Lukas 2:1-52

  • Yésus lair (1-7)

  • Malaékat nemoni para pangon (8-20)

  • Disunat lan disucèkké (21-24)

  • Siméon ndelok Kristus (25-35)

  • Hana ngomongké bab bocah kuwi (36-38)

  • Bali menyang Nazarèt (39, 40)

  • Yésus wektu umuré 12 taun ana ing bait (41-52)

2  Ing wektu kuwi, Kaisar Agustus mréntahké supaya kabèh penduduk* kudu didaftar.  (Pendaftaran sing kapisan iki dianakké wektu Kuirinius dadi gubernur Siria.)  Mula kabèh wong lunga menyang kutha asalé dhéwé-dhéwé kanggo didaftar.  Yusuf uga lunga saka kutha Nazarèt ing Galiléa menyang kuthané Daud, sing disebut Bètléhèm, ing Yudéa, merga dhèwèké asalé saka keturunan lan keluargané Daud.  Dhèwèké lunga kanggo ndaftar bareng Maria, sing wis dadi bojoné lan sing wis arep nglairké.  Sakwisé wong loro kuwi tekan kono, Maria wis wayahé nglairké.  Dhèwèké nglairké anak lanang, anaké sing mbarep. Dhèwèké nggedhong bocah kuwi nganggo kain lan ndèlèhké bocah kuwi ing wadhah pakan kéwan, merga ing penginepan wis ora ana kamar kanggo nginep.  Ing dhaérah kuwi, uga ana pangon-pangon sing manggon ing lapangan lan lagi njaga wedhus-wedhusé ing wayah wengi.  Ujug-ujug, malaékaté Yéhuwah ngadeg ing ngarepé para pangon kuwi, lan kamulyané Yéhuwah madhangi dhaérah ing sakiwa-tengené wong-wong kuwi. Para pangon kuwi dadi wedi banget. 10  Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi! Aku nggawa kabar apik bab kabungahan gedhé sing bakal dirasakké kabèh wong. 11  Merga dina iki, ing kuthané Daud, wis lair wong sing bakal nylametké kowé. Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti. 12  Iki tandha kanggo kowé: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong nganggo kain lan didèlèhké ing wadhah pakan kéwan.” 13  Ujug-ujug, ana pasukan malaékat sing cacahé akèh banget* padha teka lan muji Gusti Allah bareng karo malaékat mau, kandhané, 14  ”Kamulyan kanggo Gusti Allah ing swarga, lan tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah.” 15  Sakwisé para malaékat mau bali menyang swarga, pangon-pangon kuwi kandha karo siji lan sijiné, ”Ayo awaké dhéwé langsung menyang Bètléhèm lan ndelok apa sing kedadéan, sing wis Yéhuwah ngendikakké marang awaké dhéwé.” 16  Wong-wong kuwi langsung cepet-cepet lunga, nemoni Maria lan Yusuf, uga bayi sing didèlèhké ing wadhah pakan kéwan. 17  Wektu padha ndelok bayi kuwi, wong-wong kuwi nyritakké apa sing wis diomongké para malaékat bab bocah kuwi. 18  Lan kabèh sing krungu critané para pangon kuwi dadi nggumun. 19  Nanging Maria nyimpen kabèh kuwi ing njero atiné lan mikirké tenanan apa tegesé kuwi kabèh. 20  Banjur para pangon kuwi bali karo ngluhurké lan muji Gusti Allah, merga kabèh sing wis dirungokké lan didelok cocog karo apa sing dikandhakké marang wong-wong kuwi. 21  Ing dina kawolu, wektu wayahé bocah kuwi disunat, dhèwèké dijenengi Yésus. Kuwi jeneng sing diomongké malaékat sakdurungé Maria mbobot. 22  Banjur, pas wektuné kanggo mènèhké kurban pasucèn kaya sing wis ditemtokké ing Hukum Musa, Yusuf lan Maria nggawa Yésus menyang Yérusalèm kanggo diduduhké ing ngarsané Yéhuwah, 23  kaya sing ditulis ing Hukum Yéhuwah, ”Saben anak lanang mbarep kudu dikususké* kanggo Yéhuwah.” 24  Wong loro kuwi mènèhké kurban miturut kandhané Hukum Yéhuwah, yaiku ”manuk derkuku sak jodho utawa piyik dara loro”. 25  Ing Yérusalèm, ana wong lanang sing jenengé Siméon. Dhèwèké wong sing bener lan salèh, lan lagi ngarep-arep panglipuran kanggo Israèl. Dhèwèké dituntun roh suci. 26  Sakliyané kuwi, liwat roh suci, Gusti Allah wis ngandhani Siméon nèk dhèwèké ora bakal mati sakdurungé ndelok Kristus sing diutus Yéhuwah. 27  Merga dituntun roh suci, dhèwèké mlebu ing bait. Yésus sing isih cilik uga digawa wong tuwané menyang kono, kanggo nindakké kewajiban sing wis ditulis ing Taurat kanggo dhèwèké.* 28  Siméon nggéndhong bocah kuwi lan muji Gusti Allah, 29  ”Gusti sing Mahakuwasa, kaya sing wis Panjenengan ngendikakké, saiki budhak Panjenengan iki isa mati kanthi tentrem, 30  merga mripatku wis ndelok keslametan 31  sing wis Panjenengan siapké ing ngarepé kabèh bangsa. 32  Dhèwèké kuwi pepadhang kanggo nyingkirké pepeteng sing nutupi bangsa-bangsa, lan dhèwèké kuwi kamulyan kanggo Israèl, umaté Panjenengan.” 33  Bapak lan ibuné bocah kuwi nggumun banget krungu apa sing diomongké Siméon bab bocah kuwi. 34  Siméon uga mberkahi wong loro kuwi lan kandha marang Maria, ibuné bocah kuwi, ”Merga bocah iki, ana wong-wong Israèl sing bakal tiba lan ana sing bakal tangi. Dhèwèké bakal dirèmèhké wong akèh, 35  supaya apa sing dipikirké ing atiné wong akèh isa kebukak. Nanging kowé* bakal ngrasa sedhih, kaya-kaya ditusuk pedhang sing dawa.” 36  Ing kono uga ana nabiah sing jenengé Hana anaké Fanuèl, saka suku Asyèr. Wong wadon iki wis tuwa. Sakwisé nikah, dhèwèké urip karo bojoné mung pitung taun suwéné, 37  banjur dadi randha. Lan saiki umuré 84 taun. Dhèwèké mesthi teka ing bait kanggo ngibadah marang Gusti Allah awan lan bengi nganggo cara pasa lan ndonga kanthi tenanan. 38  Ing wektu kuwi, dhèwèké mara nyedhaki bocah kuwi lan wong tuwané, lan mulai ngucap sokur marang Gusti Allah. Dhèwèké ngomongké bab bocah kuwi marang kabèh wong sing ngentèni Yérusalèm dibébaské. 39  Sakwisé rampung nindakké kabèh sing diwajibké Hukum Yéhuwah, Yusuf lan Maria mulih menyang kuthané, yaiku Nazarèt ing Galiléa. 40  Bocah kuwi terus mundhak gedhé lan kuwat, uga dadi saya wicaksana. Lan bocah kuwi terus ditresnani Gusti Allah. 41  Saben taun, wong tuwané ajeg lunga menyang Yérusalèm kanggo Riyaya Paskah. 42  Lan wektu umur 12 taun, bocah kuwi lan wong tuwané lunga menyang riyaya kuwi kaya biasané. 43  Wektu riyayané rampung, wong-wong padha bali mulih. Nanging Yésus isih kèri ing Yérusalèm, lan wong tuwané ora ngerti. 44  Wong tuwané ngira nèk Yésus ana ing rombongan. Sakwisé mlaku sedina, Yusuf lan Maria mulai nggolèki Yésus ing antarané para seduluré lan kenalané. 45  Nanging merga ora ketemu, Yusuf lan Maria bali manèh menyang Yérusalèm lan nggolèki Yésus ing ngendi-endi. 46  Akiré, sakwisé telung dina, Yusuf lan Maria nemokké Yésus ing bait. Bocah kuwi lagi lungguh ing tengah-tengahé para guru agama karo ngrungokké lan ngejokké akèh pitakonan. 47  Kabèh sing ngrungokké Yésus nggumun banget karo pangertèn lan jawaban-jawabané. 48  Wektu ndelok Yésus, wong tuwané nggumun. Ibuné banjur kandha, ”Lé, ngapa kok kowé nggawé aku lan bapakmu kuwatir? Aku lan bapakmu nganti bingung nggolèki kowé.” 49  Yésus njawab, ”Ngapa Bapak lan Ibu nggolèki aku? Apa Bapak lan Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?” 50  Nanging wong tuwané ora ngerti maksud omongan kuwi. 51  Banjur Yésus mulih bareng wong tuwané menyang Nazarèt, lan dhèwèké terus manut marang wong tuwané. Ibuné nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné. 52  Yésus terus mundhak gedhé lan saya wicaksana, lan saya ditresnani Gusti Allah lan manungsa.

Katrangan Tambahan

Utawa ”sak donya”.
Lit.: ”pasukan swarga sing cacahé akèh banget”.
Utawa ”disucèkké”.
Maksudé, kanggo anak lanang mbarep.
Utawa ”jiwamu”.