Yakobus 2:1-26

  • Sikap pilih kasih kuwi dosa (1-13)

    • Katresnan kuwi hukum raja (8)

  • Iman tanpa tumindak kuwi mati (14-26)

    • Roh-roh jahat uga percaya lan wedi (19)

    • Abraham disebut sahabaté Yéhuwah (23)

2  Sedulur-sedulurku, kok isa kowé nduwé iman marang Gusti kita sing mulya, Yésus Kristus, nanging uga nduduhké sikap pilih kasih?  Saumpama ana wong sing nganggo cincin-cincin emas lan klambi méwah teka ing pakumpulan ibadahmu, lan wong miskin sing klambiné reged uga teka,  apa kowé luwih ngajèni wong sing nganggo klambi méwah lan kandha, ”Lungguha ing kéné, ing panggonan sing paling apik,” banjur kandha marang wong sing miskin, ”Ngadega waé” utawa, ”Lungguha ing kana, ing cedhak ancik-anciké sikilku”?  Nèk kaya ngono, kuwi tegesé kowé mbédak-mbédakké wong lan dadi hakim sing nggawé keputusan sing jahat, ta?  Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, rungokna. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep miskin karo donya iki supaya dadi sugih ing bab iman, ta? Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kratoné, sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Panjenengané.  Nanging kowé malah ngrèmèhké wong miskin. Apa ora malah wong sugih sing nindhes lan nyèrèd kowé menyang pengadilan?  Wong-wong sugih kuwi ngrèmèhké jeneng sing apik sing diwènèhké marang kowé, ta?  Nèk kowé nindakké hukum raja miturut ayat sing kandha, ”Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé,” kowé nindakké apa sing apik.  Nanging nèk kowé kabèh terus nduduhké sikap pilih kasih, kowé kabèh nindakké dosa lan kebukti salah miturut hukum kuwi. 10  Nèk ana wong sing manut karo kabèh hukum Taurat nanging nglanggar salah siji hukum, wong kuwi nglanggar kabèh hukum Taurat. 11  Gusti Allah ngendika, ”Aja laku jina”, Panjenengané uga ngendika, ”Aja matèni.” Dadi, nèk kowé ora laku jina, nanging kowé matèni, kowé nglanggar hukum. 12  Merga kowé bakal diadili miturut hukum kanggo wong merdéka,* mula terusa ngomong lan tumindak miturut hukum kuwi. 13  Wong sing ora nduduhké welas asih bakal diadili tanpa welas asih. Welas asih luwih unggul ketimbang pengadilan. 14  Sedulur-sedulurku, nèk ana wong sing ngaku nduwé iman nanging ora nduduhké kuwi liwat tumindaké, apa gunané? Imané kuwi ora isa nylametké dhèwèké, ta? 15  Nèk ana sedulur-sedulur lanang utawa wadon sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16  banjur kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Lungaa, lan aja kuwatir. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” nanging kowé ora mènèhi wong-wong kuwi apa sing dadi kebutuhané badané, apa gunané? 17  Iman kuwi ya kaya ngono. Tanpa tumindak, iman kuwi mati. 18  Nanging, mungkin ana wong sing bakal kandha, ”Kowé nduwé iman, aku nduwé tumindak. Duduhna imanmu tanpa tumindak, lan aku bakal nduduhké imanku marang kowé liwat tumindakku.” 19  Kowé percaya nèk Gusti Allah mung siji, ta? Kuwi apik. Nanging, roh-roh jahat uga percaya lan wedi* marang Panjenengané. 20  Nanging kowé, wong sing bodho, apa kowé perlu bukti nèk iman tanpa tumindak kuwi ora ana gunané? 21  Abraham bapak kita kan dianggep bener merga tumindaké, ta? Ya, dhèwèké dianggep bener sakwisé mènèhké Ishak anaké dadi persembahan ing mésbah. 22  Dadi, cetha nèk imané Abraham kétok saka tumindaké, lan imané dadi sampurna merga tumindaké. 23  Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.” Dhèwèké uga disebut sahabaté Yéhuwah. 24  Dadi saiki kowé ngerti nèk wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané. 25  Semono uga Rahab pelacur kuwi. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis nampa para utusan kanthi ramah lan mbantu para utusan kuwi lunga liwat dalan liya. 26  Badan tanpa roh* kuwi mati, semono uga iman tanpa tumindak kuwi mati.

Katrangan Tambahan

Utawa ”wong liya”.
Lit.: ”hukum kemerdékaan”.
Utawa ”ndhredheg”.
Utawa ”napas”.