Kisah 14:1-28

  • Jumlahé murid saya akèh lan tentangan ing Ikonium (1-7)

  • Dikira déwa ing Listra (8-18)

  • Paulus dibandhemi watu nanging slamet (19, 20)

  • Nguwatké jemaat-jemaat (21-23)

  • Bali menyang Antiokhia Siria (24-28)

14  Ing Ikonium, Paulus lan Barnabas mlebu menyang sinagogé* wong Yahudi lan mulang kanthi trampil, mula akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya.  Nanging wong-wong Yahudi sing ora percaya ngojok-ojoki lan mengaruhi wong-wong saka bangsa liya kanggo nentang sedulur-sedulur kuwi.  Mula para rasul nggunakké cukup akèh wektu ing Ikonium, lan para rasul éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo ngomong kanthi kendel. Gusti Allah neguhké warta bab welas asihé sing nggumunké nganggo cara maringi para rasul kuwi kuwasa kanggo nindakké mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib.  Nanging penduduk kutha kuwi pecah dadi rong golongan. Ana sing mihak wong Yahudi lan ana sing mihak para rasul.  Wong-wong saka bangsa liya lan wong-wong Yahudi bareng karo panguwasané ngupaya kanggo nganiaya lan mbandhemi para rasul nganggo watu.  Wektu dikandhani bab kuwi, para rasul lunga menyang kutha Likaonia, Listra, Dèrbé, lan ing dhaérah sakiwa-tengené.  Ing kana, para rasul kuwi terus martakké kabar apik.  Ing Listra, ana wong lanang sing sikilé lumpuh wiwit lair lan ora tau mlaku. Dhèwèké lungguh  lan ngrungokké Paulus ngomong. Paulus mandeng wong kuwi lan ndelok nèk wong kuwi nduwé iman kanggo dimarèkké. 10  Paulus banjur kandha nganggo swara seru, ”Ngadega!” Mula wong kuwi ngadeg lan mulai mlaku. 11  Wektu wong-wong ndelok apa sing ditindakké Paulus, wong-wong kuwi mbengok nganggo basa Likaonia, ”Déwa-déwa wis dadi kaya manungsa lan mudhun marani kita!” 12  Lan wong-wong kuwi mulai nyebut Barnabas kuwi Zéus, nanging Paulus disebut Hèrmes, merga Paulus sing luwih akèh ngomong. 13  Mula imam kanggo Zéus, sing kuilé ana ing gerbang kutha, nggawa sapi lanang lan hiasan kembang* menyang gerbang. Imam lan wong akèh kuwi péngin mènèhké kurban marang Paulus lan Barnabas. 14  Nanging wektu krungu kuwi, rasul Barnabas lan rasul Paulus nyuwèk klambiné lan langsung mlayu marani wong akèh mau karo mbengok, 15  ”Ngapa kowé kabèh nindakké iki? Aku kabèh uga manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé. Aku kabèh lagi martakké kabar apik marang kowé, supaya kowé ninggalké bab-bab sing ora ana gunané iki banjur nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné. 16  Ing jaman* mbiyèn, Panjenengané ngejarké kabèh bangsa nindakké apa waé manut karepé dhéwé-dhéwé, 17  nanging Gusti Allah tetep maringi kesaksian bab Panjenengané dhéwé nganggo cara nindakké apa sing apik, yaiku maringi kowé kabèh udan lan musim panèn, uga maringi kowé panganan sing lubèr lan nggawé atimu seneng.” 18  Senajan wis ngomong kaya ngono, Paulus lan Barnabas isih kangèlan kanggo nyegah wong-wong kuwi mènèhké kurban marang para rasul kuwi. 19  Ana wong-wong Yahudi teka saka Antiokhia lan Ikonium, banjur padha ngojok-ojoki wong akèh, lan wong-wong kuwi padha mbandhemi Paulus nganggo watu lan nyèrèd dhèwèké menyang njaba kutha, merga ngira nèk dhèwèké wis mati. 20  Nanging, wektu murid-murid ngumpul ing sakiwa-tengené Paulus, Paulus ngadeg lan mlebu ing kutha. Ing dina sakbanjuré, Paulus karo Barnabas lunga menyang Dèrbé. 21  Sakwisé martakké kabar apik ing kutha kuwi lan mbantu cukup akèh wong dadi murid, Paulus lan Barnabas bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia. 22  Ing kana, Paulus lan Barnabas nguwatké murid-murid supaya tetep nduwé iman. Para rasul kuwi kandha, ”Kita kudu ngalami akèh kasangsaran kanggo mlebu ing Kratoné Allah.” 23  Paulus lan Barnabas uga nglantik pinituwa-pinituwa ing saben jemaat. Para rasul kuwi ndonga lan pasa, banjur masrahké para pinituwa kuwi marang Yéhuwah, merga para rasul kuwi percaya marang Panjenengané. 24  Banjur para rasul kuwi lunga ngliwati Pisidia lan tekan ing Pamfilia, 25  lan sakwisé martakké pangandikané Gusti Allah ing Perga, para rasul kuwi lunga menyang Atalia. 26  Saka kana para rasul kuwi numpak kapal menyang Antiokhia. Mbiyèn ing kutha kuwi, sedulur-sedulur padha ndonga supaya Gusti Allah nduduhké welas asihé sing nggumunké supaya para rasul kuwi isa nindakké tugas sing saiki wis dirampungké. 27  Wektu para rasul tekan ing Antiokhia lan nglumpukké para anggota jemaat ing kono, para rasul banjur nyritakké akèh perkara sing wis ditindakké Gusti Allah liwat para rasul kuwi, lan ngandhani nèk Gusti Allah wis mbukak dalan* kanggo bangsa-bangsa supaya padha nduwé iman. 28  Para rasul nggunakké cukup akèh wektu bareng karo murid-murid kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”karangan kembang sing bentuké bunder”.
Utawa ”generasi-generasi”.
Lit.: ”lawang”.