Yohanes 20:1-31

  • Kuburan sing kosong (1-10)

  • Yésus ngétok marang Maria Magdaléna (11-18)

  • Yésus nemoni murid-muridé (19-23)

  • Tomas ragu-ragu  (24-29)

  • Tujuané gulungan iki (30, 31)

20  Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu isih ésuk banget lan isih peteng, Maria Magdaléna teka ing kuburan kuwi lan dhèwèké ndelok nèk watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké.  Banjur dhèwèké mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing ditresnani Yésus, lan dhèwèké kandha, ”Ana sing wis njupuk Gusti saka kuburan, lan aku ora ngerti Gusti didèlèhké ing ngendi.”  Banjur Pétrus lan murid liyané kuwi lunga menyang kuburan.  Murid loro kuwi mlayu bareng, nanging murid sing sijiné mlayuné luwih cepet ketimbang Pétrus lan tekan luwih dhisik ing kuburan.  Wektu mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, dhèwèké ndelok ana kain-kain linen ing kono, nanging dhèwèké ora mlebu ing kuburan kuwi.  Banjur Simon Pétrus teka nyusul dhèwèké lan mlebu ing kuburan kuwi. Pétrus ndelok ana kain-kain linen ing kono.  Kain sing mauné dienggo nutupi sirahé Yésus wis kegulung, nanging ora dadi siji karo kain-kain liyané.  Banjur murid sing teka luwih dhisik uga mlebu ing kuburan. Lan sakwisé ndelok, dhèwèké percaya.  Nanging murid-murid kuwi durung paham ayat ing Kitab Suci sing kandha nèk Yésus bakal urip manèh saka antarané wong mati. 10  Mula murid-murid kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé. 11  Nanging Maria tetep ngadeg ing njaba kuburan kuwi lan nangis. Karo nangis, dhèwèké mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, 12  banjur dhèwèké weruh malaékat loro sing nganggo klambi putih lagi lungguh ing panggonan sing mauné dienggo mapanké Yésus, siji lungguh ing bagéan sirahé, sijiné ing bagéan sikilé. 13  Malaékat kuwi takon, ”Ngapa kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.” 14  Sakwisé ngomongké kuwi, Maria méngo lan ndelok Yésus ngadeg ing kono, nanging dhèwèké ora ngerti nèk kuwi Yésus. 15  Yésus takon marang Maria, ”Ngapa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Merga ngira nèk wong kuwi tukang kebon, Maria njawab, ”Pak, nèk panjenengan sing njupuk mayité, tulung kandhanana aku ing ngendi panjenengan ndèlèhké mayité, lan mengko bakal tak jupuk.” 16  Yésus kandha, ”Maria!” Maria banjur nolèh lan kandha marang Yésus nganggo basa Ibrani, ”Rabuni!” (sing tegesé ”Guru!”) 17  Yésus kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak. Nanging lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.” 18  Maria Magdaléna lunga lan ngandhani murid-murid, ”Aku wis ndelok Gusti!” Banjur dhèwèké nyritakké apa sing wis diomongké Yésus marang dhèwèké. 19  Ing wayah wengi dina kapisan minggu kuwi, murid-murid padha ngumpul lan ngancing lawang-lawangé merga wedi karo wong-wong Yahudi. Banjur Yésus njedhul lan ngadeg ing tengah-tengahé para muridé, terus kandha, ”Muga-muga kowé tentrem rahayu.” 20  Sakwisé ngomong kuwi, Yésus nduduhké tangané lan bagéan igané. Murid-murid seneng banget ndelok Gusti. 21  Yésus kandha manèh, ”Muga-muga kowé padha tentrem rahayu. Kaya Bapak wis ngutus aku, aku uga bakal ngutus kowé.” 22  Sakwisé ngomong kuwi, Yésus nyebulké napas marang murid-muridé lan kandha, ”Tampanana roh suci. 23  Nèk kowé ngapurani dosané wong, wong kuwi diapura. Nèk kowé ora ngapurani dosané wong, wong kuwi ora diapura.” 24  Nanging Tomas sing disebut Kembar, salah siji saka 12 rasul, ora ana karo para murid wektu Yésus teka. 25  Mula murid-murid liyané ngandhani dhèwèké, ”Aku kabèh wis ndelok Gusti!” Nanging Tomas kandha, ”Nèk aku durung ndelok bekas* paku ing tangané lan ndemèk bekas paku kuwi nganggo drijiku, uga nèk aku durung ndemèk bagéan igané, aku ora bakal percaya.” 26  Wolung dina sakwisé kuwi, para murid ngumpul manèh ing njero omah, lan Tomas uga ana ing kono. Senajan lawang-lawangé dikancing, Yésus njedhul lan ngadeg ing tengah-tengahé para murid, banjur kandha, ”Muga-muga kowé padha tentrem rahayu.” 27  Banjur Yésus kandha marang Tomas, ”Demèken tanganku nganggo drijimu, lan demèken bagéan igaku. Aja ragu-ragu manèh, nanging percayaa.” 28  Tomas kandha, ”Gustiku lan Allahku!”* 29  Yésus kandha, ”Apa kowé percaya merga wis ndelok aku? Bungah wong sing percaya senajan ora ndelok.” 30  Wis mesthi, ana akèh manèh mukjijat liyané sing digawé Yésus ing ngarepé murid-muridé, nanging ora ditulis ing gulungan iki. 31  Nanging perkara-perkara iki ditulis supaya kowé percaya nèk Yésus kuwi Kristus, Putrané Gusti Allah, lan merga kowé percaya, kowé isa nampa urip saklawasé liwat jenengé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”tandha”.
Yésus disebut Allah merga dhèwèké kuwi Wakilé Yéhuwah lan omongan makili Yéhuwah.