Markus 5:1-43

  • Yésus mréntahké roh-roh jahat mlebu ing babi (1-20)

  • Anaké Yairus; wong wadon ndemèk pucuk klambi njabané Yésus (21-43)

5  Yésus lan murid-muridé tekan ing sebrang laut, ing dhaérah wong Gérasa.  Sakwisé Yésus mudhun saka prau, ana wong lanang sing kesurupan roh najis teka saka antarané kuburan-kuburan, lan langsung marani Yésus.  Wong kuwi manggon ing antarané kuburan-kuburan kono, lan nganti wektu kuwi, ora ana wong siji-sijia sing isa nalèni dhèwèké, senajan nganggo ranté.  Wong kuwi wis kerep diranté ing tangan lan sikilé, nanging dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat kanggo ngalahké dhèwèké.  Awan lan bengi, wong kuwi bengak-bengok ing kuburan-kuburan lan ing gunung-gunung, uga awaké diantemi dhéwé nganggo watu.  Nanging wektu weruh Yésus saka kadohan, dhèwèké mlayu marani Yésus lan sujud.  Banjur wong kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Putrané Gusti Allah Sing Mahaluhur? Sumpaha demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.”  Merga sakdurungé, Yésus wis kandha marang wong mau, ”Roh najis, metua saka wong iki.”  Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Jenengku Legiun,* merga jumlahku akèh banget.” 10  Dhèwèké terus nyuwun supaya Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi lunga saka dhaérah kono. 11  Wektu kuwi, ana sakumpulan babi sing akèh lagi mangan ing gunung. 12  Roh-roh kuwi nyuwun marang Yésus, ”Préntahna aku kabèh mlebu ing babi-babi kuwi.” 13  Yésus banjur ngijinké. Mula roh-roh najis kuwi langsung metu lan mlebu ing babi-babi kuwi, sing jumlahé kira-kira ana 2.000, lan kabèh babi kuwi banjur njegur ing laut saka tebing, lan mati kleleb. 14  Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi banjur mlayu lan nyritakké kedadéan kuwi ing kutha lan dhaérah sakcedhaké, lan wong-wong padha teka kanggo ndelok apa sing kedadéan. 15  Wong-wong sing teka padha marani Yésus lan ndelok wong lanang sing mauné kesurupan Legiun kuwi lagi lungguh, wis nganggo klambi lan pikirané waras. Wong-wong kuwi dadi padha wedi. 16  Wong-wong sing ndelok kedadéan mau banjur nyritakké marang wong-wong sing teka kuwi, bab apa sing wis dialami wong lanang sing kesurupan mau lan babi-babi kuwi. 17  Mula wong-wong kuwi njaluk supaya Yésus lunga saka dhaérahé. 18  Wektu Yésus numpak prau, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk mèlu Yésus. 19  Nanging, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu, lan kandha, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kowé lan welas asih sing wis diduduhké marang kowé.” 20  Wong lanang kuwi banjur lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis* kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké, lan kabèh wong padha nggumun. 21  Yésus numpak prau lan lunga manèh menyang pantai sebrang. Wektu Yésus isih ing pinggir laut, akèh wong padha marani Yésus. 22  Banjur, salah siji ketua sinagogé,* sing jenengé Yairus, teka mrono. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud ing sikilé Yésus. 23  Dhèwèké bola-bali nyuwun marang Yésus, kandhané, ”Anakku wadon sing isih cilik lara parah.* Tulung maraa ing omahku lan tumpangna tanganmu ing ndhuwuré supaya dhèwèké séhat lan tetep urip.” 24  Yésus banjur lunga karo dhèwèké, lan akèh wong ngetutké Yésus lan dhesek-dhesekan ing mburiné. 25  Ing kono, ana wong wadon sing wis 12 taun lara pendarahan. 26  Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, nanging wong-wong kuwi malah nggawé dhèwèké saya sengsara.* Kabèh bandhané wis entèk, nanging dhèwèké ora mari, malah saya parah. 27  Wektu krungu bab Yésus, dhèwèké ndhesel ing saktengahé wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Dhèwèké banjur ndemèk klambi njabané Yésus, 28  merga wong wadon kuwi ngomong terus, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 29  Ing wektu kuwi uga, pendarahané langsung mandheg. Wong wadon kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara. 30  Yésus langsung krasa nèk ana kuwasa sing metu saka dhèwèké. Yésus banjur minger lan nyawang kumpulan wong kuwi, lan takon, ”Sapa sing ndemèk klambi njabaku?” 31  Nanging murid-muridé kandha, ”Guru, akèh wong sing dhesek-dhesekan ing mburiné panjenengan. Apa sebabé panjenengan takon, ʼSapa sing ndemèk aku?ʼ” 32  Nanging Yésus terus nyawang sakiwa-tengené kanggo nggolèki sapa sing ndemèk dhèwèké. 33  Wong wadon kuwi kewedèn lan ndhredheg merga ngerti sing dhèwèké alami, banjur nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus, uga nyritakké sing saktenané. 34  Yésus banjur kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem. Kowé wis mari saka penyakitmu sing nggawé kowé sengsara.” 35  Wektu Yésus lagi ngomong, ana wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan kandha, ”Anakmu wadon wis mati. Kanggo apa ngrépoti Guru manèh?” 36  Nanging Yésus krungu omongan kuwi lan kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir, kowé mung kudu nduwé iman.” 37  Yésus ora ngijinké sapa-sapa kanggo mèlu dhèwèké kejaba Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré Yakobus. 38  Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kana wis ramé banget lan wong-wong lagi padha nangis karo sambat nganggo swara seru. 39  Sakwisé mlebu, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kowé padha nangis lan ribut kaya ngéné? Bocah iki ora mati, nanging lagi turu.” 40  Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus karo ngécé. Nanging Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu kabèh. Banjur, Yésus mlebu bareng karo wong tuwané bocah kuwi lan murid-muridé sing mèlu dhèwèké, menyang panggonané bocah kuwi diturokké. 41  Yésus banjur nyekel tangané bocah kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké tegesé: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia!” 42  Bocah wadon kuwi langsung tangi lan mulai mlaku. (Umuré 12 taun.) Wong tuwané seneng banget nganti ora isa ngempet rasa senengé. 43  Nanging Yésus bola-bali* ngélikké wong-wong kuwi supaya ora ngandhani sapa-sapa bab kedadéan kuwi. Yésus uga ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi maem.

Katrangan Tambahan

Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”arep mati”.
Utawa ”kelaran”.
Utawa ”kanthi tegas”.