Markus 6:1-56

  • Yésus ditolak ing dhaérah asalé (1-6)

  • Rolas rasul diwènèhi arahan kanggo nginjil (7-13)

  • Yohanes Pembaptis mati (14-29)

  • Yésus mènèhi mangan 5.000 wong (30-44)

  • Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu (45-52)

  • Marèkké ing Génésarèt (53-56)

6  Saka kono, Yésus banjur mangkat lan tekan ing dhaérah asalé. Murid-muridé uga ngetutké Yésus.  Ing dina Sabat, Yésus mulai mulang ing sinagogé* lan wong akèh sing ngrungokké Yésus dadi padha nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Saka ngendi wong kuwi isa éntuk bab-bab iki? Apa sebabé wong kuwi diwènèhi kawicaksanan kaya ngono lan isa nindakké mukjijat-mukjijat iki?  Wong iki kan tukang kayu, anaké Maria, lan adhiné jenengé Yakobus, Yusuf, Yudas, lan Simon? Adhi-adhiné wadon ya ana ing kéné, ta?” Wong-wong kuwi mulai kesandhung merga Yésus.  Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ing ngendi-endi, nabi mesthi diajèni, kejaba ing dhaérah asalé, ing antarané keluargané, lan ing omahé dhéwé.”  Mulané, Yésus ora nggawé akèh mukjijat ing kono. Yésus mung numpangké tangané marang sapérangan wong sing lara lan marèkké wong-wong kuwi.  Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula Yésus banjur lunga menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kanggo mulang.  Yésus nyeluk 12 rasulé lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro, Yésus uga mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis.  Yésus mréntahké para rasulé supaya ora nggawa apa-apa kejaba teken, ora nggawa roti, ora nggawa kanthong panganan, lan ora nggawa dhuwit* ing kanthongé,  nanging nganggo sandhal, lan ora nggawa salin.* 10  Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi. 11  Nèk ing salah siji dhaérah ora ana sing gelem nampa utawa ngrungokké kowé, wektu kowé lunga saka kono, kebutna* bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.” 12  Para rasul banjur padha mangkat lan martakké nèk wong-wong kudu mertobat, 13  para rasul uga ngusir akèh roh-roh jahat, lan ngolèsi wong lara nganggo lenga lan marèkké wong-wong kuwi. 14  Raja Hérodès banjur krungu bab iki, merga jenengé Yésus wis terkenal. Wong-wong padha kandha, ”Yohanes Pembaptis wis diuripké manèh saka antarané wong mati, mulané dhèwèké isa nindakké mukjijat-mukjijat kuwi.” 15  Nanging sing liyané kandha, ”Dhèwèké Élia.” Sing liyané manèh kandha, ”Dhèwèké kuwi nabi kaya nabi-nabi jaman mbiyèn.” 16  Wektu krungu kuwi, Hérodès kandha, ”Yohanes sing mbiyèn tak tugel sirahé saiki wis diuripké manèh.” 17  Merga sakdurungé, Hérodès wis mréntahké kanggo nangkep lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias, yaiku bojoné Filipus seduluré Hérodès. Sebab Hérodès nikah karo wong wadon kuwi. 18  Yohanes bola-bali kandha marang Hérodès, ”Kowé ora olèh nikah karo bojoné kakangmu.” 19  Mula Hérodias dendam marang Yohanes lan kepéngin matèni dhèwèké, nanging ora isa 20  merga Hérodès nglindhungi Yohanes. Hérodès wedi karo Yohanes merga ngerti nèk Yohanes kuwi wong sing bener lan suci. Saben ngrungokké Yohanes, Hérodès dadi bingung kudu nindakké apa, nanging tetep seneng ngrungokké Yohanes. 21  Ing sawijiné dina, Hérodias éntuk kesempatan wektu Hérodès nganakké pésta kanggo para pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa, pas dina ulang tauné. 22  Banjur anak wadoné Hérodias teka lan nari ing pèsta mau, lan nggawé Hérodès uga tamu-tamuné sing teka dadi seneng. Raja banjur kandha marang cah wadon kuwi, ”Njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal tak wènèhké kowé.” 23  Hérodès sumpah marang cah wadon kuwi, ”Apa waé sing kok jaluk saka aku, bakal tak wènèhké marang kowé, malah nganti separoné kerajaan iki.” 24  Cah wadon kuwi banjur nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?” Ibuné njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” 25  Cah wadon kuwi langsung cepet-cepet ngadhep raja lan ngandhakké penjaluké. Dhèwèké kandha, ”Aku péngin panjenengan mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan, saiki.” 26  Kuwi nggawé raja sedhih banget. Nanging raja ora gelem nolak penjaluk kuwi merga sumpahé lan para tamuné. 27  Mula raja langsung ngutus penjaga lan ngongkon dhèwèké nggawa sirahé Yohanes. Penjaga kuwi banjur lunga lan nugel sirahé Yohanes ing penjara, 28  lan nggawa sirah kuwi ing ndhuwuré nampan. Hérodès mènèhké marang cah wadon kuwi lan cah wadon kuwi mènèhké marang ibuné. 29  Wektu krungu bab mau, murid-muridé Yohanes banjur teka lan njupuk mayité Yohanes, terus dikubur. 30  Para rasul ngumpul ing sakiwa-tengené Yésus lan nyritakké kabèh sing wis ditindakké lan diwulangké para rasul kuwi. 31  Yésus kandha, ”Ayo, awaké dhéwé lunga menyang panggonan sing sepi lan ngaso sedhéla.” Merga wektu kuwi ana akèh wong sing teka lan lunga, nganti Yésus lan para muridé ora kober mangan. 32  Mula, Yésus lan para muridé numpak prau menyang panggonan sing sepi kanggo ndhéwé. 33  Nanging wong-wong padha weruh Yésus karo para muridé lunga, lan akèh sing ngerti bab iki. Kabèh wong kuwi mlayu bebarengan saka kabèh kutha lan tekan ing kono luwih dhisik. 34  Wektu mudhun saka prau, Yésus ndelok akèh wong, lan Yésus dadi mesakké karo wong-wong kuwi. Sebab wong-wong kuwi kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. Mula Yésus mulai mulang akèh bab marang wong-wong kuwi. 35  Wektu kuwi wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. 36  Kongkonen wong-wong kuwi mulih, supaya wong-wong kuwi isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.” 37  Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-muridé kandha, ”Apa aku kabèh kudu lunga kanggo tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké marang wong-wong kuwi kanggo dipangan?” 38  Yésus kandha, ”Coba deloken, kowé nduwé roti pira?” Sakwisé ndelok, murid-muridé kandha, ”Ana lima, uga ana iwak loro.” 39  Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh sakelompok-sakelompok ing suket ijo, 40  lan wong-wong kuwi padha lungguh. Sakelompok ana sing cacahé 100 wong lan ana sing 50 wong. 41  Yésus banjur njupuk roti lima lan iwak loro mau, terus ndhangak ndelok langit lan ndonga. Sakwisé kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi lan mulai mènèhké marang murid-muridé kanggo diedumké marang wong-wong. Dhèwèké uga ngedum-edumké iwak loro kuwi kanggo kabèh wong. 42  Mula, kabèh wong kuwi mangan nganti wareg, 43  lan murid-murid nglumpukké sisané, ana 12 kranjang kebak, durung klebu iwaké. 44  Sing mangan roti kuwi cacahé 5.000 wong lanang. 45  Sakwisé kuwi, Yésus langsung ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ndhisiki Yésus menyang sebrang ing arah Bètsaida. Wong akèh mau terus dikongkon mulih. 46  Sakwisé wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah ing gunung kanggo ndonga. 47  Wengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono, nanging prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut. 48  Wektu weruh para muridé ngupaya ndhayung prauné merga nglawan angin, Yésus marani para muridé ing wayah subuh* nganggo cara mlaku ing ndhuwuré banyu laut. Nanging Yésus mlaku terus kaya-kaya arep ngliwati para muridé. 49  Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur banyu laut, para murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”* 50  Para murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula Yésus langsung kandha marang para murid, ”Kuwatna atimu! Aja wedi, iki aku.” 51  Banjur Yésus munggah ing prauné murid-muridé, lan anginé dadi mandheg. Murid-muridé padha nggumun ndelok kedadéan kuwi, 52  merga padha durung ngerti tegesé mukjijat roti mau, lan atiné angèl kanggo mangertèni. 53  Sakwisé tekan ing sebrang, Yésus lan murid-muridé tekan ing Génésarèt lan ninggal prauné ing kono. 54  Nanging sakwisé Yésus lan murid-muridé mudhun saka prau, wong-wong langsung isa nitèni Yésus. 55  Wong-wong kuwi mlayu kanggo ngandhani liyané ing kabèh dhaérah mau lan mulai ngusung wong-wong sing lara nganggo tandhu marang Yésus. 56  Ing saben kutha lan désa sing diparani Yésus, wong-wong padha nggawa wong sing lara menyang pasar-pasar, lan wong-wong kuwi padha nyuwun marang Yésus supaya éntuk ndemèk pucuk klambi njabané waé. Lan kabèh wong sing ndemèk padha mari.

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”tembaga”.
Utawa ”ora nganggo klambi cacahé loro”.
Utawa ”resikana”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ing giliran jaga sing kapapat”, yaiku kira-kira jam 3-6 ésuk.
Utawa ”Ana penampakan!”