Lukas 10:1-42

  • Yésus ngutus 70 murid (1-12)

  • Cilaka kanggo kutha-kutha sing ora mertobat (13-16)

  • Pitung puluh murid bali marang Yésus (17-20)

  • Yésus ngluhurké Bapaké merga nduduhké kersané marang wong sing andhap asor (21-24)

  • Umpama bab wong Samaria sing apikan (25-37)

  • Yésus marani Marta lan Maria (38-42)

10  Sakwisé kuwi, Yésus milih 70 wong liyané lan ngutus wong-wong kuwi loro-loro kanggo ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing bakal diparani.  Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.  Lungaa! Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya anak wedhus gèmbèl ing antarané serigala.  Aja nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, utawa sandhal, lan aja mènèhi salam* marang sapa waé wektu ana ing dalan.  Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, kandhaa dhisik, ʼMuga-muga ana katentreman ing omah iki.ʼ  Nèk ing kono ana wong sing seneng marang katentreman,* dhèwèké bakal éntuk katentreman sing kok suwunké. Nanging nèk ora ana, katentreman kuwi bakal bali marang kowé.  Manggona ing omahé, uga mangana lan ngombéa apa sing disedhiyakké wong kuwi, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé. Aja pindhah-pindhah saka siji omah menyang omah liyané.  ”Lan nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé nampa kowé, panganen apa sing disuguhké marang kowé,  marèkna wong lara sing ana ing kono, uga kandhaa, ʼKratoné Allah wis cedhak.ʼ 10  Nanging, nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé ora nampa kowé, lungaa menyang dalan-dalan utama kutha kuwi lan kandhaa, 11  ʼAku kabèh ngebutké bledug saka kuthamu sing nèmplèk ing sikilku, supaya dadi pangéling-éling kanggo kowé. Nanging kowé kudu ngerti nèk Kratoné Allah wis cedhak.ʼ 12  Aku ngandhani kowé nèk ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo kutha Sodom bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kutha kuwi. 13  ”Cilaka kowé, kutha Khorazin! Cilaka kowé, kutha Bètsaida! Merga saumpama mukjijat-mukjijat sing kok delok kuwi kelakon ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana wiwit mbiyèn mesthi wis mertobat, lungguh nganggo kain goni lan awu. 14  Mula ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kowé. 15  Lan kowé, Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora! Kowé bakal mlebu ing Kuburan.* 16  ”Sapa waé sing ngrungokké kowé, ngrungokké aku. Sapa waé sing nolak kowé, uga nolak aku. Lan sapa waé sing nolak aku, uga nolak Panjenengané sing ngutus aku.” 17  Banjur, wong 70 mau bali kanthi bungah lan kandha, ”Gusti, roh-roh jahat waé manut karo aku kabèh wektu aku kabèh nggunakké jeneng panjenengan.” 18  Mula Yésus kandha, ”Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit. 19  Aku wis mènèhi kowé kuwasa kanggo ngidak-idak ula lan kalajengking, lan kanggo ngalahké kabèh kekuwatané mungsuh. Ora ana sing bakal nyilakani kowé. 20  Senajan ngono, aja bungah merga roh-roh kuwi manut karo kowé, nanging bungaha merga jenengmu wis ditulis ing swarga.” 21  Ing wektu kuwi uga, roh suci nggawé Yésus bungah banget, banjur Yésus kandha, ”Bapakku, Panguwasa langit lan bumi, aku ngluhurké Panjenengan ing ngarepé wong-wong iki. Merga Panjenengan ndhelikké bab-bab iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter, nanging nduduhké marang wong-wong sing andhap asor kaya bocah cilik. Iya iki, Bapak, sing dadi kersané Panjenengan. 22  Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana wong sing kenal sapa Putra kuwi kejaba Bapak, lan ora ana wong sing kenal sapa Bapak kuwi kejaba Putra. Wong isa kenal sapa Bapak kuwi mung nèk Putra gelem ngandhani wong kuwi bab Bapak.” 23  Banjur wektu ora ana wong liya, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bungah wong sing ndelok perkara-perkara sing kok delok. 24  Merga aku kandha marang kowé, akèh nabi lan raja péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu.” 25  Salah siji ahli Taurat ngadeg kanggo nguji Yésus lan takon, ”Guru, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 26  Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Apa sing kok ngertèni?” 27  Wong kuwi njawab, ”ʼTresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* sakwutuhé kekuwatanmu, lan sakwutuhé pikiranmuʼ lan ʼtresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.ʼ” 28  Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi lan kowé bakal nampa urip.” 29  Nanging merga péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bener, wong kuwi takon marang Yésus, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” 30  Yésus njawab, ”Ana wong lanang sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho, lan dirampok. Para perampok kuwi ngrampas klambi lan bandhané, nggebugi wong kuwi nganti arep mati, banjur ninggalké wong kuwi. 31  Ndilalah ana imam sing uga mudhun liwat dalan kuwi. Nanging wektu ndelok wong lanang mau, imam kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. 32  Semono uga wong Lèwi. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong lanang mau, wong Lèwi kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. 33  Nanging, ana wong Samaria sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong lanang mau, dhèwèké ngrasa mesakké. 34  Mula wong Samaria kuwi nyedhaki wong lanang mau, terus ngesokké lenga lan anggur ing luka-lukané, banjur diperban. Sakwisé kuwi, wong Samaria kuwi ngunggahké wong lanang mau ing ndhuwur keledainé, nggawa dhèwèké menyang penginepan, lan ngrumat dhèwèké. 35  Ing dina sakbanjuré, wong kuwi ngetokké dhuwit rong dinar,* banjur mènèhké marang wong sing nduwé penginepan, lan kandha, ʼRumaten wong iki, lan nèk ragad sing kok wetokké luwih saka iki, aku bakal ngijoli wektu aku bali.ʼ 36  Miturutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing dadi pepadhané wong sing dirampok kuwi?” 37  Wong kuwi njawab, ”Wong sing nduduhké welas asih marang wong sing dirampok mau.” Yésus banjur kandha, ”Lungaa lan tindakna sing padha.” 38  Yésus lan murid-muridé neruské perjalanan lan mlebu ing salah siji désa. Ing kono, ana wong wadon sing jenengé Marta ngundang Yésus menyang omahé. 39  Dhèwèké uga nduwé adhi wadon sing jenengé Maria. Maria lungguh ing cedhak sikilé Gusti lan terus ngrungokké omongané. 40  Nanging, Marta ora nggatèkké merga répot nandangi akèh gawéan. Mula, dhèwèké mara lan kandha marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan ora weruh nèk Maria ngejarké aku nandangi kabèh dhèwèkan? Kongkonen dhèwèké ngéwangi aku.” 41  Gusti njawab, ”Marta, Marta, kowé terlalu nguwatirké akèh perkara. 42  Padahal sing dibutuhké mung sithik, utawa malah mung siji. Nèk Maria, dhèwèké wis milih bagéan sing paling apik, lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”aja ngekep sapa waé wektu mènèhi salam”.
Utawa ”sahabat katentreman”.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jiwamu”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.
Utawa ”wong liya”.
Deloken Daftar Istilah.