Kisah 25:1-27

  • Paulus diadili ing ngarepé Fèstus (1-12)

    • ”Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” (11)

  • Fèstus rembugan karo Raja Agripa (13-22)

  • Paulus ing ngarepé Agripa (23-27)

25  Mula, telung dina sakwisé Fèstus tekan ing provinsi kuwi lan mulai mréntah, dhèwèké lunga saka Kaisaréa menyang Yérusalèm.  Banjur para imam kepala lan para panggedhéné wong Yahudi mènèhi katrangan bab Paulus. Wong-wong kuwi banjur padha njaluk marang Fèstus  kanggo mikirké penjaluké wong-wong kuwi yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Nanging sakjané wong-wong kuwi nduwé rencana jahat kanggo nyerang lan matèni Paulus ing dalan.  Nanging, Fèstus njawab nèk Paulus kudu tetep ana ing Kaisaréa, lan nèk Fèstus dhéwé sedhéla manèh arep bali mrana.  ”Ngéné waé, para pemimpinmu,” kandhané Fèstus, ”padha mèlua aku lan nudhuh Paulus nèk pancèn dhèwèké wis tumindak salah.”  Mula, sakwisé manggon ing antarané wong-wong kuwi suwéné kira-kira wolu utawa sepuluh dina, Fèstus bali menyang Kaisaréa. Lan ing dina sakbanjuré, dhèwèké lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya Paulus digawa mlebu.  Wektu Paulus mlebu, wong-wong Yahudi sing teka saka Yérusalèm banjur padha ngadeg ing sakiwa-tengené. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus nindakké akèh kesalahan sing serius sing ora isa dibuktèkké.  Nanging Paulus nggawé pembélaan, kandhané, ”Aku ora tumindak salah marang Hukum Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.”  Merga péngin disenengi wong-wong Yahudi, Fèstus takon marang Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing ngarepku ing kana bab kasus iki?” 10  Nanging Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar, lan ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan panjenengan mesthi ya ngerti bab iki. 11  Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes mati, aku ora njaluk supaya dibébaské saka hukuman mati. Nanging nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana siji-sijia wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga nuruti penjaluké. Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” 12  Mula sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, mula kowé bakal lunga marang Kaisar.” 13  Pirang-pirang dina sakbanjuré, Raja Agripa lan Bèrnike tekan ing Kaisaréa kanggo kunjungan resmi marang Fèstus. 14  Merga wong-wong kuwi ana ing kana pirang-pirang dina, Fèstus nyritakké bab kasusé Paulus marang raja. Fèstus kandha, ”Fèliks ninggali aku tahanan siji. 15  Wektu aku ana ing Yérusalèm, para imam kepala lan para panggedhéné wong Yahudi ngandhani aku bab tahanan kuwi. Wong-wong kuwi njaluk supaya tahanan kuwi dihukum. 16  Nanging aku ngandhani wong-wong kuwi nèk miturut tata carané Romawi, wong ora isa diserahké ngono waé mung merga nuruti penjaluké wong liya, sakdurungé wong kuwi diwènèhi kesempatan kanggo nggawé pembélaan ing ngarepé wong-wong sing nudhuh dhèwèké. 17  Mula wektu wong-wong kuwi tekan kéné, ing dina sakbanjuré, aku langsung lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya tahanan kuwi digawa mlebu. 18  Wektu wong-wong sing nudhuh wong kuwi padha ngadeg, jebulé tudhuhané dudu kejahatan kaya sing tak kira. 19  Wong-wong kuwi padha udur-uduran bab ibadah marang déwané* dhéwé lan bab wong lanang sing jenengé Yésus sing wis mati, nanging Paulus terus-terusan kandha nèk wong lanang kuwi urip. 20  Merga bingung piyé carané aku ngatasi masalah iki, mula aku takon apa dhèwèké péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing kana bab kasus iki. 21  Nanging, merga Paulus njaluk supaya dhèwèké tetep ditahan nganti ana keputusan saka Kaisar, aku ngongkon supaya Paulus tetep ditahan nganti aku ngirim dhèwèké marang Kaisar.” 22  Raja Agripa banjur kandha marang Fèstus, ”Aku péngin krungu langsung saka wong kuwi.” Fèstus njawab, ”Sésuk, panjenengan bakal ngrungokké wong kuwi.” 23  Mula ing dina sakbanjuré, Raja Agripa lan Bèrnike teka karo mamèrké kamulyané, lan wong loro kuwi mlebu ing ruang pengadilan bareng karo para komandan lan wong-wong penting liyané ing kutha kuwi. Lan sakwisé Fèstus mènèhi préntah, Paulus digawa mlebu. 24  Fèstus banjur kandha, ”Raja Agripa lan panjenengan kabèh sing teka ing kéné, deloken wong lanang iki. Kabèh wong Yahudi sing ana ing Yérusalèm lan ing kéné padha nggawé penjaluk marang aku bab wong iki, karo mbengok-mbengok supaya wong iki dipatèni. 25  Nanging sak ngertiku, wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Dadi wektu wong iki dhéwé njaluk bandhing marang Kaisar, aku mutuské kanggo ngirim dhèwèké mrana. 26  Nanging aku durung éntuk katrangan sing jelas sing isa tak nggo dhasar kanggo nulis laporan marang Kaisar.* Mula aku nggawa dhèwèké ing ngarepé panjenengan kabèh, kususé ing ngarepé panjenengan, Raja Agripa, supaya sakwisé dipriksa ing sidang iki, ana sing isa tak tulis bab dhèwèké. 27  Merga ora mungkin aku ngirim tahanan menyang Roma, tanpa nyebutké tudhuhan-tudhuhané wong-wong marang wong kuwi.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”bab agamané”.
Lit.: ”marang Ndara”.