Kisah 28:1-31

  • Ana ing Malta (1-6)

  • Bapaké Publius dimarèkké (7-10)

  • Menyang Roma (11-16)

  • Paulus ngomong marang wong-wong Yahudi ing Roma (17-29)

  • Paulus martakké kanthi kendel saksuwéné rong taun (30, 31)

28  Sakwisé tekan kono kanthi slamet, aku kabèh lagi ngerti nèk pulau kuwi jenengé Malta.  Penduduk* ing pulau kuwi apikan banget* marang aku kabèh. Wong-wong kuwi nyumed geni lan nampa aku kabèh kanthi apik, merga wektu kuwi udan lan hawané adhem banget.  Nanging wektu Paulus lagi nglumpukké kayu lan ndèlèhké kayu kuwi ing ndhuwur geni, ana ula sing ana racuné, sing metu merga saka panasé geni mau banjur nyokot tangané Paulus.  Wektu para penduduk mau ndelok ula sing ana racuné kuwi nggantung ing tanganè Paulus, wong-wong kuwi mulai kandha marang siji lan sijiné, ”Wong iki mesthi tukang matèni. Senajan dhèwèké slamet saka laut, nanging Kaadilan* ora ngijinké dhèwèké tetep urip.”  Nanging Paulus ngipatké ula kuwi ing geni, lan dhèwèké blas ora cilaka.  Wong-wong kuwi ngira nèk tangané Paulus bakal abuh, utawa dhèwèké ujug-ujug mati. Nanging sakwisé ngentèni rada suwé lan ndelok nèk Paulus ora apa-apa, pikirané wong-wong kuwi malih lan wong-wong kuwi mulai kandha nèk Paulus kuwi déwa.  Tanah ing sekitar kono kuwi duwèké Publius, yaiku pemimpin ing pulau kuwi. Dhèwèké nampa aku kabèh kanthi ramah lan nampa aku kabèh dadi tamuné saksuwéné telung dina.  Wektu kuwi, bapaké Publius lagi turon ing ambèn merga demam lan disèntri. Mula Paulus banjur nemoni bapaké Publius lan ndonga, numpangké tangané ing ndhuwuré, lan marèkké dhèwèké.  Sakwisé kedadéan kuwi, wong-wong lara sing ana ing pulau kuwi banjur padha marani Paulus lan dimarèkké. 10  Wong-wong kuwi mènèhi hadiah kanggo nduduhké nèk ngajèni aku kabèh. Banjur wektu arep mangkat, aku kabèh disangoni barang-barang sing tak butuhké. 11  Sakwisé manggon telung sasi ing Pulau Malta, aku kabèh numpak kapal sing lambangé ”Putra-Putra Zéus”. Kapal kuwi teka saka Alèksandria lan mandheg ing pulau kuwi saksuwéné musim dingin. 12  Sakwisé kuwi kapalé mandheg ing Sirakuse, lan aku kabèh ana ing kana suwéné telung dina. 13  Banjur kapalé mangkat lan tekan ing Régium. Ing dina sakbanjuré, ana angin saka kidul, lan ing dina kapindho, aku kabèh tekan ing Putéoli. 14  Ing kono, aku kabèh ketemu karo sedulur-sedulur, lan para sedulur kuwi ngongkon aku kabèh manggon ing kana suwéné pitung dina. Sakwisé kuwi, aku kabèh mangkat menyang Roma. 15  Wektu krungu bab aku kabèh, para sedulur saka Roma padha lunga nganti tekan Pasar Apius lan Telung Penginepan kanggo nemoni aku kabèh. Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké. 16  Wektu akiré aku kabèh mlebu ing Roma, Paulus diijinké kanggo manggon dhèwèkan lan dijaga karo salah siji prajurit. 17  Telung dina sakbanjuré, Paulus ngundang para panggedhéné wong-wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis padha ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa kita utawa kebiasaané para leluhur kita, aku diserahké menyang tangané wong-wong Romawi dadi tahanan saka Yérusalèm. 18  Sakwisé aku dipriksa, jebulé ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku, lan wong-wong kuwi péngin mbébaské aku. 19  Nanging merga wong-wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar, ora merga aku arep nudhuh bangsaku. 20  Kuwi sebabé aku njaluk kanggo ketemu lan ngomong karo panjenengan kabèh. Aku diranté kaya ngéné iki merga pangarep-arepé Israèl.” 21  Wong-wong kuwi kandha, ”Aku kabèh ora nampa surat bab panjenengan saka Yudéa, lan sedulur-sedulur sing teka saka kana uga ora tau nyritakké utawa ngomongké sing èlèk bab panjenengan. 22  Nanging aku kabèh péngin krungu pendapatmu, merga aku kabèh ngerti nèk sèkte iki ditentang ing ngendi-endi.” 23  Wong-wong kuwi banjur nemtokké dina kanggo ketemu karo Paulus, lan wong-wong kuwi teka ing panggonané Paulus karo luwih akèh wong. Banjur wiwit ésuk nganti wengi, Paulus njelaské lan mènèhi kesaksian kanthi tliti bab Kratoné Allah nggunakké Hukum Musa lan Tulisan Para Nabi, kanggo ngyakinké wong-wong kuwi bab Yésus. 24  Ana wong-wong sing mulai percaya marang omongané Paulus, nanging ana uga sing ora percaya. 25  Merga pendapaté wong-wong kuwi béda-béda, wong-wong kuwi mulai lunga saka kono, lan Paulus kandha iki, ”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang para leluhurmu kuwi pancèn bener, 26  yaiku, ’Lungaa marang bangsa iki lan kandhaa, ”Kowé pancèn bakal krungu nanging babar blas ora paham artiné, lan kowé pancèn bakal ndeleng nanging babar blas ora weruh. 27  Merga, atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Wong-wong kuwi wis ngrungokké nganggo kupingé nanging ora nanggepi. Wong-wong kuwi wis nutupi mripaté, mula ora bakal isa ndeleng nganggo mripaté, ora bakal isa ngrungokké nganggo kupingé, lan atiné ora bakal paham. Wong-wong kuwi ora bali marang Aku, lan Aku ora marèkké wong-wong kuwi.”’ 28  Supaya kowé ngerti nèk warta bab keslametan saka Gusti Allah iki wis diwartakké marang bangsa-bangsa liya. Wong-wong kuwi mesthi ngrungokké.” 29  *—— 30  Mula Paulus manggon ing kana rong taun suwéné ing omah sing diséwa dhéwé, lan dhèwèké nampa kanthi apik kabèh wong sing teka marani dhèwèké. 31  Paulus martakké bab Kratoné Allah marang wong-wong kuwi lan mulang bab Gusti Yésus Kristus kanthi kendel banget lan tanpa alangan.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Wong-wong sing ora nganggo basa Yunani”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing gedhé kanggo sak pepadha”.
Yunani: Dike, isa waé tegesé dèwi sing nduduhké kaadilan.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.