Matius 13:1-58

  • UMPAMA BAB KRATON SWARGA (1-52)

    • Petani (1-9)

    • Alesané Yésus nggunakké umpama (10-17)

    • Umpama bab petani diterangké (18-23)

    • Gandum lan alang-alang (24-30)

    • Wiji sesawi lan ragi (31-33)

    • Yésus nggunakké umpama kanggo netepi ramalan (34, 35)

    • Umpama bab gandum lan alang-alang diterangké (36-43)

    • Harta karun sing kependhem lan mutiara sing aji (44-46)

    • Jala (47-50)

    • Bandha sing anyar lan lawas (51, 52)

  • Yésus ditolak ing dhaérah asalé (53-58)

13  Ing dina kuwi, sakwisé lunga saka omah mau, Yésus lungguh ing pinggir laut.  Ana kumpulan wong teka nemoni Yésus, mula Yésus numpak prau lan lungguh ing kono, nanging kumpulan wong kuwi ngadeg ing pantai.  Banjur Yésus mulangké akèh bab marang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Yésus kandha, ”Ana petani sing metu kanggo nyebar winih.  Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih sing tiba ing pinggir dalan banjur manuk-manuk padha teka lan notholi nganti entèk.  Ana winih liyané sing tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Winih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.  Nanging pas kena panasé srengéngé, thukulan kuwi dadi garing lan alum merga oyodé ora jero.  Ana manèh winih sing tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé, lan njiret thukulan kuwi.  Banjur ana winih sing tiba ing lemah sing subur lan ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30.  Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.” 10  Murid-muridé banjur marani Yésus lan takon, ”Apa sebabé panjenengan mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama?” 11  Yésus njawab, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kraton swarga, nanging wong-wong kuwi ora. 12  Merga sapa sing nduwé pangertèn, bakal nampa luwih akèh pangertèn, malah nganti lubèr. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing diduwèni senajan mung sithik bakal dijupuk Gusti Allah saka dhèwèké. 13  Kuwi sebabé, aku mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Merga, wong-wong kuwi ndeleng, nanging padha ora weruh, lan wong-wong kuwi krungu, nanging padha ora ngerti, lan ora paham artiné. 14  Ramalané Nabi Yésaya iki kelakon ing wong-wong kuwi. Kandhané, ’Kowé pancèn bakal krungu nanging babar blas ora paham artiné, lan kowé pancèn bakal ndeleng nanging babar blas ora weruh. 15  Merga atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Wong-wong kuwi wis ngrungokké nganggo kupingé nanging ora nanggepi. Wong-wong kuwi wis nutupi mripaté, mula ora bakal isa ndeleng nganggo mripaté, ora bakal isa ngrungokké nganggo kupingé, lan atiné ora bakal paham. Wong-wong kuwi ora bali marang Aku, lan Aku ora marèkké wong-wong kuwi.’ 16  ”Nanging, bungaha kowé merga mripatmu weruh lan kupingmu krungu. 17  Merga saktenané aku kandha marang kowé, akèh nabi lan wong sing bener péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu. 18  ”Saiki rungokna tegesé umpama bab petani mau. 19  Ana wong sing ngrungokké warta bab Kraton nanging ora ngerti artiné, banjur si jahat* teka lan ngrampas apa sing wis disebar ing njero atiné. Yakuwi winih sing tiba ing pinggir dalan. 20  Wektu winih kuwi tiba ing panggonan sing akèh watuné, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi lan langsung nampa kanthi bungah, 21  nanging warta kuwi ora ngoyod ing atiné. Dhèwèké nampa warta kuwi mung kanggo sawetara wektu, nanging sakwisé ngalami kasangsaran utawa dianiaya merga warta kuwi, dhèwèké ora nduwé iman manèh.* 22  Wektu winih kuwi tiba ing antarané suket eri, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi, nanging warta kuwi ora ngasilké woh merga kejiret karo kekuwatiran urip ing donya* iki lan daya apus-apusé kasugihan. 23  Lan wektu winih kuwi tiba ing lemah sing subur, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi lan ngerti artiné, lan bener-bener ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30.” 24  Yésus nyritakké umpama liyané marang wong-wong kuwi, ”Kraton swarga kuwi kaya petani sing nyebar winih gandum* ing ladhangé. 25  Wektu wong-wong isih padha turu, mungsuhé teka lan nyebar winih alang-alang ing antarané gandum, banjur lunga. 26  Wektu gandumé thukul lan ngetokké woh, alang-alangé uga padha thukul. 27  Mula budhak-budhaké petani mau teka lan kandha, ’Ndara, sing panjenengan sebar kan winih gandum, ta? Kok saiki ana alang-alang?’ 28  Dhèwèké njawab, ’Mungsuhku sing nyebar kuwi.’ Budhaké kandha, ’Apa panjenengan péngin aku kabèh njabuti alang-alang kuwi?’ 29  Majikané kandha, ’Aja, nèk alang-alangé kok jabuti, mengko gandumé isa mèlu kejabut. 30  Ejarna loro-loroné thukul bareng nganti mangsa panèn. Ing mangsa panèn, aku bakal ngongkon wong-wong sing manèn: Klumpukna dhisik alang-alangé lan talènana, banjur obongen. Sakwisé kuwi, klumpukna gandum lan gawanen ing gudhang.’” 31  Yésus nyritakké umpama liyané marang wong-wong kuwi, ”Kraton swarga kuwi kaya wiji sesawi* sing dijupuk lan ditandur wong ing ladhangé. 32  Wiji sesawi kuwi sakjané sing paling cilik ing antarané kabèh wiji, nanging nèk wis thukul, kuwi dadi tanduran sayur sing paling gedhé ketimbang tanduran sayur liyané lan dadi wit. Manuk-manuk ing langit padha teka lan nggawé susuh ing pang-pangé.” 33  Yésus nyritakké umpama liyané, ”Kraton swarga kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wadon lan dicampur karo glepung sing akèhé telung takeran gedhé nganti kabèh adonan kuwi dadi ngembang.” 34  Kabèh kuwi diwulangké Yésus nganggo umpama. Malah, nèk Yésus mulang mesthi nganggo umpama, 35  supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat nabi, yaiku, ”Aku bakal mulang nggunakké umpama. Aku bakal nduduhké perkara-perkara sing durung dingertèni wiwit mbiyèn.”* 36  Sakwisé mbubarké wong-wong kuwi, Yésus mlebu ing omah. Murid-muridé marani Yésus lan kandha, ”Terangna apa tegesé umpama bab alang-alang ing ladhang.” 37  Yésus kandha, ”Petani sing nyebar winih gandum* kuwi Putrané manungsa, 38  ladhang kuwi donya. Winih gandum kuwi wong-wong sing bakal mlebu ing Kraton swarga,* alang-alang kuwi anak-anaké Sétan,* 39  lan mungsuh sing nyebar winih alang-alang kuwi Iblis. Mangsa panèn kuwi dina-dina pungkasané jaman,* lan sing manèn kuwi para malaékat. 40  Mula, kaya alang-alang sing diklumpukké lan diobong, kuwi uga sing bakal kelakon ing dina-dina pungkasané jaman.* 41  Putrané manungsa bakal ngutus para malaékaté, lan para malaékat kuwi bakal ngetokké saka Kratoné wong-wong sing nglanggar hukum lan sing marahi wong liya tumindak dosa. 42  Banjur para malaékat kuwi bakal nguncalké wong-wong kuwi ing tungku geni sing mulad-mulad. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.* 43  Wektu kuwi, wong-wong sing bener bakal padhang kaya srengéngé ing Kratoné Bapaké. Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan. 44  ”Kraton swarga kuwi kaya harta karun sing kependhem ing ladhang. Banjur ditemokké wong lan dipendhem manèh. Merga saking senengé, dhèwèké lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, banjur ladhang mau dituku. 45  ”Kraton swarga kuwi uga kaya pedagang sing njlajah ing ngendi-endi kanggo nggolèk mutiara sing aji banget. 46  Sakwisé nemokké siji mutiara sing aji banget, dhèwèké langsung lunga lan ngedol kabèh sing diduwèni, banjur mutiara mau dituku. 47  ”Kraton swarga kuwi kaya jala sing diuncalké ing laut lan éntuk kabèh jenis iwak. 48  Nèk wis kebak, para nelayan bakal narik jala kuwi menyang pantai. Banjur padha lungguh nglumpukké iwak-iwak sing apik ing wadhah, nanging sing èlèk dibuwang. 49  Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon ing dina-dina pungkasané jaman.* Para malaékat bakal teka kanggo misahké wong-wong sing jahat saka antarané wong-wong sing bener, 50  lan bakal nguncalké wong-wong sing jahat kuwi ing tungku geni sing mulad-mulad. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.* 51  ”Apa kowé ngerti tegesé kabèh iki?” Murid-murid padha njawab, ”Ya.” 52  Banjur Yésus kandha, ”Nèk ngono, saben guru* sing wis diwulang bab Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé omah, sing ngetokké barang anyar lan barang lawas saka panggonan kanggo nyimpen bandhané.” 53  Sakwisé rampung nyritakké kabèh umpama kuwi, Yésus lunga saka kono. 54  Sakwisé tekan ing dhaérah asalé, Yésus mulai mulang ing sinagogé.* Wong-wong padha nggumun lan kandha, ”Saka endi wong iki isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat? 55  Wong iki kan anaké tukang kayu kuwi, ta? Sing ibuné jenengé Maria, lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas? 56  Adhi-adhiné wadon uga ana ing kéné. Dadi, saka endi dhèwèké isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat?” 57  Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus.* Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ing ngendi-endi nabi mesthi diajèni, nanging ing dhaérah asalé lan ing omahé dhéwé ora diajèni.” 58  Yésus ora nggawé akèh mukjijat merga wong-wong ing kono ora nduwé iman.

Katrangan Tambahan

Maksudé, Sétan.
Lit.: ”kesandhung”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”winih sing apik”.
Utawa ”wiji moster”. Wiji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.
Utawa mungkin ”saka wiwitané donya iki”.
Lit.: ”winih sing apik”.
Lit.: ”putra-putrané Kraton”.
Lit.: ”si jahat”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngerotké untu”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngerotké untu”.
Utawa ”instruktur kanggo masyarakat”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”Wong-wong kuwi kesandhung merga Yésus”.