Kisah 8:1-40

  • Saul nganiaya jemaat (1-3)

  • Hasil pelayanané Filipus ing Samaria (4-13)

  • Pétrus lan Yohanes diutus menyang Samaria (14-17)

  • Simon péngin nuku roh suci (18-25)

  • Pejabat penting Étiopia (26-40)

8  Bab Saul, dhèwèké setuju Stéfanus dipatèni. Wiwit wektu kuwi, jemaat ing Yérusalèm mulai dianiaya kanthi kejem, banjur kabèh murid padha mencar menyang dhaérah Yudéa lan Samaria, mung para rasul sing tetep ana ing Yérusalèm.  Wong-wong sing setya marang Gusti Allah ngubur Stéfanus lan padha nangisi dhèwèké.  Nanging Saul mulai nganiaya jemaat nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon disèrèd metu banjur dilebokké penjara.  Senajan ngono, murid-murid sing padha mencar kuwi padha martakké kabar apik bab pangandikané Gusti Allah ing akèh dhaérah ing negara kuwi.  Banjur, Filipus lunga menyang kutha* Samaria lan mulai martakké bab Kristus ing kana.  Wong akèh sing ngumpul ing kana padha nggatèkké Filipus kanthi tenanan, karo ngrungokké omongané lan ndelok mukjijat* sing ditindakké Filipus.  Wektu kuwi, ana akèh roh-roh najis sing mbengok-mbengok lan metu saka akèh wong sing kesurupan. Sakliyané kuwi, ana akèh wong lumpuh lan pincang sing dimarèkké.  Mula penduduk kutha kuwi padha bungah banget.  Ing kutha kuwi ana wong lanang sing jenengé Simon, sing ndhisik nggunakké ilmu gaib. Dhèwèké ngaku-aku wong sing hébat, lan nggawé wong-wong Samaria nggumun marang dhèwèké. 10  Kabèh wong, saka wong biasa nganti wong penting, padha nggatèkké dhèwèké kanthi tenanan lan kandha, ”Ya wong iki Kuwasané Gusti Allah, sing disebut Hébat.” 11  Wong-wong kuwi wis suwé nggumun karo ilmu gaibé Simon, mula wong-wong kuwi padha nggatèkké dhèwèké kanthi tenanan. 12  Nanging, wektu Filipus martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan bab jenengé Yésus Kristus, akèh wong lanang lan wong wadon percaya marang Filipus, banjur dibaptis. 13  Simon dhéwé uga dadi wong percaya, lan sakwisé dibaptis, dhèwèké bareng terus karo Filipus. Dhèwèké nggumun wektu ndelok tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sing ditindakké Filipus. 14  Wektu para rasul ing Yérusalèm krungu nèk wong-wong ing Samaria wis nampa pangandikané Gusti Allah, para rasul kuwi ngutus Pétrus lan Yohanes mrana. 15  Banjur rasul loro kuwi lunga menyang Samaria, lan sakwisé tekan kana, rasul loro kuwi ndonga supaya wong-wong ing kana éntuk roh suci. 16  Merga wektu kuwi, durung ana siji-sijia ing antarané wong-wong ing kana sing nampa roh suci, lan wong-wong kuwi mung dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus. 17  Rasul loro kuwi banjur numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi mulai padha nampa roh suci. 18  Simon ndelok wong-wong padha nampa roh suci wektu para rasul numpangké tangan ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi, mula Simon nawakké dhuwit marang para rasul, 19  lan kandha, ”Wènèhana aku kuwasa kaya ngono uga, supaya saben wong isa nampa roh suci wektu aku numpangké tanganku ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi.” 20  Nanging Pétrus kandha marang Simon, ”Muga-muga kowé sirna bareng karo dhuwitmu, merga kowé mikir nèk anugrah saka Gusti Allah isa kok tuku nganggo dhuwit. 21  Kowé ora nduwé bagéan ing bab iki, merga atimu ora tulus ing ngarsané Gusti Allah. 22  Mula mertobata saka pikiranmu sing ala kuwi. Nyuwuna marang Yéhuwah, lan muga-muga niat sing ala ing atimu diapura. 23  Aku ngerti nèk kowé kuwi kaya racun* sing pait lan budhaké kejahatan.” 24  Simon njawab, ”Tulung nyuwuna marang Yéhuwah kanggo aku, supaya apa sing kok omongké kuwi ora kelakon marang aku.” 25  Mula, sakwisé mènèhi kesaksian kanthi tliti lan martakké pangandikané Yéhuwah, rasul loro kuwi bali menyang Yérusalèm karo martakké kabar apik ing désa-désané wong Samaria. 26  Nanging malaékaté Yéhuwah ngandhani Filipus, ”Ngadega lan lungaa ngidul ing dalan sing mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza.” (Dalan iki ana ing gurun.) 27  Filipus banjur ngadeg lan lunga, lan jebulé ing dalan kuwi ana pejabat penting Étiopia ing pamréntahané Kandaké, ratu wong Étiopia. Dhèwèké nduwé tugas ngurus kabèh bandhané kraton. Dhèwèké lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah, 28  lan saiki lagi ing dalan arep mulih. Dhèwèké numpak andhong lan lagi maca tulisané Nabi Yésaya nganggo swara seru. 29  Gusti Allah ngendika marang Filipus liwat roh suciné, ”Paranana, cedhakana andhong kuwi.” 30  Filipus mlayu njèjèri andhong kuwi lan krungu pejabat Étiopia kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya. Filipus takon, ”Apa panjenengan ngerti apa sing panjenengan waca kuwi?” 31  Pejabat Étiopia kuwi njawab, ”Piyé aku isa ngerti nèk ora ana sing njelaské maknané marang aku?” Mula dhèwèké ngejak Filipus munggah ing andhongé lan lungguh bareng dhèwèké. 32  Iki ayat ing Kitab Suci sing diwaca pejabat Étiopia kuwi, ”Kaya wedhus gèmbèl, dhèwèké digiring kanggo dipatèni. Kaya cempé sing tetep meneng ing ngarepé wong sing nyukur wuluné, dhèwèké ora mbukak tutuké. 33  Wektu dhèwèké dirèmèhké, kaadilan dijupuk saka dhèwèké. Merga dhèwèké bakal sirna saka bumi, sapa sing bakal nyritakké asal-usulé?” 34  Pejabat Étiopia kuwi banjur takon marang Filipus, ”Tulung kandhanana aku, sapa sing diomongké nabi iki? Nabi kuwi dhéwé utawa wong liya?” 35  Filipus mulai ngomong, lan mulai saka ayat kuwi, dhèwèké martakké kabar apik bab Yésus marang pejabat Étiopia kuwi. 36  Wektu isih ing dalan, Filipus lan pejabat Étiopia kuwi tekan ing panggonan sing akèh banyuné, lan pejabat kuwi kandha, ”Kuwi ana banyu. Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” 37  *—— 38  Banjur pejabat kuwi ngongkon supaya andhongé mandheg, terus Filipus lan pejabat kuwi mudhun ing banyu, lan Filipus mbaptis pejabat kuwi. 39  Wektu wong loro kuwi metu saka banyu, roh suciné Yéhuwah kanthi cepet nggawa Filipus lunga saka kono, lan pejabat kuwi ora ndelok Filipus manèh. Pejabat kuwi neruské perjalanané karo bungah. 40  Nanging, Filipus ana ing Asdod. Filipus lunga menyang kabèh wilayah kuwi lan terus martakké kabar apik ing kabèh kutha, nganti dhèwèké tekan Kaisaréa.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”salah siji kutha ing”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”empedu”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.