Lukas 12:1-59

  • Raginé wong-wong Farisi (1-3)

  • Wedia marang Gusti Allah, dudu manungsa (4-7)

  • Ngakoni dadi muridé Kristus (8-12)

  • Umpama bab wong sugih sing bodho (13-21)

  • Aja kuwatir manèh (22-34)

    • Kelompok cilik (32)

  • Tetep jaga-jaga (35-40)

  • Pengurus sing setya lan sing ora setya (41-48)

  • Ora nggawa rukun, nanging misahké wong-wong (49-53)

  • Kudu nitèni kahanané jaman (54-56)

  • Ngrampungké masalah (57-59)

12  Ing wektu kuwi, ana éwonan wong sing padha ngumpul. Saking akèhé, sikilé wong-wong kuwi kepidak-pidak. Yésus banjur kandha, sing kapisan marang murid-muridé dhisik, ”Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi, yaiku kelakuané sing munafik.  Kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.  Dadi, apa sing kok kandhakké ing pepeteng bakal dirungokké ing pepadhang, lan apa sing kok bisikké ing kamar bakal diwartakké saka ndhuwur omah.  Sakliyané kuwi, aku kandha marang kowé, kanca-kancaku, aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging sakwisé kuwi ora isa nindakké apa-apa manèh.  Aku bakal ngandhani kowé sapa sing kudu kok wedèni. Wedia marang Panjenengané sing isa matèni kowé, lan sakwisé kuwi nduwé kuwasa kanggo nguncalké kowé menyang Géhéna.* Aku ngandhani kowé, wedia marang Panjenengané.  Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik,* ta? Nanging, ora ana manuk emprit siji waé sing dilalèkké* Gusti Allah.  Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.  ”Aku kandha marang kowé, saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa, uga bakal diakoni Putrané manungsa ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah.  Nanging, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa uga ora bakal diakoni ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah. 10  Sapa waé sing ngomong nglawan Putrané manungsa, dhèwèké bakal diapura. Nanging, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. 11  Nèk wong-wong kuwi nggawa kowé ing ngarepé pertemuan umum,* para pejabat, lan panguwasa, aja kuwatir bab piyé carané kowé bakal mbéla awakmu utawa bab apa sing bakal kok omongké, 12  merga ing wektu kuwi uga, roh suci bakal ngajari kowé apa sing kudu kok omongké.” 13  Banjur, salah siji saka kumpulan wong kuwi kandha, ”Guru, kongkonen kakangku mbagi warisané karo aku.” 14  Yésus kandha marang wong kuwi, ”Sapa sing ngangkat aku dadi hakim utawa dadi panengah kanggo kowé lan kakangmu?” 15  Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Padha sing waspada, lan edohana saben jenis keserakahan,* merga senajan wong nduwé bandha akèh, nanging bandha kuwi ora mènèhi dhèwèké urip.” 16  Mula Yésus nyritakké umpama iki, ”Ana wong sugih sing lemahé ngasilké panènan sing akèh banget. 17  Dadi dhèwèké mulai mikir, ʼAku ora nduwé panggonan kanggo ngumpulké panènanku. Terus aku kudu piyé?ʼ 18  Banjur dhèwèké mikir manèh, ʼIki sing bakal tak tindakké: Aku bakal ngrubuhké gudhang-gudhangku lan mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku, 19  lan aku bakal kandha marang awakku dhéwé: ”Kowé wis nglumpukké akèh bandha sing isa kok enggo urip nganti pirang-pirang taun manèh. Mula saiki kowé isa lèrèn, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.”ʼ 20  Nanging Gusti Allah ngendika marang dhèwèké, ʼWong sing ora masuk akal! Wengi iki kowé bakal kélangan nyawamu.* Mula sapa sing bakal nduwèni barang-barang sing kok simpen?ʼ 21  Iya kaya ngono kuwi dadiné wong sing nglumpukké bandha kanggo awaké dhéwé, nanging ora sugih ing ngarsané Gusti Allah.” 22  Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Mula aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh bab uripmu* yaiku apa sing arep kok pangan, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. 23  Merga urip* kuwi luwih aji ketimbang panganan, lan badan kuwi luwih aji ketimbang sandhangan. 24  Coba gatèkna manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar winih utawa manèn, lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, nanging Gusti Allah maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé luwih aji ketimbang manuk-manuk, ta? 25  Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 26  Dadi, nèk perkara sepélé kaya ngono waé ora isa kok tindakké, kanggo apa kuwatir bab perkara-perkara liyané? 27  Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njahit, nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. 28  Nèk tanduran ing kebon sing saiki urip terus sésuk diobong waé diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan, hé kowé sing imané cilik! 29  Mula aja kuwatir manèh bab apa sing arep kok pangan lan apa sing arep kok ombé, lan aja terlalu kuwatir manèh. 30  Sebab, kabèh kuwi perkara-perkara sing digolèki bangsa-bangsa ing donya kanthi mempeng, nanging Bapakmu pirsa nèk kowé mbutuhké kuwi. 31  Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah, lan perkara-perkara iki bakal diparingké marang kowé. 32  ”Aja wedi, kelompok cilik,* merga Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi. 33  Edolen barang-barangmu lan wènèhana sedhekah. Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku bandha ing swarga sing ora bakal entèk. Ing kono, bandha kuwi ora isa dicolong wong utawa dirusak renget.* 34  Sebab ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi uga atimu. 35  ”Nganggoa klambi lan siap-siapa,* lan pastèkna lampu minyakmu murub terus. 36  Kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih saka pésta mantèn. Wektu majikané teka lan ndhodhog lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. 37  Bungah budhak-budhak kuwi wektu majikané teka ngonangi budhak-budhaké tetep jaga-jaga. Saktenané aku kandha marang kowé, majikan kuwi bakal siap-siap,* lan ngongkon budhak-budhaké lungguh ing ngarep méja, banjur dhèwèké bakal mara nyedhak lan ngladèni budhak-budhaké. 38  Bungah budhak-budhak kuwi nèk majikané teka ing giliran jaga kapindho,* utawa malah katelu,* lan weruh budhak-budhaké tetep siap. 39  Pikirna bab iki, nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi ora bakal ngejarké omahé dibobol. 40  Mula, kowé tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.” 41  Banjur Pétrus takon, ”Gusti, panjenengan nyritakké umpama iki mung kanggo aku kabèh, utawa uga kanggo wong liyané?” 42  Gusti njawab, ”Sapa sakjané pengurus* sing setya, sing wicaksana, sing bakal dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan kuwi ing wektu sing pas? 43  Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. 44  Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané. 45  Nanging umpama budhak kuwi mbatin, ʼMajikanku tekané isih suwé,ʼ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wadon, uga mangan lan ngombé nganti mendem, 46  majikané bakal teka ing wayah sing ora disangka-sangka lan ing jam sing dhèwèké ora ngerti, banjur majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot, uga bakal mènèhi dhèwèké panggonan bareng wong-wong sing ora setya. 47  Banjur budhak kuwi, sing ngerti karepé majikané, nanging ora siap-siap utawa nindakké sing dipréntahké majikané,* bakal digebugi ping bola-bali. 48  Nanging budhak sing ora ngerti karepé majikané, banjur nindakké kesalahan sing marakké dhèwèké pantes digebugi, bakal digebugi mung ping sithik. Pancèn, wong sing diwènèhi akèh bakal dijaluki akèh, lan wong sing diwènèhi akèh tanggung jawab bakal dituntut luwih akèh saka biasané. 49  ”Aku teka kanggo ngurubké geni ing bumi. Geniné wis murub, dadi apa manèh sing tak péngini? 50  Sakjané, ana baptisan sing kudu tak lakoni, lan sakdurungé kuwi kelakon, atiku susah banget. 51  Apa kok pikir aku teka kanggo nggawa rukun ing bumi? Ora. Nanging aku teka kanggo misahké wong-wong. 52  Mulai saiki, wong lima ing sakeluarga bakal nglawan siji lan sijiné. Sing telu nglawan sing loro, lan sing loro nglawan sing telu. 53  Keluarga kuwi bakal ora rukun: bapak nglawan anaké lanang lan anak lanang nglawan bapaké, ibu nglawan anaké wadon lan anak wadon nglawan ibuné, ibu maratuwa nglawan mantuné wadon lan mantu wadon nglawan ibuné maratuwa.” 54  Banjur, Yésus uga kandha marang wong-wong, ”Nèk kowé ndelok méga peteng ing sisih kulon, kowé langsung kandha, ʼBakal ana udan angin,ʼ lan kuwi sing kelakon. 55  Lan nèk kowé weruh anginé tekané saka kidul, kowé kandha, ʼHawané bakal panas banget,ʼ lan kuwi sing kelakon. 56  Wong-wong munafik, kowé ngerti carané nitèni cuaca bakal kaya apa wektu ndelok bumi lan langit, nanging ngapa kok kowé ora ngerti carané nitèni bab-bab sing kelakon saiki? 57  Apa sebabé kowé ora ngerti apa sing kuduné kok tindakké? 58  Contoné, wektu kowé lunga kanggo nemoni panguwasa bareng karo wong sing nuntut kowé ing bab hukum, ngupayaa ngrampungké masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé ing ngarepé hakim, lan hakim nyerahké kowé marang petugas pengadilan, lan petugas pengadilan nglebokké kowé ing penjara. 59  Aku kandha marang kowé, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu, nganti dhuwit rècèh cilik* sing pungkasan.”

Katrangan Tambahan

Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”rong asarion”.
Utawa ”disepèlèkké”.
Utawa ”ing ngarepé panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”pepénginan marang duwèké wong liya”.
Utawa ”jiwamu”.
Utawa ”jiwamu”.
Utawa ”jiwa”.
Lit.: ”sak hasta”.
Utawa ”kelompok cilik wedhus gèmbèl”.
Serangga sing sok mangan sandhangan.
Lit.: ”Nganggoa sabuk”.
Utawa ”nganggo sabuké”.
Saka kira-kira jam 9 wengi nganti tengah wengi.
Saka tengah wengi nganti kira-kira jam 3 subuh.
Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.
Utawa ”nindakké cocog karo karepé majikané”.
Lit.: ”lepton”.