Kisah 15:1-41

  • Udur-uduran bab sunat ing Antiokhia (1, 2)

  • Nggawa pitakonan bab sunat menyang Yérusalèm (3-5)

  • Para pinituwa lan para rasul padha rapat (6-21)

  • Surat saka pengurus pusat (22-29)

    • Nyingkiri getih (28, 29)

  • Jemaat-jemaat dikuwatké merga surat kuwi (30-35)

  • Paulus lan Barnabas pisah (36-41)

15  Ana sapérangan wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia lan mulai mulang sedulur-sedulur, ”Nèk kowé ora disunat miturut Hukum Musa, kowé ora isa dislametké.”  Kuwi marakké ana padudon sing gedhé lan udur-uduran ing antarané wong-wong saka Yudéa mau karo Paulus lan Barnabas. Mula para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kanggo takon bab masalah iki.  Sedulur-sedulur ing jemaat ngeterké wong-wong kuwi nganti tekan sebagéan perjalanan. Nanging Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané mau neruské perjalanané liwat Fénisia lan Samaria. Ing kana, wong-wong kuwi nyritakké kanthi rinci, bab piyé wong-wong saka bangsa-bangsa liya padha mulai ngibadah marang Gusti Allah. Wektu krungu bab kuwi, kabèh sedulur dadi padha bungah.  Sakwisé tekan Yérusalèm, wong-wong kuwi ditampa kanthi apik karo jemaat, para rasul, lan para pinituwa. Wong-wong kuwi banjur nyritakké akèh perkara sing ditindakké Gusti Allah liwat wong-wong kuwi.  Nanging sapérangan wong sing mbiyèné saka sèkte Farisi lan saiki wis dadi muridé Yésus Kristus, banjur padha ngadeg lan kandha, ”Wong-wong percaya sing dudu wong Yahudi kuwi kudu disunat lan dipréntahké kanggo nindakké Hukum Musa.”  Para rasul lan para pinituwa banjur padha ngumpul lan ngrembug masalah iki.  Sakwisé rembugan sing suwé lan alot,* Pétrus ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti nèk saka ing antaramu, aku sing kapisan dipilih Gusti Allah kanggo martakké pangandika bab kabar apik marang wong-wong dudu Yahudi, lan supaya wong-wong kuwi dadi percaya.  Lan Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa, wis mbuktèkké nèk Panjenengané nampa wong-wong kuwi nganggo cara maringi wong-wong kuwi roh suci, kaya sing wis diparingké marang kita.  Lan Gusti Allah babar blas ora mbédak-bédakké kita karo wong-wong kuwi. Panjenengané malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga padha nduwé iman. 10  Mula, ngapa kowé saiki nguji Gusti Allah nganggo cara mènèhi murid-murid kuwi beban sing abot, sing ora isa dipikul kita lan para leluhur kita? 11  Nanging saiki, kita nduwé iman yaiku nèk kita dislametké liwat welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus, padha kaya wong-wong kuwi.” 12  Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing ngumpul ing kono padha meneng. Wong-wong kuwi banjur padha ngrungokké Barnabas lan Paulus nyritakké akèh mukjijat* lan perkara-perkara ajaib, sing ditindakké Gusti Allah liwat rasul loro kuwi ing antarané wong-wong sing dudu Yahudi. 13  Sakwisé rasul loro kuwi rampung ngomong, Yakobus kandha, ”Sedulur-sedulur, rungokna aku. 14  Kaya sing bar kita rungokké mau, Siméon* wis nyritakké kanthi rinci marang kita bab piyé Gusti Allah nggatèkké wong-wong saka bangsa-bangsa liya, lan nèk saka antarané wong-wong kuwi Gusti Allah mulai milih umat kanggo asmané. 15  Lan iki cocog karo apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi, yaiku, 16  ’Sakwisé iki aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé* Daud sing wis ambruk. Aku bakal ndandani lan ngedegké manèh kémah kuwi, 17  supaya wong-wong sisané kuwi isa bener-bener ngabdi marang Yéhuwah, bebarengan karo wong-wong saka bangsa-bangsa liya, yaiku umat sing disebut nganggo asma-Ku, Aku Yéhuwah sing ngendika bab iki, Aku sing nindakké kabèh perkara iki, 18  Aku wis mutuské kanggo nindakké iki wiwit mbiyèn.’ 19  Dadi keputusanku* iki dudu kanggo nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing péngin ngabdi marang Gusti Allah, 20  nanging kanggo nulis marang wong-wong kuwi supaya padha bener-bener nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala, saka hubungan sèks sing ora sah,* saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka getih. 21  Wiwit jaman mbiyèn, wong-wong martakké tulisané Musa ing saben kutha, lan tulisané diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé* ing saben dina sabat.” 22  Banjur para rasul lan para pinituwa, bareng karo kabèh jemaat, mutuské kanggo ngutus sedulur loro sing dipilih saka antarané sedulur-sedulur kuwi menyang Antiokhia, bareng karo Paulus lan Barnabas. Para sedulur mau ngutus Yudas sing uga disebut Barsabas, lan Silas. Wong loro kuwi sing mimpin sedulur-sedulur liyané. 23  Iki surat sing ditulis lan dikirimké liwat para sedulur mau: ”Saka sedulur-sedulurmu, para rasul lan para pinituwa, kanggo para sedulur ing Antiokhia, Siria, lan Kilikia sing asalé saka bangsa liya: Salam! 24  Sakwisé aku kabèh krungu nèk ana sapérangan wong saka kéné sing omongané nyebabké kowé dadi bingung, lan ngupaya ngrusak imanmu, padahal aku kabèh babar blas ora mènèhi petunjuk marang wong-wong kuwi, 25  aku kabèh setuju nggawé keputusan kanggo milih lan ngutus sedulur loro marang kowé, bareng karo Barnabas lan Paulus sing tak tresnani, 26  yaiku sedulur-sedulur sing wis masrahké uripé demi jenengé Gusti kita, Yésus Kristus. 27  Mula, aku kabèh ngutus Yudas lan Silas, supaya sedulur loro kuwi uga isa nyritakké langsung apa sing ditulis ing surat iki. 28  Merga roh suci wis mbantu aku kabèh nggawé kesimpulan supaya ora nambahi bebanmu, kejaba mung bab-bab sing penting iki: 29  terus nyingkira saka perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka hubungan sèks sing ora sah.* Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka perkara-perkara kuwi, kahananmu bakal apik. Muga-muga kowé terus séhat.” 30  Sedulur loro kuwi banjur lunga menyang Antiokhia, terus nglumpukké kabèh murid ing kana lan nyerahké surat kuwi. 31  Sakwisé maca surat kuwi, para murid dadi bungah merga nampa tembung-tembung sing nguwatké. 32  Banjur Yudas lan Silas, sing loro-loroné nabi, mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur nganggo akèh tembung. 33  Sedulur loro kuwi manggon sawetara wektu ing kono, banjur para murid ngucapké sugeng tindak lan ndongakké supaya sedulur loro kuwi bali menyang Yérusalèm kanthi slamet. Sedulur loro kuwi bali marang para sedulur sing padha ngutus mau. 34  *—— 35  Nanging Paulus lan Barnabas tetep manggon ing Antiokhia. Bebarengan karo akèh sedulur liyané, sedulur loro kuwi mulang lan martakké kabar apik bab pangandikané Yéhuwah. 36  Sakwisé sawetara wektu, Paulus kandha marang Barnabas, ”Ayo awaké dhéwé bali lan marani manèh para sedulur ing saben kutha, sing wis kita kabari bab pangandikané Yéhuwah, kanggo ndelok piyé kahanané para sedulur kuwi.” 37  Barnabas péngin banget ngajak Yohanes, sing uga disebut Markus. 38  Nanging Paulus ora seneng nèk Markus dijak, merga Markus wis tau ninggalké sedulur loro kuwi ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng sedulur loro kuwi. 39  Banjur ana bebantahan sing sengit ing antarané sedulur loro kuwi, mula sedulur loro kuwi pisah. Barnabas ngajak Markus lan numpak kapal menyang Siprus. 40  Nanging Paulus milih Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndonga marang Yéhuwah supaya nduduhké welas asih sing nggumunké* marang Paulus. 41  Dhèwèké lunga menyang Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Sakwisé akèh bebantahan”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Maksudé, Pétrus.
Utawa ”pondhoké; omahé”.
Utawa ”pendapatku”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Deloken Daftar Istilah.