Kisah 22:1-30

  • Pembélaané Paulus ing ngarepé wong akèh (1-21)

  • Paulus nduduhké nèk dhèwèké warga negara Rowawi (22-29)

  • Anggota Sanhèdrin padha ngumpul (30)

22  ”Sedulur-sedulur lan bapak-bapak, rungokna pembélaanku iki.”  Wektu krungu Paulus ngomong nganggo basa Ibrani, wong-wong kuwi saya meneng. Paulus banjur kandha,  ”Aku iki wong Yahudi, lair ing Tarsus ing Kilikia, nanging aku nampa pendidikan ing kutha iki lan diwulang Gamalièl. Aku diwulang kanggo manut kabèh aturan sing rinci ing Hukum Taurat sing ditindakké para leluhur, lan aku nduwé semangat kanggo Gusti Allah kaya kowé kabèh ing dina iki.  Mbiyèn, aku nganiaya pengikuté Dalané Gusti* nganti matèni wong-wong kuwi. Aku mbanda* lan nglebokké wong-wong lanang lan wong-wong wadon ing penjara.  Imam agung lan kabèh pemimpin kuwi seksiné. Saka wong-wong kuwi uga aku éntuk surat-surat kanggo sedulur-sedulur kita ing Damaskus, lan wektu kuwi aku lagi ing perjalanan kanggo mbanda lan nggawa wong-wong sing ana ing Damaskus menyang Yérusalèm kanggo dihukum.  ”Nanging wektu aku isih ana ing dalan lan wis cedhak Damaskus, kira-kira pas awan, ujug-ujug ana cahya padhang saka langit sing sumunar ing sakiwa-tengenku,  banjur aku tiba ing lemah lan krungu swara sing kandha marang aku, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?’  Aku njawab, ’Panjenengan sapa, Pak?’ Lan dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, wong Nazarèt, sing kok aniaya.’  Wong-wong sing bareng karo aku uga ndelok cahya kuwi, nanging wong-wong kuwi padha ora krungu swara sing ngomong karo aku. 10  Banjur aku takon, ’Apa sing kudu tak tindakké, Pak?’ Gusti njawab, ’Ngadega lan mlebua ing kutha Damaskus. Ing kana, kowé bakal dikandhani bab kabèh sing wis ditemtokké kanggo kok tindakké.’ 11  Nanging, merga cahya sing padhang banget kuwi, aku dadi ora isa ndelok apa-apa. Aku isa tekan Damaskus merga dituntun karo wong-wong sing bareng aku. 12  ”Banjur ana wong lanang sing jenengé Ananias, dhèwèké kuwi wong sing salèh lan manut hukum Taurat. Kabèh wong Yahudi ing kana padha ngomong nèk dhèwèké kuwi wong apik. 13  Ananias marani aku. Dhèwèké ngadeg ing sisihku lan kandha, ’Saul, sedulurku, melèka lan ndeloka manèh!’ Ing wektu kuwi uga, mripatku mari lan aku isa ndelok dhèwèké. 14  Ananias kandha, ’Gusti Allahé para leluhur kita wis milih kowé kanggo ngerti kersané, lan kanggo ndelok wong sing bener kuwi lan ngrungokké swarané, 15  merga kowé bakal dadi seksiné Yésus kanggo martakké marang kabèh wong bab perkara-perkara sing kok delok lan kok rungokké. 16  Dadi, apa manèh sing kok entèni? Ngadega, ndang baptisa, lan resikana awakmu saka dosa-dosamu kanthi cara nyebut jenengé.’ 17  ”Nanging wektu aku wis bali menyang Yérusalèm lan lagi ndonga ing bait, aku éntuk wahyu. 18  Aku ndelok Gusti kandha marang aku, ’Cepet metua saka Yérusalèm, merga wong-wong kuwi ora bakal nampa kesaksianmu bab aku.’ 19  Banjur aku kandha, ’Gusti, wong-wong kuwi dhéwé padha ngerti tenan nèk aku mbiyèn marani sinagogé-sinagogé* kanggo nggebugi lan nglebokké ing penjara wong-wong sing percaya marang panjenengan. 20  Lan wektu wong-wong kuwi matèni seksimu, yaiku Stéfanus, aku ana ing kana, lan aku uga setuju karo apa sing ditindakké wong-wong kuwi lan aku njaga klambi njabané wong-wong sing matèni kuwi.’ 21  Nanging Gusti kandha, ’Lungaa, merga aku bakal ngutus kowé marang bangsa-bangsa sing adoh.’” 22  Nganti tekan semono, wong-wong akèh mau isih padha terus ngrungokké omongané Paulus. Banjur wong-wong kuwi padha mbengok, ”Wong kaya ngono kuwi dipatèni waé! Dhèwèké ora pantes urip!” 23  Merga wong akèh mau padha bengok-bengok, nguncalké klambi njabané, lan nyawur-nyawurké lebu mendhuwur, 24  komandan kuwi banjur ngongkon supaya Paulus digawa ing njero markas prajurit, lan ditakon-takoni karo dipecuti, supaya komandan kuwi ngerti tenan apa sebabé akèh wong kuwi padha mbengok-mbengok péngin Paulus dipatèni. 25  Nanging wektu Paulus ditalèni lan arep dipecuti, Paulus kandha marang perwira sing ngadeg ing kono, ”Apa miturut hukum kowé éntuk mecuti wong Romawi* sing durung diadili?”* 26  Wektu krungu kuwi, perwira kuwi banjur lapor marang komandan militèr, ”Apa sing bakal panjenengan tindakké? Wong iki warga negara Romawi.” 27  Komandan kuwi banjur marani Paulus lan kandha, ”Coba kandhanana aku, apa kowé warga negara Romawi?” Paulus njawab, ”Ya.” 28  Komandan kuwi kandha manèh, ”Aku mbayar larang supaya isa éntuk hak-haké warga negara Romawi.” Paulus kandha, ”Nanging wiwit lair aku wis dadi warga negara Romawi.” 29  Ing wektu kuwi uga, para prajurit sing wis arep padha mriksa Paulus dadi padha mundur. Lan komandan kuwi dadi wedi sakwisé ngerti nèk Paulus kuwi warga negara Romawi, lan merga dhèwèké wis mbanda Paulus nganggo ranté. 30  Mula ing dina sakbanjuré, merga komandan kuwi péngin banget ngerti apa sebabé Paulus ditudhuh karo wong-wong Yahudi, dhèwèké mbébaské Paulus lan mréntahké imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* kanggo ngumpul. Banjur dhèwèké nggawa Paulus ing ngarepé wong-wong kuwi.

Katrangan Tambahan

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.
Utawa ”nalèni tangané”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”warga negara Romawi”.
Utawa ”durung diputuské nèk salah”.
Deloken Daftar Istilah.