Kisah 7:1-60

  • Stéfanus ngomong ing ngarepé Sanhèdrin (1-53)

    • Sejarah para leluhuré Israèl (2-16)

    • Musa mimpin Israèl; Israèl nyembah brahala (17-43)

    • Gusti Allah ora manggon ing panggonan gawéané manungsa (44-50)

  • Stéfanus dibandhemi watu (54-60)

7  Imam agung banjur takon, ”Apa kuwi kabèh bener?”  Stéfanus njawab, ”Sedulur-sedulur, bapak-bapak, rungokna aku. Gusti Allah sing mulya wis ngétok marang leluhur kita Abraham wektu Abraham ing Mésopotamia, sakdurungé dhèwèké manggon ing Haran.  Gusti Allah ngendika, ’Lungaa saka tanahmu lan saka sanak sedulurmu, banjur lungaa menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.’  Mula Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Lan saka kana, sakwisé bapaké Abraham mati, Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké pindhah menyang tanah sing saiki kok enggoni.  Senajan ngono, Gusti Allah ora maringi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Nanging Gusti Allah janji arep maringi tanah sing dijanjèkké kuwi dadi duwèké Abraham, banjur keturunané,* senajan wektu kuwi Abraham ora nduwé anak.  Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngandhani dhèwèké nèk keturunané* bakal dadi penduduk asing ing negara liya, uga bakal didadèkké budhak lan ditindhes saksuwéné 400 taun.  Gusti Allah ngendika, ’Lan negara sing ndadèkké kowé budhaké bakal Tak adili.’ Gusti Allah ngendika manèh, ’Lan sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bakal metu saka kono lan ngibadah marang aku ing panggonan iki.’  ”Gusti Allah uga nggawé perjanjian sunat karo Abraham, lan Abraham dadi bapaké Ishak lan nyunat Ishak ing dina kawolu. Banjur Ishak dadi bapaké* Yakub, lan Yakub dadi bapaké 12 anak lanang sing dadi leluhur kita.*  Lan para leluhur kita kuwi dadi iri marang seduluré, yaiku Yusuf, lan ngedol Yusuf menyang Mesir. Nanging Gusti Allah ngayomi Yusuf, 10  lan mbébaské dhèwèké saka kabèh kasengsarané lan nggawé Yusuf wicaksana lan nyenengké ing ngarepé Firaun, raja Mesir. Banjur Firaun nglantik Yusuf kanggo mréntah Mesir lan ngurus istanané Firaun. 11  Nanging banjur ana kurang pangan ing kabèh dhaérah ing Mesir lan Kanaan, kahanan sing nyengsarakké banget, lan para leluhur kita ora nduwé panganan. 12  Nanging Yakub krungu nèk ing Mesir ana akèh panganan,* mula dhèwèké ngutus para leluhur kita lunga mrana kanggo sing sepisanan. 13  Wektu teka sing kaping pindhoné, Yusuf ngaku marang sedulur-seduluré bab sapa dhèwèké. Lan akiré Firaun dadi ngerti keluargané Yusuf. 14  Mula Yusuf ngirim pesen marang bapaké, yaiku Yakub, lan kabèh keluargané, kanggo ninggalké Kanaan lan lunga menyang Mesir. Jumlahé wong-wong kuwi ana 75 wong.* 15  Banjur Yakub lunga menyang Mesir, lan akiré mati ing kana, semono uga karo para leluhur kita. 16  Balung-balungé para leluhur kuwi banjur digawa menyang Syikhèm lan dikubur ing kuburan sing dituku Abraham saka anak-anaké Hamor ing Syikhèm. 17  ”Pas wektuné saya cedhak kanggo netepi janjiné Gusti Allah marang Abraham, wong-wong Israèl jumlahé dadi saya akèh banget ing Mesir, 18  nganti ana raja liya sing mréntah Mesir, sing ora kenal karo Yusuf. 19  Raja iki licik banget marang bangsa kita, dhèwèké nganiaya lan meksa para leluhur kita mbuwang bayi-bayiné supaya bayi-bayi kuwi mati. 20  Ing wektu kuwi Musa lair, lan dhèwèké bagus banget.* Lan saksuwéné telung sasi, dhèwèké diopèni* ing omahé bapaké. 21  Nanging wektu wong tuwané kepeksa mbuwang dhèwèké, anak wadoné Firaun njupuk lan ngopèni dhèwèké kaya anaké dhéwé. 22  Mula Musa nampa pendidikan sing paling apik* ing Mesir. Omongané lan tumindaké nggumunké banget. 23  ”Wektu umur 40 taun, Musa mutuské* kanggo ndelok kahanané sedulur-seduluré, yaiku wong-wong Israèl. 24  Pas ndelok ana wong Mesir tumindak jahat marang wong Israèl, Musa banjur mbélani seduluré lan matèni wong Mesir mau kanggo mbales tumindak jahaté. 25  Musa ngira sedulur-seduluré bakal paham nèk Gusti Allah bakal maringi keslametan marang wong-wong kuwi liwat dhèwèké, nanging wong-wong kuwi ora paham. 26  Ing dina sakbanjuré, Musa marani manèh seduluré lan ndelok ana loro seduluré lagi gelut. Musa nyoba ngrukunké lan kandha, ’Kowé iki kan sedulur. Ngapa kok malah gelut kaya ngéné?’ 27  Nanging wong sing njotos kancané kuwi nolak Musa lan kandha, ’Sapa sing nglantik kowé dadi pemimpin lan hakim kanggo aku? 28  Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé wingi matèni wong Mesir kaé?’ 29  Wektu krungu kuwi, Musa langsung mlayu ninggalké Mesir lan manggon dadi penduduk asing ing Midian. Ing kana, Musa nduwé anak lanang loro. 30  ”Sakwisé 40 taun, ana malaékat sing ngétok marang Musa ing padhang belantara cedhak Gunung Sinai, ing wujud geni sing murub ing grumbulan suket eri. 31  Wektu ndelok kuwi, Musa nggumun banget. Nanging pas dhèwèké nyedhak kanggo mriksa, dhèwèké krungu swarané Yéhuwah sing ngendika, 32  ’Aku Gusti Allahé leluhurmu, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Musa dadi ndredheg lan ora wani mara luwih cedhak manèh. 33  Yéhuwah ngendika, ’Copoten sandhalmu, merga panggonanmu ngadeg kuwi suci. 34  Aku wis ndelok piyé umat-Ku ditindhes ing Mesir, Aku uga wis krungu umat-Ku padha sambat, lan Aku wis mudhun kanggo nylametké wong-wong kuwi. Saiki, Aku bakal ngutus kowé menyang Mesir.’ 35  Ya Musa iki sing wis ditolak wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ’Sapa sing nglantik kowé dadi pemimpin lan hakim?’ Liwat malaékat sing ngétok marang dhèwèké ing suket eri, Gusti Allah ngutus dhèwèké dadi pemimpin lan wong sing mbébaské. 36  Musa mimpin para leluhur kita metu saka Mesir lan nindakké perkara-perkara sing ajaib lan mukjijat-mukjijat* ing Mesir, ing Laut Merah, lan ing padhang belantara saksuwéné 40 taun. 37  ”Ya Musa iki sing kandha marang wong-wong Israèl, ’Gusti Allah bakal nglantik nabi kaya aku saka bangsa kita kanggo kowé.’ 38  Musa kuwi wong sing ana ing antarané wong-wong Israèl ing padhang belantara, bareng karo malaékat sing ngomong marang dhèwèké ing Gunung Sinai lan bareng para leluhur kita, lan dhèwèké nampa pangandika sing langgeng saka Gusti Allah kanggo diomongké marang kita. 39  Nanging para leluhur kita ora gelem manut marang dhèwèké. Wong-wong kuwi nolak dhèwèké, lan ing njero atiné padha péngin bali menyang Mesir. 40  Wong-wong kuwi kandha marang Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku kabèh. Merga aku kabèh ora ngerti piyé kahanané Musa saiki, yaiku wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir.’ 41  Mula wong-wong kuwi nggawé patung anak sapi lan mènèhké kurban marang patung kuwi, banjur nganakké pésta kanggo ngrayakké apa sing wis digawé kuwi. 42  Mula Gusti Allah ninggalké wong-wong kuwi lan ngejarké wong-wong kuwi nyembah bintang-bintang ing langit, kaya sing wis ditulis ing Kitab Para Nabi, sing kandha, ’Wong Israèl, kowé padha mènèhké kurban lan persembahan saksuwéné 40 taun ing padhang belantara, nanging kuwi ora kok wènèhké marang Aku, ta? 43  Sing kok usung ing ngendi-endi kuwi kémahé Molokh lan ukiran bintang Déwa Réfan. Kuwi patung-patung sing kok gawé kanggo disembah. Mula Aku bakal mbuwang kowé luwih adoh saka Babilon.’ 44  ”Para leluhur kita nduwé tabernakel* ing padhang belantara, kaya sing Gusti Allah préntahké marang Musa kanggo nggawé kuwi, manut karo conto sing didelok Musa. 45  Para leluhur kita nampa kuwi dadi duwèké lan nggawa kuwi karo Yosua menyang tanahé bangsa liya sing diusir Gusti Allah saka ngarepé para leluhur kita. Kémah kuwi tetep ana nganti jamané Daud. 46  Daud nyenengké Gusti Allah, lan dhèwèké nyuwun supaya isa éntuk kaurmatan kanggo mbangun panggonan kanggo Gusti Allahé Yakub. 47  Nanging sing mbangun panggonan kuwi yaiku Salomo. 48  Senajan ngono, Sing Mahaluhur ora manggon ing panggonan sing digawé nganggo tangané manungsa, kaya sing dikandhakké salah siji nabi, yaiku, 49  ’Swarga kuwi tahta-Ku, lan bumi kuwi ancik-anciké sikil-Ku. Panggonan kaya apa sing bakal kok bangun kanggo Aku? ngendikané Yéhuwah. Utawa, panggonan endi sing bakal Tak enggoni? 50  Aku sing nggawé kuwi kabèh, ta?’ 51  ”Kowé kabèh kuwi wong sing ndableg, ati lan kupingmu ora tanggap.* Kowé terus nglawan roh suci, kaya sing ditindakké para leluhurmu. 52  Sapa nabi sing ora dianiaya karo para leluhurmu? Para leluhurmu matèni wong-wong sing martakké ramalan bab tekané wong sing bener, yaiku sing saiki wis kok khianati lan kok patèni. 53  Kowé wis nampa Taurat sing diparingké Gusti Allah liwat para malaékat, nanging kowé ora nindakké kuwi.” 54  Wektu krungu kuwi kabèh, wong-wong kuwi* dadi nesu banget* lan padha ngerotké untu karo nyawang Stéfanus. 55  Nanging Stéfanus sing kapenuhan roh suci ndhangak ndelok langit, lan dhèwèké ndelok kamulyané Gusti Allah lan ndelok Yésus ngadeg ing sisih tengené Gusti Allah. 56  Stéfanus kandha, ”Aku ndelok langit kebukak, lan Putrané manungsa ngadeg ing sisih tengené Gusti Allah.” 57  Mula wong-wong kuwi mbengok sak banter-banteré karo nutupi kupingé nganggo tangan. Banjur wong-wong kuwi ngroyok Stéfanus bareng-bareng. 58  Sakwisé nguncalké Stéfanus menyang njabané kutha, wong-wong kuwi mbandhemi dhèwèké nganggo watu. Para seksi palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé wong lanang enom sing jenengé Saul. 59  Wektu wong-wong kuwi isih padha mbandhemi Stéfanus, Stéfanus kandha, ”Gusti Yésus, tampanen nyawaku.”* 60  Banjur, karo jèngkèng Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah, aja ngukum wong-wong iki merga dosa sing ditindakké iki.” Sakwisé ngomongké kuwi, dhèwèké mati.*

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sak tapak sikil”.
Lit.: ”winihé”.
Lit.: ”winihé”.
Utawa mungkin ”nindakké bab sing padha marang”.
Utawa ”patriark”.
Utawa ”gandum”.
Utawa ”jiwa”.
Utawa ”bagus ing ngarsané Gusti Allah”.
Utawa ”digedhèkké”.
Lit.: ”nampa kabèh kawicaksanané Mesir”.
Utawa ”nduwé pepénginan ing atiné”.
Lit.: ”tandha-tandha”.
Lit.: ”kémah kesaksian”.
Lit.: ”ora disunat”.
Maksudé, anggota Sanhèdrin.
Utawa ”ketujeb atiné”.
Lit.: ”rohku”.
Lit.: ”turu ing pati”.