Markus 1:1-45

  • Yohanes Pembaptis martakké (1-8)

  • Yésus dibaptis (9-11)

  • Yésus digodha Sétan (12, 13)

  • Yésus mulai nginjil ing Galiléa (14, 15)

  • Murid-murid sing kapisan diundang (16-20)

  • Roh najis diusir (21-28)

  • Yésus marèkké akèh wong ing Kapernaum (29-34)

  • Ndonga ing panggonan sing sepi (35-39)

  • Wong lara kusta dimarèkké (40-45)

1  Iki wiwitané kabar apik bab Yésus Kristus, Putrané Gusti Allah:  Kaya sing wis ditulis ing kitab Nabi Yésaya, yaiku, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.)  Ana swara wong mbengok ing padhang belantara, ʼSiapna dalan kanggo Yéhuwah! Lurusna dalan-dalané.ʼ”  Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké bab baptisan sing dadi lambang pertobatan kanggo ngapurani dosa.  Mula, kabèh wong ing wilayah Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm teka marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan lan ngakoni dosa-dosané kanthi blaka.  Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit, lan dhèwèké mangan walang lan madu alas.  Dhèwèké martakké, ”Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa ketimbang aku. Aku ora pantes mbungkuk lan nyopot tali sandhalé.  Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.”  Wektu kuwi, Yésus teka saka Nazarèt ing Galiléa lan dibaptis Yohanes ing Kali Yordan. 10  Ora let suwé sakwisé mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré. 11  Terus ana swara saka langit, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” 12  Ora suwé sakwisé kuwi, roh suci nuntun Yésus menyang padhang belantara. 13  Yésus ana ing padhang belantara 40 dina lan digodha Sétan. Yésus manggon ing antarané kéwan liar, nanging para malaékat ngladèni dhèwèké. 14  Sakwisé Yohanes ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah. 15  Yésus kandha, ”Wektuné wis teka, lan Kratoné Allah wis cedhak. Mertobata, lan nduwéa iman marang kabar apik.” 16  Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok Simon lan Andréas seduluré Simon. Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut merga wong loro kuwi nelayan. 17  Yésus kandha, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” 18  Banjur wong loro kuwi langsung ninggalké jalané lan mèlu Yésus. 19  Sakwisé mlaku ora adoh saka kono, Yésus ndelok Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, sing lagi ndandani jala ing prauné. 20  Yésus langsung ngundang wong loro kuwi. Mula wong loro kuwi ninggalké bapaké, yaiku Zébédéus, ing prau karo para buruhé, lan lunga mèlu Yésus. 21  Wong-wong kuwi banjur lunga menyang Kapernaum. Ing dina Sabat, Yésus lunga menyang sinagogé* lan mulai mulang. 22  Wong-wong padha nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat. 23  Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh najis, lan wong kuwi mbengok, 24  ”Apa urusanku karo kowé, hé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné kanggo nyirnakké aku? Aku ngerti tenan kowé sapa, Sing Suci saka Gusti Allah!” 25  Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi, lan kandha, ”Menenga, lan metua saka wong kuwi!” 26  Roh najis kuwi banjur nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sakbanter-banteré, terus metu saka wong kuwi. 27  Kabèh wong dadi nggumun lan ngomongké kedadéan kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Apa iki? Iki wulangan anyar! Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis, lan roh-roh najis kuwi padha manut marang dhèwèké.” 28  Mula crita bab Yésus cepet banget kesebar ing ngendi-endi, ing kabèh dhaérah Galiléa. 29  Yésus lan para muridé ninggalké sinagogé* kuwi, banjur lunga menyang omahé Simon lan Andréas, Yakobus lan Yohanes uga mèlu. 30  Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon turon ing ambèn lagi demam, lan wong-wong kuwi langsung ngandhani Yésus. 31  Mula Yésus banjur nyedhak marang wong wadon kuwi, ndemèk tangané lan nangèkké wong wadon kuwi. Demamé banjur ilang, lan wong wadon kuwi mulai ngladèni Yésus lan para muridé. 32  Ing wayah wengi, sakwisé srengéngé angslup, wong-wong mulai nggawa marang Yésus kabèh wong sing lara lan kesurupan roh jahat. 33  Wong-wong sak kutha padha nglumpuk ing ngarep lawang. 34  Mula Yésus marèkké akèh wong sing penyakité werna-werna, lan ngusir akèh roh jahat, nanging Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong bab dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.* 35  Ing wayah ésuk, pas isih peteng, Yésus tangi lan metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga. 36  Nanging, Simon lan murid-murid liyané nggolèki dhèwèké ing ngendi-endi. 37  Sakwisé ketemu, murid-muridé kandha, ”Kabèh wong nggolèki panjenengan.” 38  Nanging Yésus kandha, ”Ayo kita lunga menyang panggonan liya, ing kutha-kutha cedhak kéné, supaya aku isa martakké kabar apik ing kono, merga aku teka kanggo nindakké kuwi.” 39  Yésus banjur lunga lan martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé* ing kabèh dhaérah Galiléa lan ngusir roh-roh jahat. 40  Ana wong lara kusta mara nyedhaki Yésus lan nyuwun karo sujud, ”Nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”* 41  Merga mesakké, Yésus banjur ngulungké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.”* 42  Ing wektu kuwi uga, kustané langsung ilang lan dhèwèké ora najis manèh. 43  Yésus langsung ngongkon wong kuwi lunga banjur mènèhi préntah sing tegas, 44  ”Aja kandha sapa-sapa. Nanging lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa, kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.” 45  Nanging sakwisé lunga, wong kuwi mulai nyritakké kedadéan sing dhèwèké alami lan nyebarké kuwi ing ngendi-endi. Yésus dadi ora isa mlebu kutha tanpa dititèni wong-wong, mula dhèwèké banjur lunga menyang njabané kutha, ing panggonan sing sepi. Nanging wong-wong saka ngendi-endi tetep padha mara.

Katrangan Tambahan

Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa mungkin ”roh-roh kuwi ngerti sapa dhèwèké”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”isa nggawé aku ora najis manèh”.
Utawa ”Dadia ora najis manèh”.