Matius 21:1-46

  • Yésus mlebu Yérusalèm (1-11)

  • Yésus nggawé resik bait (12-17)

  • Wit ara dikutuk (18-22)

  • Wewenangé Yésus ditantang (23-27)

  • Umpama bab anak lanang loro (28-32)

  • Umpama bab petani sing jahat (33-46)

    • Watu sing utama ditolak (42)

21  Wektu Yésus lan murid-muridé wis cedhak Yérusalèm lan tekan ing Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus ngutus muridé cacahé loro.  Yésus kandha, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing lagi dicencang. Uculana taliné lan gawanen mréné loro-loroné.  Nèk ana wong sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Banjur wong kuwi bakal langsung ngekèkké.”  Sakjané kuwi kedadéan supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat nabi, yaiku,  ”Kandhakna marang anak wadoné Zion, ’Deloken! Rajamu teka marani kowé. Wataké alus lan dhèwèké nunggang keledai, ya, nunggang keledai enom.’”  Mula muridé loro mau banjur lunga lan nindakké apa sing dipréntahké Yésus.  Murid-murid mau nuntun keledai kuwi lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi, lan Yésus nunggang keledai sing enom.  Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, wong liyané manèh padha ngethok pang-pangé wit lan didèlèhké ing dalan.  Sakliyané kuwi, wong akèh sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus padha mbengok, ”Gusti Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Sing ana ing swarga, paringana keslametan marang panjenengané!” 10  Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm, wong sak kutha padha gègèr, lan kandha, ”Sapa wong iki?” 11  Wong-wong sing ngetutké Yésus terus-terusan kandha, ”Iki Yésus, nabi saka Nazarèt ing Galiléa!” 12  Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dol-tinuku ing bait, banjur njungkirké méja-méjané para tukang ngijoli dhuwit lan bangku-bangkuné wong-wong sing padha dodolan manuk dara. 13  Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal disebut omah donga,’ nanging malah kok dadèkké guwa rampok.” 14  Uga ana wong-wong sing wuta lan pincang marani Yésus ing bait, lan Yésus marèkké wong-wong kuwi. 15  Wektu para imam kepala lan ahli Taurat ndelok akèh mukjijat sing ditindakké Yésus, lan krungu bocah-bocah lanang ing bait padha mbengok, ”Gusti Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud!” wong-wong kuwi dadi jèngkèl banget 16  lan takon marang Yésus, ”Apa kowé krungu omongané bocah-bocah kuwi?” Yésus njawab, ”Ya, aku krungu. Apa kowé durung tau maca tulisan ing Kitab Suci sing kandha, ’Panjenengan nyebabké cangkemé bocah-bocah lan bayi-bayi ngucapké pujian’?” 17  Yésus banjur ninggalké wong-wong kuwi lan lunga menyang kutha Bétani, lan nginep ing kono. 18  Wektu bali menyang Yérusalèm pas isih ésuk banget, Yésus krasa luwé. 19  Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan banjur diparani. Nanging Yésus ora nemokké wohé siji-sijia kejaba mung godhong. Yésus banjur kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké woh manèh.” Wit ara kuwi langsung alum. 20  Wektu ndelok kuwi, murid-murid padha nggumun lan kandha, ”Kok isa wit ara kuwi langsung alum?” 21  Yésus njawab para muridé, ”Saktenané aku kandha, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé ora mung bakal isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi, nanging kowé uga mesthi isa ngongkon gunung iki, ’Mumbula lan njegura ing laut,’ lan kuwi bakal kelakon. 22  Lan apa waé sing kok suwun wektu ndonga, kuwi kabèh bakal kok tampa nèk kowé nduwé iman.” 23  Sakwisé kuwi, Yésus mlebu bait. Wektu lagi mulang, para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi marani Yésus lan takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?” 24  Yésus njawab, ”Aku uga arep takon karo kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk wewenang kanggo nindakké kabèh iki: 25  Baptisan Yohanes kuwi asalé saka ngendi? Saka Gusti Allah* apa manungsa?” Wong-wong kuwi mulai padha rembugan dhéwé, ”Nèk awaké dhéwé ngomong, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal kandha, ’Terus ngapa kowé ora percaya marang Yohanes?’ 26  Nanging nèk njawab, ’Saka manungsa,’ awaké dhéwé wedi karo wong-wong iki, merga kabèh wong iki nganggep Yohanes kuwi nabi.” 27  Mula wong-wong mau njawab Yésus, ”Aku kabèh ora ngerti.” Yésus terus kandha, ”Nèk ngono, aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki. 28  ”Piyé miturutmu? Ana wong lanang nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé nyambut gawéa ing kebon anggur.’ 29  Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak,’ nanging bar kuwi dhèwèké gela, mula terus mangkat. 30  Wektu ngongkon anaké sing nomer loro nindakké sing padha, anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ nanging ora mangkat. 31  Anak sing endi sing manut karo bapaké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Sing nomer siji.” Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu ing Kratoné Allah luwih dhisik ketimbang kowé. 32  Merga wektu Yohanes teka marang kowé kanggo mulangké sing bener, kowé ora percaya marang dhèwèké. Nanging petugas pajeg lan pelacur malah percaya marang dhèwèké. Lan kowé, senajan wis weruh iki, kowé tetep ora ngrasa gela lan ora percaya marang dhèwèké. 33  ”Rungokna umpama liyané: Ana wong lanang sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. 34  Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus budhak-budhaké marang para petani kanggo njupuk woh anggur sing dadi bagéané. 35  Nanging, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi, ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi watu. 36  Banjur dhèwèké ngutus luwih akèh manèh budhak-budhak, nanging budhak-budhak kuwi uga ngalami sing padha. 37  Akiré, dhèwèké ngutus anaké lanang merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38  Wektu weruh anaké sing nduwé kebon anggur kuwi, para petani mau kandha, ’Wong kuwi ahli warisé kebon anggur iki. Ayo dipatèni lan dijupuk warisané!’ 39  Mula wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèd ahli waris mau menyang njabané kebon, banjur dipatèni. 40  Wektu sing nduwé kebon anggur teka, apa sing bakal ditindakké marang para petani mau?” 41  Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Merga para petani kuwi jahat, sing nduwé kebon anggur mesthi bakal matèni wong-wong kuwi lan bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya, sing bakal ngekèki woh wektu musim panèn anggur.” 42  Yésus takon, ”Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ’Watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.’ 43  Kuwi sebabé aku kandha marang kowé, Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.* 44  Uga, wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal ajur. Lan wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.” 45  Wektu krungu umpama-umpama kuwi, para imam kepala lan wong-wong Farisi dadi ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus. 46  Sakjané wong-wong kuwi péngin nangkep Yésus, nanging wedi karo wong akèh sing padha nganggep Yésus kuwi nabi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para tuwa-tuwa”.
Lit.: ”swarga”.
Utawa ”para tuwa-tuwa”.
Utawa ”sing ngasilké woh”.