dhèwèké kandha, ’Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku’?” 37  Ing dina pungkasan, yaiku dina sing paling penting ing riyaya kuwi, Yésus ngadeg lan kandha nganggo swara seru, ”Nèk ana sing ngelak, maraa marang aku, lan bakal tak wènèhi ngombé. 38  Sapa waé sing nduwé iman marang aku kuwi kaya sing dikandhakké ing ayat iki, ’Saka njero atiné, banyu sing mènèhi urip bakal mili kanthi lubèr.’” 39  Sakjané, Yésus lagi ngomong bab roh suci, sing bakal ditampa karo wong-wong sing nduwé iman marang dhèwèké. Wektu kuwi, roh suci durung diwènèhké merga Yésus durung dimulyakké. 40  Ana wong-wong sing krungu omongan kuwi, banjur padha kandha, ”Dhèwèké mesthi Nabi sing diramalké kuwi.” 41  Sing liyané kandha, ”Dhèwèké kuwi Kristus.” Nanging sing liyané manèh kandha, ”Kristus kan ora teka saka Galiléa, ta? 42  Kitab Suci waé kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud lan asalé saka Bètléhèm, yaiku désa asalé Daud.” 43  Dadi, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda bab Yésus. 44  Ana wong-wong sing péngin nangkep Yésus, nanging ora ana sing isa. 45  Para petugas banjur padha bali marang para imam kepala lan wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi takon marang para petugas mau, ”Ngapa wongé ora kok gawa mréné?” 46  Para petugas kuwi njawab, ”Ora ana wong siji-sijia sing omongané kaya Yésus.” 47  Banjur wong-wong Farisi kandha, ”Apa kowé ya wis padha disesatké wong kuwi? 48  Ora ana pemimpin utawa wong Farisi sing nduwé iman marang dhèwèké, ta? 49  Nanging wong akèh ing kéné iki, sing ora ngerti hukum Taurat, kuwi wong-wong sing kena kutuk.” 50  Banjur Nikodémus, yaiku salah siji saka antarané wong-wong kuwi, sing ndhisik tau marani Yésus, kandha, 51  ”Nèk miturut hukum Taurat, awaké dhéwé kan ora ngadili wong sakdurungé ngrungokké dhisik wong kuwi lan ngerti apa sing ditindakké wong kuwi, ta?” 52  Wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kan dudu wong Galiléa, ta? Tlitinen Kitab Suci, lan kowé bakal ngerti nèk ora bakal ana nabi sing teka saka Galiléa.”*

Katrangan Tambahan

Utawa ”Riyaya Tarub”.
Lit.: ”donya”.
Lit.: ”tulisan-tulisan”.
Maksudé, sekolah kanggo para rabi.
Ayat 53 nganti bab 8 ayat 11 ora disebutké ing sapérangan manuskrip kuno sing isa dipercaya.