Matius 8:1-34

  • Wong lara kusta dimarèkké (1-4)

  • Imané perwira (5-13)

  • Yésus marèkké akèh wong ing Kapernaum (14-17)

  • Carané mèlu Yésus (18-22)

  • Yésus nggawé angin gedhé mandheg (23-27)

  • Yésus mréntahké roh-roh jahat mlebu ing babi (28-34)

8  Sakwisé Yésus mudhun saka gunung, ana kumpulan wong sing ngetutké dhèwèké.  Terus ana wong sing lara kusta marani Yésus lan sujud, banjur kandha, ”Gusti, nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”*  Mula Yésus ngulungké tangané lan ndemèk wong kuwi, lan kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.”* Ing wektu kuwi uga, lara kustané langsung mari.  Banjur, Yésus kandha marang wong kuwi, ”Aja kandha sapa-sapa. Nanging lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa, kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”  Wektu Yésus mlebu ing Kapernaum, ana perwira sing mara lan nyuwun marang Yésus,  ”Pak, pembantuku lumpuh ing omah lan ora isa tangi, dhèwèké sengsara banget.”  Yésus kandha marang perwira mau, ”Iya, aku tak mrana kanggo marèkké dhèwèké.”  Perwira kuwi njawab, ”Pak, aku ora pantes nampa panjenengan ing omahku. Panjenengan cukup ngendika sak tembung waé lan pembantuku mesthi bakal mari.  Merga aku iki ya nduwé pimpinan, lan aku uga nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku kandha marang salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku kandha marang prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Lan nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 10  Wektu krungu kuwi, Yésus nggumun lan kandha marang wong-wong sing ngetutké dhèwèké, ”Tak kandhani sing saktenané, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki. 11  Aku ngandhani kowé nèk akèh wong saka wétan lan kulon bakal teka, terus lungguh lan mangan bareng karo Abraham, Ishak, lan Yakub ing Kraton swarga, 12  nanging wong-wong sing kuduné mlebu ing Kraton swarga* bakal diuncalké menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.”* 13  Banjur Yésus kandha marang perwira kuwi, ”Balia. Merga kowé nduwé iman, kuwi bakal kelakon.” Lan ing wektu kuwi uga, pembantuné mari. 14  Wektu Yésus tekan ing omahé Pétrus, Yésus ndelok ibu maratuwané Pétrus turon ing ambèn lagi demam. 15  Banjur Yésus ndemèk tangané, lan larané mari. Terus wong wadon kuwi tangi lan ngladèni Yésus. 16  Wenginé, akèh wong sing kesurupan roh-roh jahat padha digawa marang Yésus. Lan Yésus ngusir roh-roh kuwi mung nganggo sak tembung waé. Yésus uga marèkké kabèh sing lara, 17  supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat Nabi Yésaya yaiku, ”Dhèwèké nyingkirké penyakit kita lan nanggung kasangsaran kita.” 18  Wektu Yésus nyawang kumpulan wong ing sakcedhaké, Yésus ngajak murid-muridé lunga ing sebrang. 19  Banjur ana salah siji ahli Taurat sing marani Yésus lan kandha, ”Guru, aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” 20  Nanging Yésus kandha marang dhèwèké, ”Rubah* nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.”* 21  Banjur ana murid liyané sing kandha marang Yésus, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” 22  Yésus njawab, ”Terusa mèlu aku, lan ejarna wong mati ngubur wong mati.” 23  Wektu Yésus numpak prau, murid-muridé padha mèlu. 24  Ujug-ujug ana angin gedhé ing laut, prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Nanging wektu kuwi Yésus lagi turu. 25  Terus murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati!” 26  Nanging Yésus njawab, ”Apa sebabé kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.” Yésus banjur ngadeg, lan nggetak angin lan laut. Banjur kahanané dadi tenang. 27  Wong-wong kuwi nggumun lan kandha, ”Sapa sakjané wong iki? Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.” 28  Wektu Yésus tekan ing sebrang, ing dhaérah wong Gadara, ana wong lanang loro sing kesurupan roh jahat teka saka kuburan lan marani Yésus. Wong-wong kuwi mbebayani banget, mula ora ana wong siji-sijia sing wani liwat dalan kuwi. 29  Wong loro kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Putrané Gusti Allah? Apa kowé mréné arep nyiksa aku sakdurungé wektu sing wis ditemtokké?” 30  Ing dhaérah sing adoh saka kono, ana sakumpulan babi lagi mangan. 31  Mula roh-roh jahat kuwi njaluk marang Yésus lan kandha, ”Nèk kowé arep ngusir aku kabèh, préntahna aku kabèh mlebu ing babi-babi kuwi.” 32  Yésus njawab, ”Lungaa!” Roh-roh jahat kuwi banjur metu, terus mlebu ing babi-babi kuwi. Sakumpulan babi mau banjur njegur ing laut saka tebing lan mati kleleb. 33  Nanging wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan mlebu ing kutha. Banjur wong-wong kuwi nyritakké kabèh kedadéan, klebu bab wong-wong sing kesurupan roh jahat mau. 34  Wong-wong sing ana ing kutha kuwi banjur metu kanggo nemoni Yésus, lan sakwisé weruh Yésus, wong-wong kuwi ngongkon supaya Yésus lunga saka dhaérahé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nggawé aku ora najis manèh”.
Utawa ”ora najis manèh”.
Lit.: ”para putrané Kraton”.
Utawa ”ngerotké untu”.
Kéwan kaya asu sing ana ing Israèl.
Lit.: ”panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.