Ibrani 6:1-20

  • Ngupaya kanggo dadi diwasa (1-3)

  • Wong sing nolak wulangan sing bener wis maku manèh Putrané Gusti Allah (4-8)

  • Bener-bener yakin marang pangarep-arepmu (9-12)

  • Janjiné Gusti Allah mesthi kelakon (13-20)

    • Janji lan sumpahé Gusti Allah ora mungkin malih (17, 18)

6  Saiki, sakwisé rampung nyinaoni wulangan dhasar bab Kristus, ayo kita terus ngupaya kanggo dadi diwasa.* Aja bali manèh marang wulangan-wulangan dhasar* bab pertobatan saka tumindak sing tanpa guna lan iman marang Gusti Allah,  bab baptisan lan numpangké tangan, utawa bab wong mati sing diuripké manèh lan hukuman sing langgeng.  Kita bakal terus ngupaya kanggo dadi diwasa* nèk kuwi kersané Gusti Allah.  Wong-wong sing mbiyèn wis nampa pepadhang, wis ngrasakké anugrah saka swarga, wis nampa roh suci,  lan wis ngrasakké pangandikané Gusti Allah sing apik lan berkah-berkah* ing jaman* sing bakal teka,  nanging wong-wong kuwi wis nolak wulangan sing bener, lan ora mungkin isa dibantu supaya mertobat, merga wong-wong kuwi wis maku manèh Putrané Gusti Allah ing cagak lan ngisin-isinké dhèwèké ing ngarepé wong akèh.  Tanah nampa berkah saka Gusti Allah wektu nyerep banyu udan sing kerep tiba ing ndhuwuré lan ngasilké tanduran sing migunani kanggo wong sing nggarap.  Nanging nèk tanah kuwi ngasilké tanduran eri lan suket, tanah kuwi ora ana gunané, bakal dikutuk, lan akiré diobong.  Sedulur-sedulur sing ditresnani, senajan aku kabèh ngomong kaya ngéné iki, aku kabèh yakin nèk kahananmu luwih apik ketimbang wong-wong kuwi, lan aku kabèh uga yakin nèk kowé nindakké bab-bab sing ana hubungané karo keslametan. 10  Merga Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané ora bakal lali karo tumindak lan katresnan sing kok duduhké kanggo asmané kanthi cara nglayani wong-wong suci lan terus nglayani wong-wong kuwi. 11  Senajan ngono, aku kabèh péngin supaya saben wong ing antaramu tetep sregep kaya sing wis kok tindakké saksuwéné iki, supaya nganti pungkasan kowé bener-bener yakin marang pangarep-arepmu, 12  lan kowé ora dadi males, nanging niru wong-wong sing nampa warisan saka janji-janji kuwi merga nduwé iman lan sabar. 13  Wektu Gusti Allah nggawé janji marang Abraham, Panjenengané sumpah demi Panjenengané dhéwé, merga ora ana sing luwih unggul ketimbang Panjenengané. 14  Gusti Allah ngendika, ”Aku mesthi bakal mberkahi kowé. Aku mesthi bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.” 15  Mula, sakwisé Abraham nduduhké kesabaran, dhèwèké nampa janji kuwi. 16  Manungsa nggawé sumpah demi wong sing luwih unggul, lan sumpahé kuwi dadi akir saka saben udur-uduran, merga sumpahé kuwi dadi jaminan sing sah kanggo wong-wong kuwi. 17  Semono uga, wektu Gusti Allah mutuské kanggo nduduhké luwih cetha marang para ahli waris janji kuwi nèk kersané ora bakal malih, Panjenengané njamin kuwi nganggo sumpah. 18  Rong perkara kuwi ora mungkin diowahi karo Gusti Allah, lan Panjenengané ora mungkin ngapusi. Rong perkara kuwi nguwatké kita sing wis nggolèk pangayomané Gusti Allah, mula kita isa nggegem kenceng pangarep-arep sing ana ing ngarepé kita. 19  Pangarep-arep kuwi kaya jangkar kanggo jiwa,* sing kuwat lan isa diandelké, lan nggawa kita mlebu ing mburiné geber* kuwi, 20  lan ing kono, wis ana wong* sing mlebu luwih dhisik kanggo kepentingané kita, yaiku Yésus, sing wis dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawasé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”mateng”.
Lit.: ”Aja ndèlèhké manèh dhasar”.
Utawa ”mateng”.
Lit.: ”kuwasa”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kanggo urip kita”.
Utawa ”tirai”.
Utawa ”wis ana pelopor”.