Kisah 13:1-52

  • Barnabas lan Saul dadi utusan injil (1-3)

  • Pelayanan ing Siprus (4-12)

  • Ceramahé Paulus ing Antiokhia Pisidia (13-41)

  • Préntah kanggo martakké marang bangsa-bangsa liya (42-52)

13  Ing jemaat Antiokhia, ana nabi-nabi lan guru-guru, yaiku Barnabas, Siméon sing disebut Niger, Lusius saka Kiréné, Manaèn sing nampa pendidikan bareng karo Hérodès sing dadi panguwasa dhaérah kuwi, lan Saul.  Wektu wong-wong kuwi lagi nglayani* Yéhuwah lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul kanggo nindakké tugas sing wis Tak temtokké kanggo wong loro kuwi.”  Lan sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul banjur ngutus wong loro iki.  Mula wong loro kuwi, sing diutus roh suci, lunga menyang Séléukia, banjur numpak prau menyang Siprus.  Wektu tekan Salamis, wong loro kuwi mulai martakké pangandikané Gusti Allah ing sinagogé-sinagogé* wong Yahudi. Yohanes uga mèlu ngancani kanggo mbantu wong loro kuwi.  Sakwisé njlajahi kabèh dhaérah ing pulau kuwi nganti tekan Pafos, wong-wong kuwi ketemu karo wong Yahudi sing jenengé Bar-Yésus. Dhèwèké kuwi ahli sihir lan nabi palsu.  Bar-Yésus kuwi kerja kanggo Gubernur* Sèrgius Paulus, wong sing cerdas banget. Gubernur kuwi ngundang Barnabas lan Saul, merga dhèwèké péngin banget ngrungokké pangandikané Gusti Allah.  Nanging ahli sihir kuwi, sing uga disebut Élimas (sing nèk diterjemahké tegesé ”ahli sihir”), nentang wong-wong kuwi. Dhèwèké ngupaya ngalang-alangi supaya gubernur kuwi aja nganti nduwé iman marang Gusti.  Banjur Saul, sing uga disebut Paulus, sing kapenuhan roh suci, mandeng ahli sihir kuwi 10  lan kandha, ”Kowé kuwi wong sing bener-bener curang lan licik, kowé kuwi anaké Iblis, lan kowé mungsuhé kabèh bab sing bener. Ngapa kowé ngènggokké dalané Yéhuwah sing lurus? 11  Yéhuwah bakal ngukum kowé, lan kowé bakal dadi wuta lan ora isa ndelok padhangé srengéngé kanggo sawetara mangsa.” Ing wektu kuwi uga, mripaté dadi ketutup kabut lan dadi peteng. Dhèwèké grayah-grayah nggolèki wong kanggo nuntun dhèwèké. 12  Wektu ndelok kedadéan kuwi, gubernur kuwi dadi wong sing percaya, merga nggumun marang piwulangé Yéhuwah. 13  Saka Pafos, Paulus lan kanca-kancané numpak prau lan tekan ing Perga ing Pamfilia. Nanging Yohanes ninggalké Paulus lan Barnabas, lan bali menyang Yérusalèm. 14  Senajan ngono, Paulus lan Barnabas neruské perjalanané saka Perga lan tekan ing Antiokhia ing Pisidia. Pas dina Sabat, wong loro kuwi teka ing sinagogé lan lungguh ing kono. 15  Sakwisé Taurat lan Tulisan Para Nabi diwacakké ing ngarepé wong-wong, para ketua sinagogé kandha marang Barnabas lan Saul, ”Sedulur-sedulur, menawa ana tembung-tembung sing isa nguwatké kanggo wong-wong iki, mangga diaturké.” 16  Mula Paulus ngadeg, lan karo mènèhi tandha nganggo tangané, dhèwèké kandha, ”Wong-wong Israèl lan wong-wong liya sing wedi marang Gusti Allah, tulung rungokna. 17  Gusti Allahé bangsa Israèl wis milih leluhur kita. Wektu leluhur kita manggon ing Mesir dadi penduduk asing, Panjenengané nulungi leluhur kita, lan Panjenengané nggunakké kuwasané sing gedhé kanggo nggawa leluhur kita metu saka Mesir. 18  Lan kira-kira saksuwéné 40 taun, Panjenengané sabar marang leluhur kita ing padhang belantara. 19  Sakwisé nyirnakké pitung bangsa ing tanah Kanaan, Panjenengané ngedum-edumké tanah kuwi dadi warisan. 20  Kuwi kabèh kedadéan saksuwéné kira-kira 450 taun. ”Banjur, Panjenengané maringi hakim-hakim marang leluhur kita nganti jamané Nabi Samuèl. 21  Nanging sakwisé kuwi padha njaluk raja, lan Gusti Allah maringi Saul anaké Kis, saka suku Bényamin, dadi raja saksuwéné 40 taun. 22  Sakwisé nyingkirké Saul, Panjenengané ngangkat Daud dadi raja. Bab Daud, Panjenengané maringi kesaksian, ’Aku wis nemokké Daud anaké Isai, wong sing nyenengké ati-Ku. Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak kersakké.’ 23  Kaya sing dijanjèkké, Gusti Allah maringi juru slamet marang Israèl saka keturunané* Daud, yaiku Yésus. 24  Sakdurungé Yésus teka, Yohanes wis martakké marang kabèh wong Israèl bab baptisan sing dadi lambang pertobatan. 25  Nanging, wektu wis rampung nindakké tugasé, Yohanes kandha, ’Kok kira aku iki sapa? Aku dudu dhèwèké. Dhèwèké bakal teka sakwisé aku, lan aku ora pantes nyopot tali sandhalé.’ 26  ”Sedulur-sedulur, keturunané Abraham lan wong-wong liya sing wedi marang Gusti Allah, pangandika bab keslametan iki wis diwartakké marang kita. 27  Penduduk Yérusalèm lan para panguwasa ora nampa Yésus sing dadi Mèsias, nanging wektu wong-wong kuwi ngadili, wong-wong kuwi nindakké apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi, sing diwacakké saben dina Sabat. 28  Senajan ora nemokké alesan kanggo ngukum mati Yésus, wong-wong kuwi njaluk marang Pilatus supaya ngukum mati Yésus. 29  Sakwisé nindakké kabèh sing wis ditulis bab Yésus, wong-wong kuwi ngedhunké dhèwèké saka cagak* lan mapanké ing kuburan. 30  Nanging Gusti Allah nguripké dhèwèké saka antarané wong mati, 31  lan kanggo sawetara wektu, dhèwèké isa didelok karo wong-wong sing mbiyèn lunga bareng dhèwèké saka Galiléa menyang Yérusalèm. Ya wong-wong kuwi sing saiki mènèhi kesaksian bab dhèwèké marang wong-wong liya. 32  ”Mula aku kabèh ngandhani kowé kabar apik bab janji sing digawé Gusti Allah marang para leluhur kita. 33  Gusti Allah bener-bener wis netepi janji kuwi kanggo kita, yaiku anak-anaké para leluhur, nganggo cara nguripké manèh Yésus. Iki cocog karo apa sing ditulis ing mazmur kapindho, ’Kowé kuwi putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu.’ 34  Gusti Allah wis ngendika nèk bakal nguripké Yésus saka antarané wong mati lan Yésus ora bakal nduwé badan sing isa sirna manèh. Gusti Allah ngendika, ’Aku bakal maringi berkah kanggo kowé kaya sing Tak janjèkké marang Daud merga katresnan-Ku sing langgeng. Lan janji kuwi isa dipercaya.’ 35  Ing mazmur liya uga dikandhakké, ’Panjenengan ora bakal ngejarké abdi Panjenengan sing setya ngalami karusakan.’ 36  Ing pihak liya yaiku Daud, dhèwèké ngabdi marang Gusti Allah* sajegé uripé, banjur dhèwèké mati* lan dikuburké bareng para leluhuré, lan ngalami karusakan. 37  Nanging, Yésus sing Gusti Allah uripké manèh, ora ngalami karusakan. 38  ”Dadi sedulur-sedulur, aku martakké marang kowé nèk Gusti Allah bakal ngapurani dosa-dosamu liwat sédané Yésus. 39  Hukum Musa ora isa nggawé kowé dadi wong bener, nanging merga Yésus mati, Gusti Allah bakal nganggep sapa waé sing percaya dadi wong bener. 40  Mula, ngati-atia supaya apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi ora kelakon marang kowé, yaiku, 41  ’Kowé sing seneng ngrèmèhké, deloken kuwi, dadia nggumun, lan matia, merga Aku lagi nindakké gawéan ing jamanmu, sing ora bakal kok percaya senajan wis dicritakké kanthi rinci marang kowé.’” 42  Wektu Paulus lan Barnabas lagi metu saka kono, wong-wong padha nyuwun supaya Paulus lan Barnabas ngrembug bab kuwi manèh ing dina Sabat sakbanjuré. 43  Sakwisé pakumpulan ibadah ing sinagogé rampung, akèh wong Yahudi lan proselit Yahudi* sing nyembah Gusti Allah padha ngetutké Paulus lan Barnabas. Paulus lan Barnabas ngongkon wong-wong kuwi supaya tetep nampa katresnané Gusti Allah. 44  Ing dina Sabat sakbanjuré, mèh kabèh wong ing kutha kuwi padha ngumpul kanggo ngrungokké pangandikané Yéhuwah. 45  Wektu weruh kumpulan wong kuwi, wong-wong Yahudi dadi iri, lan mulai nentang bab-bab sing diomongké Paulus, lan nganggo cara kuwi wong-wong mau ngrèmèhké Gusti Allah. 46  Banjur Paulus lan Barnabas ngomong kanthi kendel marang wong-wong Yahudi kuwi, ”Pangandikané Gusti Allah pancèn kudu diwartakké marang kowé luwih dhisik. Nanging kowé nolak lan nganggo cara kuwi kowé nduduhké nèk ora pantes nampa urip langgeng. Mula aku kabèh bakal martakké marang bangsa-bangsa liya. 47  Yéhuwah wis ndhawuhi aku kabèh, ’Aku wis ndadèkké kowé pepadhang kanggo bangsa-bangsa, supaya kowé nggawa keslametan nganti tekan pucuk-pucuké bumi.’” 48  Wektu wong-wong saka bangsa liya krungu bab kuwi, wong-wong kuwi mulai bungah lan ngluhurké pangandikané Yéhuwah. Lan kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé dadi percaya. 49  Pangandikané Yéhuwah terus disebarké ing kabèh dhaérah ing negara kuwi. 50  Nanging wong-wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong wadon salèh sing diajèni lan wong-wong lanang sing dadi panggedhéné kutha kuwi kanggo nganiaya Paulus lan Barnabas. Kuwi sebabé Paulus lan Barnabas diusir metu saka wilayah kuwi. 51  Mula para rasul ngebutké bledug saka sikilé supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi, banjur padha lunga menyang Ikonium. 52  Lan para murid terus ngrasa bungah lan kapenuhan roh suci.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nglayani ing ngarepé wong akèh kanggo”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”Prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”winihé”.
Utawa ”wit”.
Utawa ”nindakké kersané Gusti Allah”.
Lit.: ”turu ing pati”.
Maksudé, wong dudu Yahudi sing pindhah agama dadi agama Yahudi.