Kisah 4:1-37

  • Pétrus lan Yohanes ditangkep (1-4)

    • Wong-wong sing percaya jumlahé dadi 5.000 (4)

  • Diadili ing ngarepé Sanhèdrin (5-22)

    • ’Aku ora isa mandheg ngomong’ (20)

  • Ndonga supaya kendel (23-31)

  • Murid-murid padha mbagi apa waé sing diduwèni (32-37)

4  Wektu Pétrus lan Yohanes isih omongan marang wong akèh mau, wong loro kuwi diparani karo para imam, kepala penjaga bait, lan wong-wong Saduki.  Wong-wong kuwi jèngkèl merga para rasul mulang akèh wong lan terang-terangan martakké nèk Yésus wis diuripké manèh saka antarané wong mati.  Mula wong-wong kuwi nangkep Pétrus lan Yohanes, banjur nglebokké wong loro kuwi ing penjara nganti dina sakbanjuré, merga wektu kuwi wis wengi.  Nanging, akèh saka antarané wong-wong sing ngrungokké omongan mau dadi percaya, lan saiki wong sing percaya jumlahé kira-kira dadi 5.000 wong lanang.  Ing dina sakbanjuré, para panguwasa, para pemimpin,* lan para ahli Taurat ngumpul bareng ing Yérusalèm,  bareng karo Hanas yaiku imam kepala, Kayafas, Yohanes, Alèksander, lan kabèh sing isih seduluran karo imam kepala.  Wong-wong kuwi ngongkon Pétrus lan Yohanes ngadeg ing tengah lan mulai padha takon marang wong loro kuwi, ”Nganggo wewenang apa utawa nganggo jenengé sapa kowé nindakké iki?”  Pétrus sing kapenuhan roh suci njawab, ”Para panguwasa lan para pemimpin,  nèk aku karo kancaku ing dina iki diadili merga nindakké sing apik marang wong lanang sing sikilé cacad, lan panjenengan péngin ngerti sapa sing marèkké wong lanang iki, 10  aku bakal ngandhani panjenengan lan kabèh wong Israèl nèk wong iki mari merga jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, sing panjenengan patèni ing cagak, nanging Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati. Ya dhèwèké kuwi sing nggawé wong lanang iki ngadeg kanthi séhat ing ngarepé panjenengan. 11  Dhèwèké kuwi ’watu sing ditolak karo panjenengan tukang-tukang bangunan, lan wis dadi watu sing utama’. 12  Sakliyané kuwi, keslametan ora bakal teka liwat wong liya sakliyané dhèwèké, merga ora ana jeneng liya ing bumi sing Gusti Allah pilih ing antarané manungsa kanggo nylametké kita.” 13  Wektu wong-wong kuwi weruh Pétrus lan Yohanes ngomong kanthi kendel, lan ngerti nèk jebulé wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur,* wong-wong kuwi dadi nggumun banget. Wong-wong kuwi nitèni nèk wong loro kuwi mbiyèn bareng karo Yésus. 14  Merga ndelok wong sing dimarèkké mau ngadeg bareng karo rasul loro kuwi, wong-wong kuwi dadi ora isa ngomong apa-apa. 15  Mula wong-wong kuwi ngongkon supaya wong telu mau metu saka ruang Sanhèdrin,* banjur padha rembugan. 16  Wong-wong kuwi kandha, ”Wong-wong iki kudu diapakké? Merga wong-wong iki jelas-jelas nindakké mukjijat* sing nggumunké, sing diseksèni karo kabèh penduduk Yérusalèm, lan kita ora isa mbantah kuwi. 17  Mula supaya iki ora saya nyebar ing antarané wong-wong, ayo wong-wong kuwi diancem waé, lan dilarang ngomong marang sapa-sapa nganggo jeneng kuwi.” 18  Banjur, rasul loro kuwi diceluk lan dilarang ngomong utawa mulang nganggo jenengé Yésus. 19  Nanging Pétrus lan Yohanes njawab, ”Mangga panjenengan putuské dhéwé endi sing bener ing ngarsané Gusti Allah: Manut karo panjenengan utawa manut karo Gusti Allah. 20  Nanging kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.” 21  Mula sakwisé ngancem rasul loro kuwi manèh, wong-wong kuwi mbébaské rasul loro kuwi merga ora nemokké dhasar kanggo ngukum rasul-rasul kuwi. Apa manèh, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, merga kabèh wong sing ndelok kedadéan kuwi padha ngluhurké Gusti Allah. 22  Wong lanang sing dimarèkké nganggo mukjijat* kuwi umuré 40 taun luwih. 23  Sakwisé dibébaské, rasul loro kuwi lunga marani murid-murid liyané, lan nyritakké apa sing diomongké para imam kepala lan para pemimpin marang rasul loro kuwi. 24  Sakwisé krungu kuwi, kabèh murid padha ndonga bebarengan marang Gusti Allah, ”Gusti sing Mahaluhur, Panjenengan sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné, 25  lan sing ngendika nganggo roh suci liwat abdi Panjenengan yaiku Daud, leluhurku, ’Apa sebabé bangsa-bangsa dadi nesu lan suku-suku bangsa padha mikirké perkara-perkara sing tanpa guna? 26  Raja-raja ing bumi padha siap-siap, lan para panguwasa nglumpuk bareng kanggo nglawan Yéhuwah lan nglawan pribadi sing dilantik Panjenengané.’* 27  Saktenané, Hérodès lan Pontius Pilatus, bareng karo wong-wong saka bangsa liya lan bangsa Israèl, padha nglumpuk bareng ing kutha iki kanggo nglawan Yésus, abdi Panjenengan sing suci lan sing Panjenengan lantik. 28  Wong-wong kuwi nglumpuk bareng kanggo nindakké apa sing wis Panjenengan temtokké sakdurungé. Iki kabèh kelakon merga Panjenengan nduwé kuwasa* lan merga kersané Panjenengan. 29  Nanging saiki, Yéhuwah, tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi, lan tulungana aku kabèh, yaiku budhak-budhaké Panjenengan, supaya terus kendel martakké pangandikané Panjenengan. 30  Muga-muga Panjenengan terus nggunakké kuwasané Panjenengan* kanggo marèkké, lan muga-muga Panjenengan terus nindakké mukjijat* lan perkara sing ajaib liwat jenengé Yésus, yaiku abdiné Panjenengan sing suci.” 31  Sakwisé padha ndonga kanthi tenanan,* panggonan sing dienggo ngumpul kuwi banjur goncang, lan kabèh padha kapenuhan roh suci, terus padha martakké pangandikané Gusti Allah kanthi kendel. 32  Kumpulan wong sing percaya kuwi nduwé cara mikir lan perasaan sing padha,* lan ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong kuwi sing nganggep nèk apa sing diduwèni kuwi duwèké dhéwé. Nanging kabèh padha mbagi marang liyané apa waé sing diduwèni. 33  Lan kanthi trampil banget, para rasul terus mènèhi kesaksian bab Gusti Yésus sing wis diuripké manèh, lan wong-wong kuwi nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké kanthi lubèr. 34  Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong kuwi sing kekurangan, merga kabèh sing nduwé tanah utawa omah padha ngedol kuwi, banjur nggawa hasilé 35  lan nyerahké kuwi marang para rasul. Banjur para rasul ngedumké kuwi miturut kebutuhané saben wong. 36  Ana wong lanang Lèwi, sing asalé saka Siprus, jenengé Yusuf. Para rasul uga nyebut wong kuwi Barnabas (sing nèk diterjemahké tegesé ”Putra Panglipuran”). 37  Dhèwèké ngedol tanahé, banjur nyerahké dhuwit hasil ngedol tanah kuwi marang para rasul.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para tuwa-tuwa”.
Maksudé, ora sekolah ing sekolahé para rabi; dudu tegesé ora isa maca lan nulis.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”tandha”.
Utawa ”lan nglawan Kristusé”.
Lit.: ”tangan Panjenengan”.
Lit.: ”terus ngulungké tangané Panjenengan”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”nggawé panyuwunan”.
Utawa ”sak ati lan sak jiwa”.