Kisah 10:1-48

  • Kornélius nampa wahyu (1-8)

  • Pétrus nampa wahyu bab kéwan-kéwan sing disucèkké (9-16)

  • Pétrus marani Kornélius (17-33)

  • Pétrus martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya (34-43)

    • ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké” (34, 35)

  • Wong-wong saka bangsa liya nampa roh suci lan dibaptis (44-48)

10  Ana wong lanang ing Kaisaréa sing jenengé Kornélius. Dhèwèké kuwi perwira* pasukan sing disebut pasukan Italia.*  Dhèwèké karo kabèh keluargané ngibadah lan wedi marang Gusti Allah. Dhèwèké seneng mènèhi sedhekah marang wong-wong lan ajeg ndonga* marang Gusti Allah.  Ing sawijiné dina, kira-kira jam telu soré,* dhèwèké éntuk wahyu lan ndelok kanthi cetha malaékaté Gusti Allah teka marang dhèwèké lan kandha, ”Kornélius!”  Kornélius mandeng malaékat kuwi karo kewedèn, lan takon, ”Ana apa, Pak?” Malaékat kuwi kandha, ”Donga-dongamu lan sedhekahmu wis ditampa Gusti Allah, lan Panjenengané éling marang kuwi kabèh.  Mula, utusen wong menyang Yopa kanggo nyeluk wong sing jenengé Simon sing uga disebut Pétrus.  Wong kuwi lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, lan omahé kuwi ing cedhak laut.”  Sakwisé malaékat sing ngomong karo dhèwèké kuwi lunga, Kornélius nyeluk loro pembantuné lan siji prajurité sing salèh,  lan dhèwèké nyritakké kabèh mau marang wong-wong kuwi, banjur ngutus wong-wong kuwi menyang Yopa.  Ing dina sakbanjuré, wektu wong-wong sing diutus kuwi isih ana ing dalan lan wis cedhak kutha, Pétrus munggah ing ndhuwur omah* kira-kira jam 12 awan* kanggo ndonga. 10  Nanging Pétrus ngrasa luwé banget lan péngin mangan. Wektu panganané isih disiapké, dhèwèké éntuk wahyu. 11  Dhèwèké ndelok langit kebukak, banjur ana kaya kain linen amba mudhun ing bumi lan pucuké papat kaya dicekeli. 12  Ing njeroné ana kabèh jenis kéwan sikil papat, kéwan sing nggremet* ing bumi, lan manuk-manuk ing langit. 13  Banjur ana swara sing kandha, ”Ngadega, Pétrus. Belèhen lan panganen!” 14  Nanging Pétrus kandha, ”Ora isa, merga aku ora tau mangan apa waé sing haram lan najis.” 15  Swara kuwi kandha kanggo kaping pindhoné, ”Apa sing wis disucèkké Gusti Allah aja kok anggep haram manèh.” 16  Sakwisé kuwi kelakon nganti ping telu, kain kuwi langsung keangkat menyang langit. 17  Wektu Pétrus isih bingung apa tegesé wahyu kuwi, wong-wong sing diutus Kornélius mau wis ngadeg ing gerbang sakwisé takon ing ngendi omahé Simon. 18  Wong-wong kuwi nyeluk sing nduwé omah lan takon apa Simon sing disebut Pétrus nginep ing kono. 19  Wektu Pétrus isih mikirké wahyu mau, roh suci kandha, ”Ana wong telu sing lagi nggolèki kowé. 20  Mula, ngadega lan mudhuna. Lungaa bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu, merga aku sing ngutus wong-wong kuwi.” 21  Pétrus banjur mudhun nemoni wong-wong kuwi lan kandha, ”Iki aku, wong sing kok golèki. Ana apa kowé teka mréné?” 22  Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh diutus Kornélius, yaiku perwira pasukan. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan wedi marang Gusti Allah. Kabèh wong Yahudi padha ngomongké nèk dhèwèké kuwi wong sing apik. Dhèwèké nampa petunjuk saka Gusti Allah liwat malaékat suci kanggo ngundang panjenengan menyang omahé lan kanggo ngrungokké panjenengan.” 23  Mula Pétrus ngejak wong-wong kuwi mlebu lan nginep ing kono. Ing dina sakbanjuré, Pétrus lunga bareng wong-wong kuwi, lan ana sedulur-sedulur saka Yopa sing mèlu lunga karo dhèwèké. 24  Sedina sakwisé kuwi, Pétrus tekan ing Kaisaréa. Kornélius lagi ngentèni wong-wong kuwi, lan dhèwèké wis ngundang kabèh seduluré lan kanca-kanca cedhaké. 25  Wektu Pétrus teka, Kornélius nemoni Pétrus lan sujud ing sikilé. 26  Nanging Pétrus mbantu Kornélius ngadeg lan kandha, ”Ngadega, aku iki ya mung manungsa.” 27  Sambi omong-omongan karo Kornélius, Pétrus mlebu lan weruh akèh wong padha ngumpul ing kono. 28  Pétrus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé padha ngerti tenan nèk wong Yahudi ora éntuk srawung utawa nyedhaki wong saka bangsa liya, nanging Gusti Allah wis nduduhké marang aku nèk aku ora éntuk nganggep sapa waé najis. 29  Mula wektu aku diundang mréné, aku mangkat tanpa ragu-ragu. Dadi, saiki aku péngin ngerti ngapa kowé ngundang aku.” 30  Kornélius kandha, ”Patang dina kepungkur, wektu aku lagi ndonga ing omahku pas jam telu soré,* ujug-ujug ana wong sing ngadeg ing ngarepku sing klambiné padhang njingglang. 31  Lan dhèwèké kandha, ’Kornélius, Gusti Allah wis mirengké dongamu lan éling karo sedhekahmu. 32  Mula, utusen wong menyang Yopa kanggo ngundang Simon sing disebut Pétrus. Dhèwèké lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, sing omahé ing cedhak laut.’ 33  Dadi aku langsung ngundang panjenengan, lan matur nuwun panjenengan wis gelem teka mréné. Saiki aku kabèh ngumpul ing ngarsané Gusti Allah, kanggo ngrungokké kabèh sing Yéhuwah préntahké marang panjenengan sing kudu panjenengan omongké.” 34  Mula Pétrus mulai ngomong, ”Saiki aku bener-bener ngerti nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, 35  nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané. 36  Gusti Allah martakké kabar apik marang wong-wong Israèl bab katentreman liwat Yésus Kristus, yaiku Gustiné kabèh wong. 37  Kowé kabèh ngerti nèk sakwisé Yohanes martakké bab baptisan, ana bab sing diomongké ing kabèh dhaérah Yudéa, mulai saka Galiléa, 38  yaiku bab Yésus saka Nazarèt. Gusti Allah wis nglantik dhèwèké nganggo roh suci lan mènèhi dhèwèké kuwasa. Lan dhèwèké njlajahi tanah kuwi karo nindakké bab sing apik uga marèkké kabèh wong sing dikuwasani Iblis, merga Gusti Allah ndhukung dhèwèké. 39  Aku kabèh dadi seksi saka kabèh sing dhèwèké tindakké ing kutha-kutha sing dienggoni wong Yahudi lan ing Yérusalèm. Nanging dhèwèké dipatèni nganggo cara dipaku* ing cagak.* 40  Gusti Allah nguripké manèh dhèwèké ing dina katelu supaya wong-wong isa ndelok dhèwèké. 41  Ora kabèh wong isa ndelok dhèwèké, nanging mung seksi-seksi sing wis Gusti Allah temtokké sakdurungé, yaiku aku kabèh, sing mangan lan ngombé bareng dhèwèké sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati. 42  Dhèwèké ngongkon aku kabèh kanggo martakké marang bangsa kuwi lan mènèhi kesaksian kanthi tliti nèk dhèwèké sing wis dilantik Gusti Allah dadi hakimé wong urip lan wong mati. 43  Kabèh nabi mènèhi kesaksian bab dhèwèké. Para nabi kuwi kandha nèk liwat jenengé, Gusti Allah bakal ngapurani dosa-dosané saben wong sing nduwé iman marang dhèwèké.” 44  Wektu Pétrus isih ngomong, kabèh wong sing ngrungokké pangandikané Gusti Allah padha nampa roh suci. 45  Wong-wong Yahudi sing percaya* sing teka karo Pétrus padha nggumun, merga wong-wong saka bangsa liya uga nampa roh suci, yaiku anugrah saka Gusti Allah. 46  Wong-wong kuwi krungu nèk wong-wong saka bangsa-bangsa liya ngomong nganggo basa-basa asing lan ngluhurké Gusti Allah. Pétrus banjur ngomong, 47  ”Wong-wong iki uga wis nampa roh suci kaya kita, dadi sapa sing isa ngalang-alangi wong-wong iki dibaptis nganggo banyu?” 48  Mula Pétrus ngongkon wong-wong kuwi dibaptis nganggo jenengé Yésus Kristus. Banjur wong-wong kuwi njaluk Pétrus nginep sawetara dina manèh.

Katrangan Tambahan

Utawa ”sènturion”, yaiku kepala saka 100 tentara.
Utawa ”kohor”, yaiku pasukan Romawi sing anggotané 600 tentara.
Utawa ”nyuwun”.
Lit.: ”jam kasanga”.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.
Lit.: ”jam kaenem”.
Utawa ”rèptil”.
Lit.: ”jam kasanga”.
Lit.: ”digantung”.
Utawa ”wit”.
Lit.: ”Wong-wong percaya sing disunat”.