Lukas 9:1-62

  • Rolas rasul diwènèhi arahan kanggo nginjil (1-6)

  • Hérodès bingung merga Yésus (7-9)

  • Yésus mènèhi mangan 5.000 wong (10-17)

  • Pétrus ngenali Kristus (18-20)

  • Sédané Yésus diramalké (21, 22)

  • Carané dadi murid sing sejati (23-27)

  • Yésus ditransfigurasi (28-36)

  • Bocah lanang sing kesurupan roh jahat dimarèkke (37-43a)

  • Sédané Yésus diramalké manèh (43b-45)

  • Murid-murid padu bab sapa sing paling penting (46-48)

  • Wong sing ora nglawan kita, wong kuwi mihak kita (49, 50)

  • Salah siji désa ing Samaria nolak Yésus (51-56)

  • Carané mèlu Yésus (57-62)

9  Yésus banjur nyeluk 12 rasulé lan mènèhi wong-wong kuwi kuwasa lan wewenang kanggo ngusir kabèh roh jahat lan kanggo marèkké penyakit.  Yésus ngutus wong-wong kuwi kanggo martakké Kratoné Allah lan marèkké wong lara.  Yésus kandha, ”Ora usah nggawa apa-apa, ora usah nggawa teken, kanthong panganan, roti, dhuwit,* utawa salin.*  Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.  Nèk wong-wong ora gelem nampa kowé, wektu kowé lunga saka kutha kuwi, kebutna* bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.”  Para rasul banjur padha mangkat menyang kabèh désa ing dhaérah kuwi, kanggo martakké kabar apik lan marèkké wong lara.  Hérodès,* panguwasa wilayah* Galiléa, krungu kabèh kedadéan sing wis kelakon, lan dhèwèké bingung banget merga ana sing kandha nèk Yohanes wis diuripké manèh saka antarané wong mati.  Wong liyané kandha nèk Élia njedhul manèh. Ana uga sing kandha nèk salah siji nabi jaman mbiyèn urip manèh.  Hérodès kandha, ”Yohanes wis tak tugel sirahé. Dadi sapa wong iki? Aku krungu akèh perkara bab dhèwèké.” Mula, Hérodès ngupaya isa ketemu Yésus. 10  Wektu bali, para rasul nyritakké marang Yésus kabèh perkara sing wis ditindakké. Banjur Yésus lunga menyang kutha sing jenengé Bètsaida. Yésus mung ngajak para rasulé. 11  Nanging wong akèh padha ngerti, banjur ngetutké Yésus. Lan Yésus nampa wong-wong kuwi kanthi ramah lan mulai mulang wong akèh kuwi bab Kratoné Allah, uga marèkké wong sing lara. 12  Wektu wis soré, 12 rasul nyedhak lan kandha marang Yésus, ”Kongkonen wong-wong iki mulih, supaya isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné, merga awaké dhéwé ana ing panggonan sing adoh saka ngendi-endi.” 13  Nanging Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Para rasul njawab, ”Aku kabèh ora nduwé apa-apa ing kéné, mung ana roti lima lan iwak loro, kejaba nèk aku kabèh lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki.” 14  Cacahé wong-wong kuwi ana kira-kira 5.000 wong lanang. Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh sakelompok-sakelompok, kira-kira 50 wong ing saben kelompok.” 15  Murid-murid banjur ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16  Yésus banjur njupuk roti lima lan iwak loro mau, terus ndhangak ndelok langit lan ndonga. Sakwisé kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi lan mulai mènèhké marang murid-muridé kanggo diedumké marang wong-wong. 17  Mula, kabèh wong kuwi mangan nganti wareg, lan murid-murid nglumpukké sisané, ana 12 kranjang. 18  Wektu Yésus lagi ndonga dhèwèkan, murid-muridé marani Yésus. Banjur Yésus takon marang murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?” 19  Murid-muridé njawab, ”Yohanes Pembaptis, nanging sing liyané kandha Élia, lan sing liyané manèh kandha nèk panjenengan kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.” 20  Yésus takon manèh marang para muridé, ”Nèk miturutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Kristus saka Gusti Allah.” 21  Banjur kanthi tegas, Yésus ngélikké murid-muridé supaya ora ngandhani wong liya bab kuwi. 22  Yésus uga kandha, ”Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan ditolak para pemimpin, imam kepala, lan ahli Taurat, banjur dipatèni lan diuripké manèh ing dina katelu.” 23  Banjur Yésus kandha marang wong kabèh, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané* saben dina, lan terus ngetutké aku. 24  Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku, dhèwèké bakal urip manèh. 25  Saktenané, apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané utawa ngalami cilaka ing uripé? 26  Sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané Manungsa teka nganggo kuwasané,* kuwasané Bapaké, lan kuwasané para malaékat suci. 27  Saktenané aku kandha, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah.” 28  Kira-kira wolung dina sakwisé ngomongké bab kuwi, Yésus ngajak Pétrus, Yohanes, lan Yakobus munggah menyang gunung kanggo ndonga. 29  Wektu Yésus lagi ndonga, wajahé malih lan klambiné dadi putih mengkilap. 30  Ujug-ujug, ana wong loro sing lagi omong-omongan karo Yésus. Wong loro kuwi Musa lan Élia. 31  Wong loro kuwi njedhul nganggo cahya kamulyan lan mulai omong-omongan bab lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm. 32  Wektu kuwi, Pétrus lan kanca-kancané lagi turu. Nanging sakwisé tangi, Pétrus lan kanca-kancané ndelok kamulyané Yésus lan wong lanang loro sing ngadeg bareng Yésus. 33  Wektu wong loro kuwi arep lunga ninggalké Yésus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” Pétrus ora sadhar apa sing diomongké. 34  Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga teka lan mulai nutupi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi wedi. 35  Banjur ana swara saka méga kuwi, ”Iki Putra-Ku, sing wis Tak pilih. Rungokna dhèwèké.” 36  Wektu krungu swara kuwi, wong-wong kuwi ndelok Yésus gari dhèwèkan. Nganti sawetara wektu, murid-murid kuwi tetep meneng lan ora ngandhani sapa-sapa bab apa sing wis didelok mau. 37  Dina sakbanjuré, wektu Yésus lan murid-muridé mudhun saka gunung, kumpulan wong padha marani Yésus. 38  Banjur ana wong lanang sing mbengok saka antarané kumpulan wong kuwi, kandhané, ”Guru, aku nyuwun, tulungana* anakku lanang, merga dhèwèké anakku siji-sijiné. 39  Dhèwèké kesurupan roh jahat lan ujug-ujug njerit-njerit, roh jahat kuwi uga nggawé dhèwèké kejang-kejang lan cangkemé metu busané.* Roh jahat kuwi uga nglarani lan ora gelem metu saka dhèwèké. 40  Aku wis nyuwun tulung murid-muridé panjenengan kanggo ngusir roh jahat kuwi, nanging murid-muridé panjenengan ora isa.” 41  Yésus njawab, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu lan sabar karo kowé kabèh? Gawanen anakmu mréné.” 42  Malah, wektu bocah kuwi lagi mlaku marani Yésus, roh jahat kuwi mbanting bocah kuwi ing lemah lan nggawé dhèwèké kejang-kejang. Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi lan marèkké bocah kuwi, banjur bocah kuwi dipasrahké marang bapaké. 43  Kabèh wong dadi nggumun merga weruh kuwasané Gusti Allah sing agung banget. Wektu wong-wong isih padha nggumun ndelok sing ditindakké Yésus, Yésus kandha marang murid-muridé, 44  ”Rungokna tenanan lan éling-élingen omonganku iki: Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa.” 45  Nanging para murid ora ngerti tegesé omongané Yésus. Sakjané, tegesé omongan kuwi didhelikké saka murid-murid supaya padha ora ngerti tegesé, lan para murid ora wani takon marang Yésus bab omongan kuwi. 46  Banjur, ana udur-uduran ing antarané para murid bab sapa sing paling penting. 47  Yésus ngerti apa sing lagi dipikirké murid-muridé. Mula Yésus ngundang bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing sebelahé Yésus, 48  lan kandha marang murid-muridé, ”Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* kuwi tegesé uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, kuwi ora mung nampa aku, nanging uga nampa Panjenengané sing ngutus aku. Merga wong sing tumindak dadi sing paling cilik ing antarané kowé kabèh, ya dhèwèké kuwi wong sing paling penting.” 49  Mula Yohanes kandha, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.” 50  Nanging Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi. Wong sing ora nglawan kowé, wong kuwi ing pihakmu.” 51  Wektu wis cedhak dinané Yésus kanggo munggah swarga, Yésus nduwé tékad kanggo lunga menyang Yérusalèm. 52  Mula Yésus ngutus sapérangan muridé kanggo lunga ndhisiki dhèwèké. Murid-murid kuwi banjur lunga lan mlebu ing sawijiné désa ing Samaria lan nggawé persiapan kanggo Yésus. 53  Nanging penduduk ing kono padha ora gelem nampa Yésus, merga Yésus nduwé tékad kanggo lunga menyang Yérusalèm. 54  Wektu muridé loro, yaiku Yakobus lan Yohanes weruh bab iki, wong loro kuwi kandha, ”Gusti, apa panjenengan péngin aku kabèh nekakké geni mudhun saka langit kanggo nyirnakké wong-wong kuwi?” 55  Nanging Yésus minger lan nyenèni wong loro kuwi. 56  Yésus lan para muridé banjur lunga menyang désa liyané. 57  Wektu ing perjalanan, ana wong sing kandha marang Yésus, ”Aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” 58  Nanging Yésus kandha, ”Rubah* nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.”* 59  Banjur, Yésus kandha marang wong liyané, ”Dadia muridku.” Wong lanang kuwi kandha, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” 60  Nanging Yésus njawab, ”Ejarna wong mati ngubur wong mati, nanging kowé, wartakna Kratoné Allah ing ngendi-endi.” 61  Sing liyané manèh kandha, ”Gusti, aku bakal mèlu panjenengan, nanging nèk éntuk aku tak pamit dhisik karo keluargaku.” 62  Yésus kandha marang wong kuwi, ”Wong sing ngluku karo ndelok mburi, wong kuwi ora cocog kanggo Kratoné Allah.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”pérak”.
Utawa ”klambi cacahé loro”.
Utawa ”resikana”.
Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tetrark”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Utawa ”jiwané”.
Lit.: ”kamulyané”.
Lit.: ”deloken”.
Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”generasi”.
Utawa ”dikhianati”.
Utawa ”demi jenengku”.
Kéwan kaya asu sing ana ing Israèl.
Lit.: ”panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.