Roma 4:1-25

  • Abraham dianggep bener merga nduwé iman (1-12)

    • Abraham, bapaké kabèh wong sing nduwé iman (11)

  • Nampa janji merga nduwé iman (13-25)

4  Nèk ngono, Abraham, yaiku bapak leluhur kita, éntuk apa?  Nèk Abraham dianggep bener merga tumindaké, dhèwèké nduwé alesan kanggo bangga. Nanging ing ngarsané Gusti Allah, dhèwèké ora nduwé alesan kanggo bangga.  Ana ayat sing kandha, ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.”  Nèk wong sing nyambut gawé diwènèhi bayaran, kuwi dudu merga majikané apikan, nanging merga wong kuwi pancèn pantes nampa bayaran.  Nanging miturut Gusti Allah, nèk wong nduwé iman lan ora ngendelké tumindaké dhéwé, wong kuwi dianggep bener merga imané, senajan dhèwèké kuwi wong dosa.  Daud uga ngomongké bab kabungahané wong sing dianggep bener karo Gusti Allah senajan tumindaké ora padha persis karo hukum. Daud kandha,  ”Bungah wong sing kesalahané diapura lan dosané dibusak.*  Bungah wong sing dosané babar blas ora diéling-éling Yéhuwah.”  Apa kabungahan kuwi mung kanggo wong sing disunat utawa uga kanggo wong sing ora disunat? Kaya sing wis dikandhakké sakdurungé, ”Merga nduwé iman, Abraham dianggep bener.” 10  Kapan Gusti Allah nganggep Abraham bener? Sakwisé Abraham disunat utawa sakdurungé? Sakjané Abraham durung disunat wektu Gusti Allah nganggep dhèwèké bener. 11  Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké disunat lan iki dadi tandha* kanggo nduduhké nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora disunat, lan kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah. 12  Dadi, Abraham, bapak kita, ora mung bapaké kabèh wong sing disunat, nanging uga bapaké kabèh wong sing bener-bener niru imané, yaiku iman sing diduwèni wektu Abraham durung disunat. 13  Abraham utawa keturunané* nampa janji nèk dhèwèké bakal éntuk warisan sawijiné donya,* merga dhèwèké nduwé iman lan dianggep bener, dudu merga nindakké hukum. 14  Nèk sing éntuk warisan kuwi wong sing nindakké hukum, iman dadi tanpa guna lan janji kuwi dadi ora ana artiné. 15  Nyatané, hukum Taurat ngasilké murkané Gusti Allah, nanging nèk ora ana hukum, ora ana sing dilanggar. 16  Dadi merga iman, miturut welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* kabèh keturunané* Abraham mesthi bakal nampa janji kuwi, ora mung wong sing nindakké Hukum Musa nanging uga wong sing nduwé iman kaya Abraham, bapak kita kabèh. 17  (Iki cocog karo ayat sing isiné, ”Aku wis ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa.”) Janjiné Gusti Allah mesthi kelakon, lan Abraham nduwé iman marang Gusti Allah, merga Gusti Allah nguripké manèh wong mati lan ngendika bab perkara-perkara sing durung kelakon, kaya-kayané kuwi wis kelakon.* 18  Senajan kétoké ora mungkin, nanging Abraham ngarep-arep lan nduwé iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa. Dhèwèké percaya karo omongan, ”Semono akèhé bakalé keturunanmu* sukmbèn.” 19  Imané ora dadi kendho, senajan dhèwèké mikir nèk ora isa nduwé anak merga umuré kira-kira wis 100 taun lan bojoné yaiku Sara mandhul. 20  Dhèwèké nduwé iman marang janjiné Gusti Allah, mula dhèwèké babar blas ora ragu. Imané dadi saya kuwat, mula dhèwèké ngluhurké Gusti Allah 21  lan bener-bener yakin nèk Gusti Allah mesthi sanggup nindakké kabèh janjiné. 22  Kuwi sebabé, ”dhèwèké dianggep bener”. 23  Sakjané, tembung ”dhèwèké dianggep bener” kuwi ditulis ora mung kanggo dhèwèké waé, 24  nanging uga kanggo kita. Kita bakal dianggep bener merga kita percaya marang Gusti Allah, sing wis nguripké Yésus, Gusti kita, saka antarané wong mati. 25  Gusti Allah ngejarké Yésus dipatèni kanggo dosa-dosa kita, lan Gusti Allah nguripké manèh Yésus supaya kita isa dianggep bener.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ditutup”.
Utawa ”meterai; jaminan”.
Lit.: ”winihé”.
Utawa ”donya anyar”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”winihé”.
Utawa mungkin ”lan nggawé bab-bab sing ora ana dadi ana”.
Lit.: ”winihmu”.