Yohanes 1:1-51

  • Sabda dadi manungsa (1-18)

  • Kesaksiané Yohanes Pembaptis (19-28)

  • Yésus, Cempéné Gusti Allah (29-34)

  • Murid-muridé Yésus sing kapisan (35-42)

  • Filipus lan Natanaèl (43-51)

1  Ing wiwitané, Sabda kuwi ana. Sabda kuwi bebarengan karo Gusti Allah, lan Sabda kuwi sawijiné allah.*  Dhèwèké bebarengan karo Gusti Allah saka wiwitan.  Kabèh perkara dadi ana liwat dhèwèké, lan ora ana siji-sijia perkara dadi ana tanpa liwat dhèwèké  Urip dadi ana liwat dhèwèké, lan urip kuwi pepadhang kanggo manungsa.  Pepadhang kuwi sumunar ana ing pepeteng, nanging pepeteng ora isa matèni pepadhang kuwi.  Ana wong sing diutus dadi wakilé Gusti Allah. Jenengé Yohanes.  Wong iki teka dadi seksi kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi, supaya liwat omongané, kabèh wong isa percaya.  Dhèwèké dudu pepadhang kuwi, nanging dhèwèké teka kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi.  Pepadhang sejati sing madhangi kabèh wong, sedhéla manèh bakal teka ing donya. 10  Dhèwèké wis tau ing donya, lan donya dadi ana liwat dhèwèké, nanging donya ora kenal dhèwèké. 11  Dhèwèké teka menyang dhaérah asalé, nanging wong-wong saka bangsané ora nampa dhèwèké. 12  Senajan ngono, dhèwèké mènèhi kesempatan marang kabèh wong sing nampa dhèwèké kanggo dadi anak-anaké Gusti Allah, merga wong-wong kuwi nduwé iman marang asmané. 13  Wong-wong kuwi ora lair saka getih utawa daging, utawa merga kekarepané sawijiné bapak manungsa, nanging wong-wong kuwi lair saka Gusti Allah. 14  Sabda kuwi dadi manungsa lan manggon ing antarané kita. Kita wis weruh kamulyané, yaiku kamulyan kaya sing ditampa putra siji-sijiné saka bapaké. Dhèwèké kebak welas asihé Gusti Allah sing nggumunké lan apa sing bener. 15  (Yohanes mènèhi kesaksian bab dhèwèké, lan kandha nganggo swara seru, ”Iki wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’”) 16  Kita kabèh wis nampa kanthi lubèr welas asih sing nggumunké, merga dhèwèké kebak welas asih kuwi. 17  Taurat wis diwènèhké liwat Musa, nanging welas asih sing nggumunké lan apa sing bener dadi nyata liwat Yésus Kristus. 18  Ora ana wong siji-sijia sing tau ndelok Gusti Allah. Nanging putra siji-sijiné, yaiku sawijiné allah sing ana ing sisihé Bapak,* yakuwi sing nerangké bab Gusti Allah. 19  Iki kesaksian sing Yohanes wènèhké wektu wong-wong Yahudi ngutus para imam lan wong-wong Lèwi saka Yérusalèm kanggo takon marang dhèwèké, ”Kowé kuwi sapa?” 20  Dhèwèké ngakoni lan njawab kanthi blaka, ”Aku dudu Kristus.” 21  Wong-wong kuwi takon, ”Terus, kowé sapa? Apa kowé Élia?” Dhèwèké njawab, ”Dudu.” ”Kowé Nabi sing bakal teka?” Dhèwèké njawab, ”Dudu!” 22  Mula wong-wong kuwi kandha, ”Dadi kowé kuwi sapa? Aku kabèh kudu mènèhi jawaban marang wong-wong sing ngutus aku. Terangna kowé kuwi sapa.” 23  Dhèwèké njawab, ”Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, ’Lurusna dalan-dalan kanggo Yéhuwah,’ kaya sing dikandhakké Nabi Yésaya.” 24  Wong-wong kuwi diutus wong-wong Farisi. 25  Mula, wong-wong kuwi nakoni Yohanes lan kandha, ”Nèk kowé dudu Kristus utawa Élia utawa Nabi sing bakal teka, ngapa kowé mbaptis wong-wong?” 26  Yohanes njawab, ”Aku mbaptis nganggo banyu. Nanging ing antaramu, ana wong sing ora kok kenal, 27  sing bakal teka sakwisé aku. Malah nyopot tali sandhalé waé aku ora pantes.” 28  Kabèh perkara kuwi kelakon ing Bétani ing sebrangé Kali Yordan, yaiku panggonané Yohanes mbaptis wong-wong. 29  Ing dina sakbanjuré, wektu weruh Yésus teka, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah, sing ngilangi dosané donya! 30  Dhèwèké kuwi wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’ 31  Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging aku mbaptis nganggo banyu supaya Israèl isa ngerti bab dhèwèké.” 32  Yohanes uga mènèhi kesaksian, ”Aku weruh roh suci sing kaya manuk dara, mudhun saka langit, lan tetep ana ing ndhuwuré wong kuwi. 33  Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging Gusti Allah sing ngutus aku kanggo mbaptis nganggo banyu ngendika, ’Nèk kowé weruh roh suci mudhun lan tetep ana ing ndhuwuré sawijiné wong, yakuwi wong sing mbaptis nganggo roh suci.’ 34  Aku wis ndelok dhéwé lan aku wis mènèhi kesaksian nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah.” 35  Ing dina sakbanjuré, Yohanes lagi ngadeg bareng karo muridé loro, 36  lan wektu weruh Yésus mlaku, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah!” 37  Wektu krungu kuwi, muridé Yohanes sing cacahé loro mau banjur ngetutké Yésus. 38  Yésus banjur nolèh, lan merga weruh wong loro kuwi ngetutké dhèwèké, Yésus takon, ”Kowé arep ngapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Rabi (nèk diterjemahké, tegesé, ”Guru”), panjenengan manggon ing ngendi?” 39  Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin ngerti, ayo mèlu aku.” Wong loro kuwi banjur mèlu Yésus lan weruh ing ngendi Yésus manggon. Wektu kuwi kira-kira jam papat soré,* lan wong-wong kuwi terus bareng karo Yésus ing dina kuwi. 40  Andréas, yaiku seduluré Simon Pétrus, kuwi salah siji saka wong loro sing ngrungokké kandhané Yohanes mau lan ngetutké Yésus. 41  Andréas langsung nggolèki Simon seduluré, lan kandha marang dhèwèké, ”Aku wis ketemu Mèsias” (nèk diterjemahké, tegesé, ”Kristus”). 42  Andréas banjur ngajak Simon marani Yésus. Wektu weruh Simon, Yésus kandha, ”Kowé Simon, anaké Yohanes. Kowé bakal disebut Kéfas” (nèk diterjemahké, tegesé, ”Pétrus”). 43  Ing dina sakbanjuré, Yésus péngin lunga menyang Galiléa. Yésus banjur ketemu karo Filipus lan kandha, ”Dadia muridku.” 44  Filipus asalé saka Bètsaida, kutha asalé Andréas lan Pétrus. 45  Filipus ketemu karo Natanaèl lan kandha, ”Aku wis ketemu karo wong sing dikandhakké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi. Dhèwèké kuwi Yésus, anaké Yusuf, saka Nazarèt.” 46  Nanging Natanaèl kandha marang Filipus, ”Apa ana bab sing apik teka saka Nazarèt?” Filipus kandha, ”Ayo deloken dhéwé.” 47  Wektu Yésus weruh Natanaèl mlaku marani Yésus, Yésus kandha bab Natanaèl, ”Deloken, dhèwèké kuwi wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.” 48  Natanaèl kandha, ”Piyé carané panjenengan isa kenal aku?” Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus nyeluk kowé, wektu kowé ana ing ngisor wit ara, aku wis ndelok kowé.” 49  Natanaèl kandha, ”Rabi, panjenengan Putrané Gusti Allah. Panjenengan Raja Israèl.” 50  Yésus kandha, ”Kowé percaya merga aku kandha nèk aku ndelok kowé ing ngisor wit ara? Kowé bakal ndelok bab-bab sing luwih nggumunké manèh.” 51  Yésus neruské omongané, ”Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal ndelok langit kebukak lan malaékat-malaékaté Gusti Allah munggah lan mudhun marang Putrané manungsa.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”pribadi ilahi”.
Utawa ”ing dhadhané Bapak”. Maksudé, panggonan istiméwa sing nduduhké hubungan sing akrab.
Lit.: ”jam kasepuluh”.