Lukas 13:1-35

  • Mertobat utawa mati (1-5)

  • Umpama bab wit ara sing ora metu wohé (6-9)

  • Wong wadon sing bungkuk dimarèkké ing dina Sabat (10-17)

  • Umpama bab wiji sesawi lan ragi (18-21)

  • Butuh upaya kanggo mlebu ing lawang sing sempit (22-30)

  • Hérodès, ”wong licik” (31-33)

  • Yésus nangis lan getun marang Yérusalèm (34, 35)

13  Wektu kuwi, ana wong-wong ing kono sing mènèhi laporan marang Yésus nèk Pilatus matèni wong-wong Galiléa sing lagi mènèhké kurban.  Yésus njawab, ”Apa kok pikir nèk wong-wong Galiléa sing ngalami musibah kuwi dosané luwih gedhé ketimbang wong-wong Galiléa liyané?  Ora babar blas. Nanging nèk kowé ora mertobat, kowé kabèh ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.  Utawa wong 18 sing mati kambrukan menara ing Siloam, apa kok pikir nèk wong-wong kuwi salahé luwih gedhé ketimbang kabèh wong liyané ing Yérusalèm?  Ora babar blas. Nanging nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.”  Banjur Yésus nyritakké umpama iki, ”Ana wong sing nduwé wit ara ing kebon angguré. Dhèwèké mara kanggo nggolèk woh ing wit kuwi, nanging ora nemokké woh siji-sijia.  Banjur dhèwèké ngomong marang tukang keboné, ʼWis telung taun aku nggolèk woh ing wit ara iki, nanging ora tau ana. Tegoren waé! Ora ana gunané wit kuwi thukul ing lemah nèk ora metu wohé.ʼ  Tukang keboné njawab, ʼNdara, coba dientèni setaun manèh. Aku bakal nggali lemah ing sak ubengé lan tak wènèhi pupuk.  Nèk wit iki metu wohé, ya apik. Nanging nèk ora, ya ditegor waé.ʼ” 10  Banjur Yésus mulang ing sinagogé* wektu dina Sabat. 11  Ing kono ana wong wadon sing digawé lara karo roh jahat suwéné 18 taun. Dhèwèké bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. 12  Wektu weruh wong wadon kuwi, Yésus nyeluk dhèwèké lan kandha, ”Kowé dibébaské saka penyakitmu.” 13  Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wadon kuwi, lan wong wadon kuwi langsung ngadeg jejeg lan mulai ngluhurké Gusti Allah. 14  Nanging ketua sinagogé kuwi nesu merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. Dhèwèké kandha marang wong akèh, ”Ana nem dina kanggo kerja. Dadi nèk péngin dimarèkké, tekaa pas dina-dina kuwi, aja ing dina Sabat.” 15  Nanging Gusti njawab, ”Wong munafik, ing dina Sabat kowé ngeculké sapi utawa keledaimu saka kandhang lan nggawa kéwan kuwi kanggo diombèni, ta? 16  Apa manèh wong wadon iki, dhèwèké keturunané Abraham lan wis 18 taun ditalèni Sétan. Mesthiné dhèwèké ya éntuk diuculi saka taliné kuwi ing dina Sabat, ta?” 17  Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing nentang Yésus mulai kisinan. Nanging, wong akèh padha seneng banget ndelok perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Yésus. 18  Banjur Yésus kandha, ”Kratoné Allah kuwi kaya apa, lan isa dipadhakké karo apa? 19  Kuwi kaya wiji sesawi* sing dijupuk lan ditandur wong ing keboné. Wiji kuwi banjur thukul lan dadi wit, lan manuk-manuk ing langit padha nggawé susuh ing pang-pangé.” 20  Yésus banjur kandha manèh, ”Kratoné Allah isa dipadhakké karo apa? 21  Kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wadon lan dicampur karo glepung telung takeran gedhé* nganti kabèh adonan kuwi dadi ngembang.” 22  Ing perjalanané menyang Yérusalèm, Yésus marani kutha-kutha lan désa-désa kanggo mulang wong-wong. 23  Banjur ana wong lanang sing takon, ”Gusti, apa cacahé wong sing dislametké mung sithik?” Yésus njawab, 24  ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu kanggo mlebu liwat lawang sing sempit. Merga aku ngandhani kowé, akèh sing péngin mlebu nanging ora isa. 25  Wektu sing nduwé omah wis ngancing lawangé, kowé bakal ngadeg ing njaba lan dhodhog-dhodhog, karo kandha, ʼNdara, bukakna lawang.ʼ Nanging sing nduwé omah bakal njawab, ʼAku ora ngerti kowé kuwi sapa.ʼ 26  Banjur kowé bakal kandha, ʼAku mangan lan ngombé bareng karo panjenengan, lan panjenengan ya mulang ing dalan-dalan utama ing kuthaku.ʼ 27  Nanging sing nduwé omah bakal njawab, ʼAku ora ngerti kowé kuwi sapa. Lungaa kana, wong-wong sing nindakké kejahatan!ʼ 28  Ing kana kowé bakal nangis lan gela banget* wektu weruh Abraham, Ishak, Yakub, lan kabèh nabi, ana ing Kratoné Allah, nanging kowé dhéwé diuncalké menyang njaba. 29  Banjur, wong-wong bakal teka saka wétan lan kulon, uga saka lor lan kidul, lan bakal lungguh kanggo mangan ing Kratoné Allah. 30  Pancèn, ana wong-wong sing pungkasan sing bakal dadi sing kapisan, lan ana wong-wong sing kapisan sing bakal dadi sing pungkasan.” 31  Wektu kuwi ana wong-wong Farisi sing mara lan kandha marang Yésus, ”Metua lan lungaa saka kéné, merga Hérodès péngin matèni kowé.” 32  Banjur Yésus kandha, ”Lungaa lan kandhanana wong licik* kuwi, ʼDina iki lan sésuk aku ngusir roh-roh jahat lan marèkké wong, banjur sésuké manèh* aku bakal rampung.ʼ 33  Senajan ngono, aku kudu tetep neruské perjalananku dina iki, sésuk, lan sésuké manèh, merga ora mungkin nabi dipatèni ing njaba kutha Yérusalèm. 34  Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. 35  Mula, baitmu* bakal ditinggal dadi suwung lan sepi. Aku kandha marang kowé, kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ʼMuga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!ʼ”

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”wiji moster”. Wiji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.
Lit.: ”takeran sea”. 1 sea = 7,33 L.
Utawa ”ngerotké untu”.
Lit.: ”rubah”, kéwan sing licik sing ana ing Israèl.
Lit.: ”ing dina katelu”.
Lit.: ”omahmu”.