Yohanes 16:1-33

  • Murid-muridé Yésus mungkin bakal dipatèni (1-4a)

  • Sing ditindakké roh suci (4b-16)

  • Rasa sedhihé para murid bakal malih dadi rasa bungah (17-24)

  • Yésus wis ngalahké donya (25-33)

16  ”Aku ngomongké bab-bab iki marang kowé supaya kowé ora kesandhung.  Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé.* Malah, bakal tekan wektuné, saben wong sing matèni kowé bakal ngira nèk dhèwèké nindakké tugas suci marang Gusti Allah.  Nanging wong-wong kuwi bakal tumindak kaya ngono merga padha ora kenal Bapak lan aku.  Senajan ngono, aku wis ngandhani bab-bab iki marang kowé, supaya wektu kuwi kelakon, kowé bakal éling nèk aku wis ngandhani kowé bab kuwi. ”Mauné aku ora ngandhani kowé bab-bab iki, merga aku isih ana karo kowé.  Saiki aku bakal lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. Nanging ora ana siji-sijia ing antaramu sing takon karo aku, ’Panjenengan arep lunga menyang ngendi?’  Nanging merga aku wis ngandhani kowé bab-bab iki, atimu dadi sedhih banget.  Senajan ngono, aku ngandhani kowé sing saktenané, aku lunga kuwi kanggo kepentinganmu. Merga nèk aku ora lunga, juru tulung* kuwi ora bakal teka marang kowé. Nanging nèk aku lunga, aku bakal ngirim juru tulung kuwi marang kowé.  Wektu kuwi teka, kuwi bakal mènèhi bukti sing kuwat marang donya bab dosa lan bab apa sing bener lan bab pengadilané Gusti Allah.  Sing kapisan yaiku bab dosa, merga wong-wong kuwi ora nduduhké iman marang aku. 10  Banjur bab apa sing bener, merga aku bakal lunga marang Bapak lan kowé ora bakal ndelok aku manèh. 11  Banjur bab pengadilané Gusti Allah, merga panguwasané donya iki wis diadili. 12  ”Isih akèh sing arep tak omongké marang kowé, nanging saiki kowé durung sanggup ngertèni kuwi kabèh. 13  Nanging, wektu dhèwèké* kuwi teka, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener, kuwi bakal mulangké kabèh sing bener marang kowé, merga dhèwèké ora bakal ngomong saka karepé dhéwé. Nanging apa sing dirungokké yakuwi sing bakal diomongké, lan dhèwèké bakal ngandhani kowé bab-bab sing bakal kelakon. 14  Dhèwèké bakal ngluhurké aku, merga dhèwèké bakal ngandhani kowé bab apa sing wis ditampa saka aku. 15  Kabèh sing diduwèni Bapak kuwi uga duwèkku. Kuwi sebabé aku kandha nèk juru tulung kuwi bakal ngandhani kowé bab apa sing wis ditampa saka aku. 16  Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.” 17  Wektu krungu kuwi, para muridé padha takon marang siji lan sijiné, ”Apa maksudé dhèwèké kandha, ’Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku,’ lan, ’merga aku bakal lunga marang Bapak’?” 18  Mula murid-murid kandha, ”Apa maksudé wektu dhèwèké kandha, ’sedhéla manèh’? Awaké dhéwé ora ngerti maksud omongané.” 19  Yésus ngerti nèk murid-murid péngin takon marang dhèwèké. Mula Yésus kandha, ”Apa kowé padha takon marang siji lan sijiné merga aku kandha, ’Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku’? 20  Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal nangis lan susah banget, nanging donya iki bakal bungah. Kowé bakal sedhih banget, nanging rasa sedhihmu bakal malih dadi rasa bungah. 21  Wektu wong wadon wis wayahé nglairké, dhèwèké kelaran.* Nanging sakwisé nglairké anaké, dhèwèké ora éling manèh karo kasusahané. Dhèwèké bungah merga ana manungsa sing wis dilairké ing donya. 22  Semono uga kowé, saiki kowé sedhih, nanging aku bakal ketemu kowé manèh, lan atimu bakal bungah, lan ora ana sing isa ngrampas rasa bungahmu. 23  Ing dina kuwi, kowé ora bakal takon apa-apa manèh marang aku. Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé nyuwun apa waé marang Bapak nganggo jenengku, Panjenengané bakal maringké kuwi marang kowé. 24  Nganti saiki kowé durung nyuwun apa-apa nganggo jenengku. Nyuwuna lan kowé bakal nampa, supaya kowé bener-bener bungah. 25  ”Aku ngomongké iki kabèh marang kowé nganggo umpama. Bakal tekan wektuné aku ora bakal ngomong manèh marang kowé nganggo umpama, nanging aku bakal terus terang ngandhani kowé bab Bapak. 26  Ing dina kuwi, kowé bakal nyuwun marang Bapak nganggo jenengku. Nanging dudu tegesé aku sing bakal nyuwunké kuwi kanggo kowé. 27  Bapak dhéwé nresnani kowé, merga kowé wis nresnani aku lan percaya nèk aku teka dadi wakilé Gusti Allah. 28  Aku teka dadi wakilé Bapak lan wis teka ing donya. Saiki aku arep ninggalké donya lan bali marang Bapak.” 29  Murid-muridé kandha, ”Saiki panjenengan ngomong terus terang lan ora nganggo umpama. 30  Saiki aku ngerti nèk panjenengan kuwi ngerti sakabèhé, lan wong ora perlu takon manèh marang panjenengan merga panjenengan wis ngerti apa sing dipikirké wong kuwi. Kuwi sebabé aku kabèh percaya nèk panjenengan kuwi asalé saka Gusti Allah.” 31  Yésus njawab, ”Apa saiki kowé percaya tenan? 32  Wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, kowé kabèh bakal mencar menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan kowé bakal ninggalké aku dhèwèkan. Nanging aku ora dhèwèkan, merga Bapak ana bareng karo aku. 33  Aku wis ngomongké kabèh iki marang kowé supaya kowé nduwé katentreman merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panglipur”.
Tembung ”dhèwèké” ing ayat 13 lan 14 iki maksudé ”juru tulung” sing disebutké sakdurungé ing ayat 7. Yésus nggunakké tembung ”juru tulung” kanggo mbandhingké roh suci kaya wong, nanging roh suci kuwi tenaga.
Lit.: ”sedhih”.