Markus 13:1-37

  • PUNGKASANÉ JAMAN (1-37)

    • Perang, gempa bumi, kurang pangan (8)

    • Kabar apik bakal diwartakké (10)

    • Sengsara gedhé (19)

    • Tekané Putrané manungsa (26)

    • Umpama bab wit ara (28-31)

    • Terusa jaga-jaga (32-37)

13  Wektu Yésus metu saka bait, salah siji muridé kandha, ”Guru, deloken watu-watu lan bangunan sing éndah banget iki.”  Nanging Yésus kandha marang dhèwèké, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan sing gedhé iki? Kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”  Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun lan madhep bait. Banjur Pétrus, Yakobus, Yohanes, lan Andréas takon marang Yésus wektu ora ana wong liya,  ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha nèk pungkasané kabèh iki wis cedhak?”  Mula Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Ngati-atia supaya aja nganti ana sing nyasarké kowé kabèh.  Akèh wong bakal teka nganggo jenengku, nganggo cara kandha, ʼAku iki Kristus,ʼ lan wong-wong kuwi bakal nyasarké akèh wong.  Lan, nèk kowé krungu swara perang lan warta-warta bab perang, aja kuwatir. Bab-bab iki kudu kelakon, nanging kuwi durung pungkasané.  ”Merga bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi ing ngendi-endi, uga bakal ana kurang pangan. Nanging kuwi kabèh mung lagi wiwitané kasangsaran.*  ”Kowé kudu waspada. Wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan, lan kowé bakal digebugi ing sinagogé-sinagogé* lan digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga aku, supaya kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi. 10  Uga, kabar apik kudu diwartakké dhisik marang kabèh bangsa. 11  Wektu wong-wong kuwi nangkep kowé kanggo nyerahké kowé, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké. Omongna waé apa sing diwènèhké marang kowé ing wektu kuwi, merga sing ngomong dudu kowé, nanging roh suci. 12  Sakliyané kuwi, wong bakal masrahké seduluré kandung kanggo dipatèni, lan bapak bakal masrahké anaké, lan anak-anak bakal nglawan lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. 13  Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.* Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké. 14  ”Nanging, wektu kowé ndelok perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan ngadeg ing panggonan sing ora sakmesthiné (sing maca kudu mikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé), wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan. 15  Wong sing ana ing ndhuwur omah,* aja mudhun utawa mlebu ing njero omah kanggo njupuk apa waé sing ana ing omahé. 16  Lan wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk klambi njabané. 17  Cilaka wong wadon sing mbobot lan sing isih nyusoni bayi ing mangsa kuwi! 18  Terusa ndonga supaya kuwi ora kedadéan ing musim dingin. 19  Merga wektu kuwi bakal dadi mangsa kasangsaran sing durung tau kedadéan saka wiwitané Gusti Allah nggawé donya* nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh. 20  Sakjané nèk Yéhuwah ora nggawé singkat dina-dina kuwi, ora bakal ana wong sing dislametké. Nanging merga wong-wong pilihan, Panjenengané bakal nggawé singkat mangsa kuwi. 21  ”Uga, aja percaya nèk ana wong sing kandha, ʼDeloken! Kristus ana ing kéné,ʼ utawa, ʼDeloken! Dhèwèké ana ing kana.ʼ 22  Merga bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu, sing bakal nggawé akèh mukjijat* kanggo nyasarké wong, nèk isa uga wong-wong pilihan. 23  Mula, waspadaa. Kabèh iki wis tak kandhakké marang kowé sakdurungé kuwi kelakon. 24  ”Nanging ing mangsa kuwi, sakwisé kasangsaran kuwi, srengéngé bakal dadi peteng, bulan bakal ilang cahyané, 25  bintang-bintang bakal padha tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa sing ana ing langit bakal digoncangké. 26  Banjur, wong-wong kuwi bakal ndelok Putrané manungsa teka ing ndhuwur méga-méga nganggo kuwasa sing gedhé lan kamulyan. 27  Terus dhèwèké bakal ngutus para malaékat lan bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka patang arah mata angin, saka pucuk bumi tekan pucuk langit. 28  ”Padha sinaua saka umpama bab wit ara: Sakwisé pang-pangé sing enom dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. 29  Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Putrané manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang. 30  Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon. 31  Langit lan bumi bakal sirna, nanging omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé. 32  ”Bab dina utawa jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti, Putra ya ora ngerti, mung Bapak sing ngerti. 33  Terusa jaga-jaga, tetepa waspada, merga kowé ora ngerti kapan wektu sing ditemtokké kuwi. 34  Kuwi kaya wong lanang sing lunga menyang luar negri lan ninggalké omahé, lan mènèhi budhak-budhaké wewenang kanggo ngurus omahé. Dhèwèké mènèhi tugas marang saben budhaké, lan mréntahké sing jaga lawang kanggo terus jaga-jaga. 35  Mula terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti kapan sing nduwé omah bakal teka, apa ing wayah wengi utawa tengah wengi utawa sakdurungé subuh* utawa ésuk umun-umun, 36  supaya wektu dhèwèké ujug-ujug teka, dhèwèké ora ngonangi kowé lagi turu. 37  Sing tak omongké marang kowé, uga tak omongké marang kabèh wong: Terusa jaga-jaga.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”kasangsaran kaya rasa lara sing dirasakké wong wadon wektu nglairké”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.
Utawa ”manungsa”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”wektu jago kluruk”.