Wahyu 16:1-21

  • Pitung mangkok murkané Gusti Allah (1-21)

    • Disokké menyang bumi (2), laut (3), kali lan sumber-sumber banyu (4-7), srengéngé (8, 9), tahtané kéwan buas (10, 11), Kali Éfrat (12-16), lan udara (17-21)

    • Perangé Gusti Allah ing Armagédon (14, 16)

16  Banjur aku krungu swara seru saka panggonan suci* kuwi ngongkon malaékat pitu kuwi, ”Lungaa lan esokna murkané Gusti Allah sing ana ing pitung mangkok kuwi menyang bumi.”  Malaékat sing kapisan lunga lan ngesokké mangkoké menyang bumi. Banjur wong sing nduwé tandha kéwan buas kuwi lan sing nyembah patungé padha kena bisul sing lara banget lan mbebayani.  Malaékat sing kapindho ngesokké mangkoké menyang laut. Lan laut dadi getih, kaya getihé wong sing dipatèni. Kabèh makhluk sing urip,* sing ana ing laut, padha mati.  Malaékat sing katelu ngesokké mangkoké menyang kali lan sumber-sumber banyu. Banjur kuwi kabèh dadi getih.  Aku krungu malaékat sing nduwé kuwasa marang banyu kuwi kandha, ”Panjenengan Gusti Allah sing setya, sing mbiyèn ana, lan sing terus ana. Panjenengan adil merga wis nindakké pengadilan kuwi.  Wong-wong kuwi wis ngwutahké getihé para wong suci lan para nabi, kuwi sebabé Panjenengan nggawé wong-wong kuwi ngombé getih. Kuwi pantes ditampa wong-wong kuwi.”  Banjur aku krungu swara saka mésbah kuwi kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, pengadilan-pengadilan* sing Panjenengan tindakké kuwi bener lan adil.”  Malaékat sing kapapat ngesokké mangkoké menyang srengéngé. Lan srengéngé diijinké kanggo ngobong manungsa.  Manungsa banjur padha gosong merga saking panasé. Wong-wong kuwi ora mertobat, nanging malah ngrèmèhké asmané Gusti Allah, lan ora ngluhurké Gusti Allah sing nduwé kuwasa kanggo nyebabké bencana-bencana mau. 10  Malaékat sing kalima ngesokké mangkoké menyang tahtané kéwan buas kuwi. Banjur kratoné kéwan buas kuwi dadi peteng, lan wong-wong padha nggeget ilaté merga saking larané. 11  Nanging wong-wong kuwi ora mertobat saka tumindaké sing ala. Wong-wong kuwi malah padha ngrèmèhké Gusti Allah sing nduwé kuwasa tumrap swarga merga rasa lara lan merga saka bisulé mau. 12  Malaékat sing kaenem ngesokké mangkoké menyang kali sing gedhé, yaiku Éfrat. Terus banyuné dadi asat, mula raja-raja saka wétan* isa liwat ing kali kuwi. 13  Banjur aku weruh naga, kéwan buas, lan nabi palsu sing padha ngetokké omongan sing najis* saka cangkemé. Telung omongan sing najis kuwi kétok kaya kodhok. 14  Sakjané, kuwi kabèh omongan sing asalé saka roh-roh jahat lan dirungokké karo kabèh raja ing bumi. Omongan-omongan kuwi nggawé akèh mukjijat supaya raja-raja kuwi padha ngumpul ing perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa. 15  Banjur ana swara, ”Waspadaa! Aku bakal teka kaya maling. Bungah wong sing tetep waspada lan ora ana sing njupuk klambi njabané, supaya wong-wong ora ndelok dhèwèké wuda, banjur dhèwèké kisinan.” 16  Raja-raja kuwi banjur diklumpukké ing panggonan sing disebut Armagédon* ing basa Ibrani. 17  Malaékat sing kapitu ngesokké mangkoké ing udara. Banjur ana swara sing seru saka panggonan suci,* saka tahta kuwi, sing kandha, ”Wis rampung!” 18  Banjur ana kilat, swara-swara, gludhug, lan gempa bumi sing gedhé lan hébat banget, sing durung tau kelakon wiwit manungsa ana ing bumi. 19  Kutha gedhé kuwi pecah dadi telu, lan kutha-kutha ing kabèh negara dadi sirna. Banjur Gusti Allah ngéling-éling Babilon Gedhé, kanggo nggawé dhèwèké ngombé anggur murkané sing hébat banget. 20  Kabèh pulau padha ilang lan gunung-gunung padha sirna. 21  Banjur saka langit ana udan ès sing nibani wong-wong. Saben prongkolan ès sing tiba aboté kira-kira 20 kilogram.* Lan wong-wong padha ngrèmèhké Gusti Allah merga bencana udan ès sing medèni banget kuwi.

Katrangan Tambahan

Maksudé, Papan Mahasuci.
Utawa ”jiwa sing urip”.
Utawa ”keputusan pengadilan”.
Utawa ”saka arah mlethèké srengéngé”.
Lit.: ”roh sing najis”.
Yunani: Har Magedon, saka tembung Ibrani sing tegesé ”Gunung Mègido”.
Maksudé, Papan Mahasuci.
Lit.: ”sak talènta”. 1 talènta Yunani = 20,4 kg.