Matius 15:1-39

  • Kesalahané tradhisi manungsa disingkapké (1-9)

  • Sing nggawé najis kuwi sing metu saka ati (10-20)

  • Wong wadon Fénisia nduwé iman sing gedhé (21-28)

  • Yésus marèkké akèh wong cacad (29-31)

  • Yésus mènèhi mangan 4.000 wong (32-39)

15  Banjur ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka saka Yérusalèm nemoni Yésus. Wong-wong kuwi kandha,  ”Ngapa kok murid-muridmu nglanggar tradhisiné para leluhur? Contoné, murid-muridmu ora ngwijiki tangané* sakdurungé maem.”  Yésus njawab, ”Kowé dhéwé, ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu?  Contoné, Gusti Allah ngendika, ’Ajènana bapakmu lan ibumu,’ lan, ’Wong sing ngomong kasar* marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’  Nanging kowé kandha, ’Nèk ana wong sing kandha karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, kuwi wis tak wènèhké dadi kurban marang Gusti Allah,”  wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’ Dadiné kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisimu.  Kowé kabèh kuwi wong munafik. Pancèn bener sing Nabi Yésaya ramalké bab kowé,  ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku.  Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’” 10  Yésus banjur ngongkon wong-wong nyedhak, lan Yésus kandha, ”Rungokna lan ngertènana bab iki: 11  Sing nggawé wong dadi najis dudu apa sing mlebu ing cangkemé, nanging apa sing metu saka cangkemé kuwi sing nggawé dhèwèké najis.” 12  Murid-murid banjur kandha marang Yésus, ”Apa panjenengan ngerti nèk wong-wong Farisi tersinggung* karo omongané panjenengan?” 13  Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga, bakal dijabut. 14  Ejarna waé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.” 15  Pétrus kandha, ”Tulung terangna tegesé umpama kuwi.” 16  Yésus kandha, ”Apa kowé kabèh isih durung ngerti? 17  Apa kowé padha ora ngerti, nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng, lan dibuwang ing jamban?* 18  Nanging kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati, lan iya kuwi sing nggawé wong dadi najis. 19  Contoné, saka ati metu kabèh pikiran sing jahat, matèni, laku jina, hubungan sèks sing ora sah,* nyolong, kesaksian palsu, lan omongan sing ngrèmèhké. 20  Kuwi kabèh sing nggawé wong dadi najis. Nanging nèk mangan ora wijik* dhisik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.” 21  Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon. 22  Ana wong wadon Fénisia saka dhaérah kuwi teka lan mbengok, ”Welasana aku, Gusti, Putrané Daud. Anakku wadon sengsara banget merga kesurupan roh jahat.” 23  Nanging Yésus ora mènèhi jawaban babar blas. Mula murid-muridé kandha, ”Kongkonen wong wadon kuwi lunga, merga dhèwèké terus-terusan mbengok karo ngetutké awaké dhéwé.” 24  Yésus kandha, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya wedhus gèmbèl sing kesasar.” 25  Nanging wong wadon kuwi sujud lan kandha, ”Gusti, aku nyuwun tulung.” 26  Yésus njawab, ”Ora sakmesthiné njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik.” 27  Wong wadon kuwi njawab, ”Bener Gusti, nanging sakjané kirik-kirik mangan rontogan roti sing tiba saka méja majikané.” 28  Yésus banjur njawab, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing kok péngini bakal kelakon.” Ing wektu kuwi uga, anaké wadon mari. 29  Saka kono, Yésus lunga menyang cedhaké Laut Galiléa. Yésus banjur munggah gunung, lan lungguh ing kono. 30  Banjur, akèh wong marani Yésus lan nggawa wong sing lumpuh, cacad, wuta, bisu, lan akèh manèh liyané. Wong-wong kuwi digawa ing cedhak sikilé Yésus, lan Yésus marèkké wong-wong mau. 31  Wektu ndelok wong bisu isa omongan, wong cacad séhat manèh, wong lumpuh isa mlaku, lan wong wuta isa ndelok, kabèh wong ing kono nggumun banjur ngluhurké Gusti Allahé Israèl. 32  Yésus terus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Aku mesakké karo wong akèh iki. Wis telung dina wong-wong iki bareng aku lan wong-wong iki ora nduwé panganan. Aku ora téga ngongkon wong-wong iki mulih nèk wetengé isih luwé, mengko isa semaput ing dalan.” 33  Nanging murid-muridé kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Saka ngendi awaké dhéwé isa éntuk cukup roti kanggo ngekèki mangan wong seméné akèhé nganti wareg?” 34  Mula Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu, lan ana iwak-iwak cilik nanging mung sithik.” 35  Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah, 36  Yésus njupuk roti pitu lan iwak-iwak kuwi. Banjur Yésus ndonga ngucapké sokur lan nyuwil-nyuwil roti kuwi, terus ngekèkké marang murid-muridé. Murid-muridé terus ngedumké kuwi marang wong-wong. 37  Kabèh wong mangan nganti wareg, lan murid-murid nglumpukké sisané, akèhé nganti pitung kranjang gedhé.* 38  Wektu kuwi, cacahé wong lanang sing mangan ana 4.000 wong, durung klebu wong wadon lan bocah-bocah. 39  Akiré, sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus numpak prau banjur lunga menyang dhaérah Magadan.

Katrangan Tambahan

Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”ngunèk-unèkké”.
Utawa ”kesandhung”.
Utawa ”toilèt”.
Bentuk jamak tembung Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”kranjang perbekalan”.