Yohanes 4:1-54

  • Yésus lan wong wadon Samaria (1-38)

    • Nyembah Gusti Allah ”nganggo roh lan cocog karo apa sing bener” (23, 24)

  • Akèh wong Samaria nduwé iman marang Yésus (39-42)

  • Yésus marèkké anaké pejabat (43-54)

4  Wektu Yésus* ngerti nèk wong-wong Farisi krungu Yésus mbaptis lan ndadèkké luwih akèh murid ketimbang Yohanes,  (sakjané, dudu Yésus dhéwé sing mbaptis, nanging murid-muridé)  Yésus lunga saka Yudéa lan mangkat menyang Galiléa.  Nanging, dhèwèké kudu ngliwati Samaria.  Yésus akiré tekan ing sawijiné kutha Samaria, sing disebut Sikhar, cedhak tanah sing diwènèhké Yakub marang anaké, yaiku Yusuf.  Ing kono, ana sumuré Yakub. Yésus kesel banget merga perjalanané, mula dhèwèké lungguh ing cedhak sumur* kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.*  Banjur, ana wong wadon Samaria teka kanggo nimba banyu. Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.”  (Wektu kuwi, murid-muridé lagi lunga menyang kutha kanggo tuku panganan.)  Wong wadon kuwi njawab, ”Panjenengan kan wong Yahudi, lan aku wong wadon Samaria. Ngapa panjenengan njaluk ngombé saka aku?” (Wong Yahudi biasané ora srawung karo wong Samaria.) 10  Yésus njawab, ”Nèk kowé ngerti anugrah saka Gusti Allah lan sapa sing kandha marang kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé,’ kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.” 11  Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan kan ora nduwé timba, lan sumur iki jero. Mula saka ngendi panjenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? 12  Yakub, bapak leluhurku wis mènèhi sumur iki. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké uga ngombé saka sumur iki. Panjenengan ora luwih unggul ketimbang dhèwèké, ta?” 13  Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak manèh. 14  Nanging sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké, ora bakal ngelak manèh. Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi kaya sumber banyu ing njero awaké lan ngasilké urip langgeng.” 15  Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, wènèhana aku banyu kuwi, supaya aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.” 16  Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Lungaa, celuken bojomu mréné.” 17  Wong wadon kuwi kandha, ”Aku ora nduwé bojo.” Yésus kandha, ”Omonganmu bener, kowé pancèn ora nduwé bojo. 18  Kowé wis tau nduwé bojo lima, lan wong lanang sing saiki manggon bareng karo kowé kuwi dudu bojomu. Sing kok omongké kuwi pancèn bener.” 19  Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan mesthi nabi. 20  Leluhurku ngibadah ing gunung iki, nanging kowé kabèh kandha nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm.” 21  Yésus kandha, ”Percayaa marang aku, bakal tekan wektuné kowé kabèh ora bakal nyembah Gusti Allah ing gunung iki utawa ing Yérusalèm. 22  Kowé kabèh ora kenal sapa sing kok sembah. Aku kabèh kenal sapa sing padha tak sembah, merga keslametan diwiwiti karo* wong Yahudi. 23  Senajan ngono, wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, para penyembah sing sejati bakal nyembah Bapak nganggo roh lan cocog karo apa sing bener, merga saktenané Bapak nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Panjenengané. 24  Gusti Allah kuwi Roh lan wong sing nyembah Panjenengané kudu nyembah nganggo roh lan cocog karo apa sing bener.” 25  Wong wadon kuwi kandha, ”Aku ngerti nèk Mèsias sing disebut Kristus bakal teka. Nèk wis teka, dhèwèké bakal ngandhani sakabèhé marang aku kabèh.” 26  Yésus kandha, ”Aku iki wongé, sing lagi omongan karo kowé.” 27  Banjur, ing wektu kuwi, murid-muridé teka, lan padha kagèt weruh Yésus omong-omongan karo wong wadon. Nanging, ora ana sing takon marang Yésus kanggo apa lan ngapa dhèwèké omongan karo wong wadon kuwi. 28  Wong wadon kuwi banjur ninggalké genthongé lan mlebu ing kutha kanggo ngandhani wong-wong, 29  ”Ayo, deloken wong sing ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni. Mungkin dhèwèké kuwi Kristus!” 30  Wong-wong kuwi padha metu saka kutha lan mulai marani Yésus. 31  Wektu kuwi, murid-murid ngajak Yésus kanggo mangan, kandhané, ”Rabi, ayo maem.” 32  Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Aku wis nduwé panganan, nanging kowé kabèh ora ngerti kuwi apa.” 33  Murid-murid padha kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ana sing wis nggawakké panganan kanggo dhèwèké?” 34  Yésus kandha, ”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané. 35  Kowé kabèh kandha nèk musim panèn isih kurang patang sasi manèh. Nanging aku kandha marang kowé kabèh: Deloken ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn. 36  Wong sing manèn wis nampa opah lan nglumpukké woh kanggo urip langgeng. Mula sing nyebar lan sing manèn padha bungah bebarengan. 37  Saktenané pancèn bener paribasan sing kandha: Sing siji nyebar lan sing sijiné manèn. 38  Aku ngutus kowé kabèh kanggo manèn apa sing ora kok sebar. Wong-wong liyané wis mempeng nyambut gawé lan kowé kabèh éntuk paédah saka upayané sing mempeng kuwi.” 39  Akèh wong Samaria saka kutha kuwi nduwé iman marang Yésus merga wong wadon kuwi mènèhi kesaksian, ”Dhèwèké ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni.” 40  Mula wektu ketemu Yésus, wong-wong Samaria kuwi nyuwun supaya Yésus manggon bareng wong-wong kuwi, lan Yésus manggon ing kono rong dina suwéné. 41  Hasilé, ana luwih akèh manèh sing percaya merga omongané, 42  lan wong-wong mau kandha marang wong wadon kuwi, ”Saiki aku kabèh percaya dudu mung merga omonganmu waé. Aku kabèh wis padha krungu dhéwé, lan ngerti nèk wong iki sing bakal nylametké donya.” 43  Sakwisé rong dina, Yésus mangkat saka kono menyang Galiléa. 44  Sakjané, Yésus dhéwé wis kandha nèk nabi ora diajèni ing dhaérah asalé. 45  Nanging wektu Yésus tekan Galiléa, wong-wong Galiléa nampa Yésus, merga wektu wong-wong kuwi nekani riyaya ing Yérusalèm, wong-wong kuwi ndelok kabèh sing ditindakké Yésus ing kana. 46  Banjur Yésus teka manèh ing kutha Kana ing Galiléa, yaiku panggonan wektu Yésus nggawé banyu malih dadi anggur. Ing kana, ana pejabat kerajaan sing anaké lanang lagi lara ing Kapernaum. 47  Wektu wong kuwi krungu nèk Yésus teka saka Yudéa menyang Galiléa, wong kuwi nemoni Yésus lan nyuwun supaya Yésus teka kanggo marèkké anaké, merga anaké mèh mati. 48  Nanging Yésus kandha, ”Kowé kabèh ora bakal percaya nèk kowé ora ndelok mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib.” 49  Pejabat kuwi kandha, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.” 50  Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.”* Pejabat kuwi percaya karo omongané Yésus lan dhèwèké lunga. 51  Wektu ana ing dalan arep mulih, budhak-budhaké nemoni dhèwèké kanggo ngandhani nèk anaké wis mari.* 52  Mula pejabat kuwi takon marang budhak-budhaké jam pira anaké dadi séhat. Budhak-budhaké njawab, ”Demamé ilang wingi pas jam siji awan.”* 53  Pejabat kuwi kèlingan nèk pas jam kuwi Yésus kandha marang dhèwèké, ”Anakmu wis mari.” Mula pejabat kuwi lan kabèh keluargané dadi percaya marang Yésus. 54  Kuwi mukjijaté* Yésus sing kapindho sing ditindakké wektu teka saka Yudéa menyang Galiléa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Gusti”.
Utawa ”sumber banyu”.
Lit.: ”jam kaenem”.
Utawa ”asalé saka”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”wis urip”.
Utawa ”wis urip”.
Lit.: ”jam kapitu”.
Lit.: ”tandhané”.