Kisah 26:1-32

  • Pembélaané Paulus ing ngarepé Agripa (1-11)

  • Paulus nyritakké piyé dhèwèké dadi wong Kristen (12-23)

  • Tanggepané Fèstus lan Agripa (24-32)

26  Agripa kandha marang Paulus, ”Kowé diijinké ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.” Paulus banjur ngangkat tangané lan mulai nggawé pembélaan. Dhèwèké kandha,  ”Raja Agripa, aku seneng banget merga isa ana ing ngarepé panjenengan dina iki, kanggo ngomongké pembélaanku bab kabèh tudhuhané wong-wong Yahudi marang aku,  utamané merga panjenengan ahli ing bab kebiasaan lan masalah-masalahé wong Yahudi. Mula, aku nyuwun supaya panjenengan gelem sabar ngrungokké aku.  ”Sakjané, kaya apa uripku wiwit aku isih enom ing antarané bangsaku lan ing Yérusalèm padha dingertèni kabèh wong Yahudi  sing wis suwé kenal aku. Nèk wong-wong kuwi gelem, wong-wong kuwi isa ngandhani panjenengan nèk mbiyèn aku saka sèkte Farisi, lan kaya sing panjenengan ngertèni, sèkte iki luwih kaku ketimbang sèkte Yahudi liyané.  Nanging saiki aku diadili merga ngarep-arep janji sing wis diparingké Gusti Allah marang para leluhur kita.  Janji iki padha kaya janji sing lagi diarep-arep karo 12 suku kita, mula wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Gusti Allah awan lan bengi. Ya merga pangarep-arep iki, ya Raja, aku ditudhuh karo wong-wong Yahudi.  ”Ngapa kowé kabèh mikir* nèk Gusti Allah ora mungkin nguripké manèh wong mati?  Mbiyèn, aku dhéwé yakin banget nèk aku kudu ngupaya tenanan kanggo nentang jenengé Yésus wong Nazarèt. 10  Yakuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku menjarakké akèh wong suci merga aku éntuk wewenang saka para imam kepala, lan aku ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11  Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* kanggo meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Lan merga aku sengit banget, aku nganti nganiaya wong-wong kuwi tekan kutha-kutha liyané. 12  ”Ing sawijiné dina, kanggo nindakké tujuan kuwi, aku lunga menyang Damaskus, merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. 13  Wektu aku ing dalan, pas awan, ya Raja, aku ndelok ana cahya sing padhangé ngluwihi srengéngé, sumunar saka langit ing sakiwa-tengenku lan wong-wong sing lunga bareng aku. 14  Lan wektu aku kabèh tiba ing lemah, aku krungu swara sing kandha marang aku ing basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15  Nanging aku takon, ’Panjenengan sapa, Pak?’ Lan Gusti njawab, ’Aku Yésus, sing kok aniaya. 16  Tangia lan ngadega. Aku nemoni kowé kanggo milih kowé dadi abdi lan seksi, sing bakal martakké perkara-perkara bab aku, sing wis kok delok lan sing bakal tak duduhké. 17  Aku bakal nylametké kowé saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané, merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi 18  kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi, kanggo nuntun metu saka pepeteng menyang pepadhang lan saka kuwasané Sétan marang kuwasané Gusti Allah, supaya nèk wong-wong kuwi nduwé iman marang aku, wong-wong kuwi isa éntuk pangapura dosa lan warisan bareng karo wong-wong sing digawé suci.’ 19  ”Mula, Raja Agripa, aku manut karo wahyu saka swarga kuwi. 20  Kapisan marang wong-wong ing Damaskus, banjur marang wong-wong ing Yérusalèm lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, uga marang bangsa-bangsa liya, aku martakké marang wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat lan mbalik marang Gusti Allah, nganggo cara nindakké perkara-perkara sing nduduhké nèk wong-wong kuwi mertobat. 21  Kuwi sebabé wong-wong Yahudi padha nangkep aku ing bait lan ngupaya matèni aku. 22  Nanging merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong cilik lan wong penting. Aku mung ngomongké apa sing bakal kelakon miturut Tulisan Para Nabi lan Tulisan Musa, 23  nèk Kristus bakal ngalami sengsara lan dadi sing kapisan diuripké manèh saka antarané wong mati, lan dhèwèké bakal martakké pepadhang marang bangsa iki lan bangsa-bangsa liya.” 24  Wektu Paulus isih ngomongké pembélaané, Fèstus mbengok, ”Paulus, kowé pancèn wis édan! Kowé kuwi kakèhan sinau, mulané dadi édan!” 25  Nanging Paulus kandha, ”Aku ora édan, Gubernur Fèstus sing tak hormati. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. 26  Malah, aku isa ngomong kanthi bébas marang Raja, merga panjenengané ngerti tenan bab perkara-perkara iki. Aku yakin nèk ora ana siji-sijia bab saka perkara-perkara iki sing ora dingertèni Raja, merga perkara-perkara iki ditindakké tanpa ndhelik-ndhelik. 27  Raja Agripa, apa panjenengan percaya marang Tulisan Para Nabi? Aku ngerti nèk panjenengan percaya.” 28  Nanging Agripa kandha marang Paulus, ”Sedhéla manèh, kowé isa nggawé aku dadi wong Kristen.” 29  Mula Paulus kandha, ”Aku nyuwun marang Gusti Allah supaya embuh saiki utawa sukmbèn, ora mung Raja, nanging uga kabèh wong sing ngrungokké aku ing dina iki bakal dadi kaya aku, nanging ora diranté kaya ngéné.” 30  Raja banjur ngadeg, semono uga gubernur, Bèrnike, lan wong-wong sing lungguh bareng wong-wong kuwi. 31  Karo metu, wong-wong kuwi padha ngomong marang siji lan sijiné, ”Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara.” 32  Agripa banjur kandha marang Fèstus, ”Sakjané wong kuwi isa dibébaské nèk dhèwèké ora njaluk bandhing marang Kaisar.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”nganggep”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”nendhang tongkat wesi”. Maksudé, tongkat dawa sing pucuké wesi landhep sing digunakké kanggo nggiring kéwan.