Kisah 17:1-34

  • Paulus lan Silas ing Tésalonika (1-9)

  • Paulus lan Silas ing Béréa (10-15)

  • Paulus ing Athéna (16-22a)

  • Ceramahé Paulus ing Aréopagus (22b-34)

17  Paulus lan Silas saiki lunga liwat Amfipolis lan Apolonia, banjur tekan ing Tésalonika. Ing kono, ana sinagogé* wong Yahudi.  Mula kaya kebiasaané Paulus, dhèwèké mlebu ing sinagogé lan nemoni wong-wong ing kono. Saksuwéné telung sabat, Paulus rembugan karo* wong-wong kuwi nganggo dhasar Kitab Suci,  nganggo cara nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh saka antarané wong mati. Paulus kandha, ”Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.”  Lan hasilé, sapérangan wong saka antarané wong-wong kuwi, uga akèh wong Yunani sing nyembah Gusti Allah, lan akèh wong wadon penting dadi percaya, lan nggabung karo Paulus lan Silas.  Nanging merga iri, wong-wong Yahudi nglumpukké wong-wong jahat sing seneng saba pasar tanpa tujuan, banjur nggawé grombolan kanggo nggègèrké kutha. Wong-wong kuwi nggrudug omahé Yason lan ngupaya supaya Paulus lan Silas digawa metu marang grombolan mau.  Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèd Yason lan sapérangan sedulur kanggo digawa marang para panguwasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ”Wong-wong sing wis nggawé gègèr* sak donya, saiki uga ana ing kéné,  lan Yason nampa wong-wong kuwi dadi tamuné. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar nganggo cara kandha nèk ana raja liya, yaiku Yésus.”  Wektu krungu bab iki, akèh wong lan para panguwasa kutha dadi padha kuwatir.  Nanging, Yason lan liyané dibébaské sakwisé mbayar dhuwit jaminan. 10  Ing wengi kuwi uga, sedulur-sedulur ngutus Paulus lan Silas menyang Béréa. Sakwisé tekan kana, Paulus lan Silas mlebu menyang sinagogé wong Yahudi. 11  Wong-wong ing Béréa luwih seneng sinau* ketimbang wong-wong ing Tésalonika, merga wong-wong Béréa nampa pangandikané Gusti Allah kanthi semangat banget. Wong-wong kuwi saben dina uga mriksa Kitab Suci kanthi tliti kanggo mastèkké apa sing diomongké Paulus kuwi pancèn bener. 12  Kuwi sebabé ing antarané wong-wong mau ana akèh wong sing dadi percaya. Sakliyané kuwi, uga ana akèh wong lanang lan wong wadon sing diajèni saka antarané wong-wong Yunani sing dadi percaya. 13  Nanging wektu wong-wong Yahudi ing Tésalonika ngerti nèk Paulus uga martakké pangandikané Gusti Allah ing Béréa, wong-wong kuwi banjur mara mrana kanggo ngojok-ojoki lan nggawé gègèr wong-wong ing kono. 14  Banjur sedulur-sedulur cepet-cepet ngongkon Paulus lunga menyang cedhak laut, nanging Silas lan Timotius tetep manggon ing Béréa. 15  Sedulur-sedulur sing ngancani Paulus nggawa Paulus nganti tekan Athéna. Sedulur-sedulur kuwi banjur lunga sakwisé dikandhani Paulus nèk Silas lan Timotius kudu cepet-cepet nemoni Paulus. 16  Wektu Paulus ngentèni Silas lan Timotius ing Athéna, atiné Paulus* dadi jèngkèl merga ndelok kutha kuwi kebak brahala. 17  Mula Paulus mulai tukar pikiran ing sinagogé, karo wong-wong Yahudi lan wong-wong liya sing nyembah Gusti Allah. Paulus uga nindakké kuwi saben dina ing pasar karo wong-wong sing ana ing kana. 18  Nanging sapérangan wong sing dadi pengikuté Èpikuros* lan Stoa* mulai bebantahan karo Paulus. Ana sing kandha, ”Apa ta sing arep diomongké tukang ngocèh iki?” Sing liyané kandha, ”Kétoké dhèwèké martakké bab déwa-déwa liya.” Wong-wong kuwi ngomong kaya ngono merga Paulus martakké kabar apik bab Yésus lan wong-wong mati sing diuripké manèh. 19  Mula wong-wong kuwi nggawa Paulus menyang Aréopagus* lan kandha, ”Coba kandhanana aku, wulangan anyar apa sing kok omongké kuwi? 20  Merga kowé ngomongké bab-bab sing durung tau tak rungokké, lan aku kabèh péngin ngerti apa tegesé.” 21  Pancèn, kabèh wong Athéna lan wong-wong asing sing manggon ing kana* seneng nggunakké wektu longgaré mung kanggo nyritakké utawa ngrungokké bab-bab sing anyar. 22  Paulus banjur ngadeg ing tengah-tengahé Aréopagus, lan kandha: ”Wong-wong Athéna, nèk tak gatèkké ing kabèh perkara, kétoké rasa wedimu marang para déwa luwih gedhé ketimbang wong-wong liyané. 23  Contoné, wektu aku mlaku-mlaku lan nggatèkké apa sing padha kok sembah, aku ndelok ana sawijiné mésbah sing tulisané ’Kanggo Allah sing Ora Dikenal’. Mula saiki aku bakal ngandhani kowé bab Allah iki, yaiku sing kok sembah nanging ora kok kenal. 24  Gusti Allah iki sing nggawé donya sak isiné, ya Panjenengané kuwi Gustiné langit lan bumi. Panjenengané ora manggon ing kuil-kuil gawéané manungsa. 25  Panjenengané uga ora perlu diladèni nganggo tangané manungsa, kaya-kaya Panjenengané mbutuhké apa-apa saka manungsa, merga Panjenengané sing maringi urip marang kabèh wong, uga napas, lan sakabèhé. 26  Saka wong siji, Panjenengané nggawé kabèh bangsa sing manggon ing saklumahing bumi, lan Panjenengané nemtokké wektu-wektu lan bates-bates panggonané manungsa, 27  supaya wong-wong kuwi nggolèki Gusti Allah. Nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèki Gusti Allah, wong-wong kuwi bakal nemokké Panjenengané. Sakjané Gusti Allah ora adoh saka kita. 28  Merga saka Panjenengané kuwi kita urip, obah, lan ana, kaya sing dikandhakké para penulismu dhéwé, sing kandha, ’Kita uga anak-anaké* Gusti Allah.’ 29  ”Mula, merga kita anak-anaké* Gusti Allah, kuduné kita ora mikir nèk Gusti Allah kuwi kaya patung saka emas utawa pérak utawa watu, yaiku hasil seni sing dirancang manungsa. 30  Pancèn, mbiyèn Gusti Allah ngejarké wong-wong ora kenal Panjenengané. Nanging saiki, Panjenengané martakké marang kabèh wong ing ngendi-endi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat, 31  merga Panjenengané wis nemtokké sawijiné dina kanggo ngadili donya kanthi adil liwat sawijiné wong sing wis dipilih. Panjenengané nguripké manèh wong kuwi saka antarané wong mati supaya dadi jaminan kanggo kabèh wong.” 32  Wektu wong-wong kuwi krungu bab wong mati sing diuripké manèh, ana sing mulai ngécé, nanging liyané ana sing kandha, ”Liya wektu manèh waé ya aku ngrungokké kowé bab iki.” 33  Mula Paulus ninggalké wong-wong kuwi, 34  nanging ana wong-wong sing nggabung karo Paulus lan dadi percaya. Ing antarané wong-wong kuwi ana salah siji hakim saka pengadilan Aréopagus sing jenengé Dionisius, uga wong wadon sing jenengé Damaris, lan wong-wong liyané.

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”tukar pikiran karo; ngupaya ngyakinké”.
Utawa ”nggawé masalah ing”.
Utawa ”luwih jembar pikirané”.
Lit.: ”rohé Paulus”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing teka mrana”.
Utawa ”keturunané”.
Utawa ”keturunané”.