Roma 1:1-32

  • Salam (1-7)

  • Paulus péngin mara menyang Roma (8-15)

  • Wong sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman (16, 17)

  • Wong-wong sing ora manut ora isa alesan manèh (18-32)

    • Sipat-sipaté Gusti Allah isa dipahami saka perkara-perkara sing digawé (20)

1  Surat saka Paulus, budhaké Kristus Yésus sing dipilih kanggo dadi rasul, lan dipisahké kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah,  sing wis dijanjèkké Panjenengané ing Kitab Suci liwat nabi-nabiné,  yaiku bab Putrané sing lair dadi manungsa saka keturunané* Daud.  Liwat kuwasané roh suci, Putra diuripké manèh saka antarané wong mati, lan kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké Putrané Gusti Allah. Dhèwèké kuwi Yésus Kristus, Gusti kita.  Liwat dhèwèké, aku* nampa welas asih sing nggumunké* lan didadèkké rasul, supaya kabèh bangsa isa nduwé iman lan manut marang dhèwèké kanggo ngluhurké jenengé.  Kowé klebu ing antarané bangsa-bangsa kuwi, lan Gusti Allah uga milih kowé kanggo dadi duwèké Yésus Kristus.  Surat iki kanggo kabèh wong ing Roma sing ditresnani Gusti Allah, sing dipilih kanggo dadi wong-wong suci. Muga-muga kowé padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.  Sing kapisan, nganggo jenengé Yésus Kristus, aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga imanmu, sebab wong-wong ing ngendi-endi padha ngomongké bab imanmu.  Aku saktulusé ati nindakké tugas suci marang Gusti Allah, nganggo cara martakké kabar apik bab Putrané. Gusti Allah ngerti tenan nèk aku terus nyebutké kowé ing donga-dongaku. 10  Aku nyuwun supaya aku nduwé kesempatan kanggo marani kowé, nèk pancèn kuwi kersané Gusti Allah. 11  Aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya aku isa ngedum berkah saka Gusti Allah kanggo nguwatké kowé. 12  Maksudku, supaya kita isa padha nguwatké siji lan sijiné. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku. 13  Sedulur-sedulur, aku péngin kowé kabèh padha ngerti nèk aku wis bola-bali péngin marani kowé, nanging mesthi ana alangan. Aku arep mara merga péngin éntuk hasil sing apik saka gawéan nginjilku ing antaramu, kaya sing wis tak tindakké ing antarané bangsa-bangsa. 14  Aku nduwé kewajiban* marang wong Yunani lan wong asing,* marang wong sing sekolahé dhuwur lan sing ora. 15  Mula aku uga péngin banget martakké kabar apik marang kowé kabèh ing Roma. 16  Aku ora isin martakké kabar apik kuwi, merga kuwi bukti kuwasané Gusti Allah kanggo nylametké kabèh wong sing nduwé iman, sing wiwitan kanggo wong Yahudi, banjur kanggo wong Yunani. 17  Liwat kabar apik kuwi, wong-wong sing nduwé iman isa ndelok nèk Gusti Allah kuwi bener,* lan wong-wong kuwi saya dikuwatké imané, padha kaya ayat sing kandha, ”Merga nduwé iman, wong sing bener bakal tetep urip.” 18  Murkané Gusti Allah diduduhké saka swarga marang wong-wong sing ora manut marang Panjenengané lan wong-wong sing ora bener, sing ngalang-alangi wong-wong liya supaya ora ngerti apa sing bener. 19  Wong-wong kuwi kuduné ngerti bab Gusti Allah, merga Gusti Allah wis maringi bukti sing nyata. 20  Wiwit donya iki digawé, manungsa isa ndelok kanthi cetha sipat-sipaté Gusti Allah sing ora kétok, yaiku kuwasané sing langgeng lan nèk Panjenengané bener-bener Gusti Allah, merga sipat-sipat kuwi isa dipahami saka perkara-perkara sing digawé. Mula, wong-wong kuwi ora isa alesan manèh. 21  Senajan ngerti bab Gusti Allah, wong-wong kuwi ora ngluhurké utawa ngucap sokur marang Panjenengané. Pikirané wong-wong kuwi ora ana gunané, lan atiné sing ora tanggap dadi peteng. 22  Senajan ngakuné wicaksana, wong-wong kuwi sakjané bodho. 23  Wong-wong kuwi ora ngluhurké Gusti Allah sing ana saklawasé,* nanging malah ngluhurké patung-patung sing wujudé kaya manungsa sing isa mati, kaya manuk, kaya kéwan sikil papat, lan kaya kéwan sing nggremet* ing bumi. 24  Mula, merga wong-wong kuwi péngin nindakké pepénginané dhéwé, Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing najis lan sing ngisin-isinké badané wong-wong kuwi dhéwé. 25  Wong-wong kuwi milih kanggo percaya marang apus-apus ketimbang marang apa sing bener bab Gusti Allah. Wong-wong kuwi nyembah lan ngabdi marang apa sing digawé Gusti Allah, lan ora ngabdi marang Sing Nggawé, sing kuduné diluhurké saklawasé. Amin. 26  Kuwi sebabé Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni. Sing wadon nindakké hubungan sing ora lumrah, 27  lan sing lanang ora nindakké hubungan karo wong wadon kaya saklumrahé, nanging ngumbar nafsuné marang wong sing padha-padha lanangé. Tumindaké wong-wong kuwi njijiki, mula wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman* sing boboté padha karo kesalahané. 28  Merga wong-wong kuwi ora ngakoni Gusti Allah,* Gusti Allah ngejarké pikirané wong-wong kuwi dadi rusak, mula wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing ora patut. 29  Wong-wong kuwi kebak karo apa sing ora bener, kejahatan, sipat srakah,* lan bab-bab sing ala. Wong-wong kuwi seneng iri, matèni, padu, ngapusi, lan nduwé niat jahat, uga seneng ngrasani,* 30  ngèlèk-èlèk wong, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, sombong, seneng umuk, nggawé rencana jahat, ora manut karo wong tuwa, 31  ora nduwé pangertèn, mblénjani janji, ora nduwé katresnan marang anggota keluarga, lan ora nduwé welas asih. 32  Senajan wong-wong kuwi ngerti tenan nèk miturut hukumé Gusti Allah sing adil, wong-wong sing nindakké perkara-perkara mau pantes mati, nanging wong-wong kuwi tetep nindakké kuwi, lan malah setuju karo wong-wong sing terus nindakké kuwi.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”winihé”.
Lit.: ”aku kabèh”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”utang”.
Utawa ”wong sing dudu Yunani”. Lit.: ”wong Barbar”.
Utawa ”ndelok apa sing bener miturut Gusti Allah”.
Utawa ”sing ora isa mati”.
Utawa ”rèptil”.
Utawa ”piwales”.
Utawa ”ora gelem ngerti kaya apa Gusti Allah saktenané”.
Utawa ”pepénginan marang duwèké wong liya”.
Utawa ”seneng nggosip”.