Ibrani 11:1-40

  • Tegesé iman (1, 2)

  • Tuladha iman (3-40)

    • Tanpa iman, ora bakal isa nyenengké Gusti Allah (6)

11  Iman yaiku keyakinan sing kuwat nèk apa sing diarep-arep mesthi bakal kelakon, lan bukti sing nyata* nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.  Merga nduwé iman, wong-wong ing jaman mbiyèn* nampa kesaksian nèk wong-wong kuwi wis nyenengké Gusti Allah.  Merga nduwé iman, kita paham nèk donya* sak isiné digawé liwat pangandikané Gusti Allah, dadi perkara-perkara sing isa kita delok kuwi ana saka perkara-perkara sing ora isa kita delok.  Merga nduwé iman, Habèl mènèhké kurban persembahan marang Gusti Allah, yaiku kurban sing luwih aji ketimbang kurbané Kain. Liwat imané kuwi, Habèl nampa kesaksian nèk dhèwèké kuwi dianggep bener, merga Gusti Allah wis nampa* persembahané. Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong liwat imané.  Merga nduwé iman, Hénokh dipindhahké supaya ora ndelok pati, lan dhèwèké ora ditemokké ing ngendi-endi sebab Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké. Sakdurungé dipindhahké, Hénokh nampa kesaksian nèk dhèwèké wis nyenengké Gusti Allah.  Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Panjenengané kuwi ana, lan nèk Panjenengané ngopahi wong-wong sing tenanan nggolèki Panjenengané.  Merga nduwé iman, Nuh, sakwisé dikandhani Gusti Allah bab perkara-perkara sing durung kétok, manut marang Gusti Allah lan mbangun bahtera kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum, lan merga imané kuwi dhèwèké dianggep bener.  Merga nduwé iman, Abraham manut wektu Gusti Allah nyeluk dhèwèké, lan dhèwèké mangkat menyang panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga menyang ngendi.  Merga nduwé iman, Abraham manggon dadi wong asing ing tanah sing dijanjèkké kuwi, manggon ing kémah-kémah bareng karo Ishak lan Yakub, sing uga dadi ahli waris saka janji sing padha. 10  Kuwi merga Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh, sing dirancang lan dibangun karo Gusti Allah. 11  Merga nduwé iman, Sara mbobot* senajan wis tuwa, merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing maringi janji kuwi setya.* 12  Mula, saka wong lanang siji sing wis tuwa banget,* ana akèh anak sing dilairké, sing jumlahé kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai sing ora isa diétung cacahé. 13  Wong-wong kuwi mau kabèh tetep nduwé iman nganti mati, senajan durung nampa apa sing dijanjèkké. Nanging, wong-wong kuwi kaya-kayané wis ndelok saka kadohan, nampa kuwi kanthi bungah, lan ngandhani liyané nèk wong-wong kuwi wong asing lan penduduk sementara ing negara kuwi. 14  Wong-wong sing kandha kuwi nduduhké kanthi cetha nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèk panggonan kanggo wong-wong kuwi dhéwé. 15  Saumpama wong-wong kuwi ngéling-éling terus panggonané sing wis ditinggalké, wong-wong kuwi sakjané nduwé kesempatan kanggo bali. 16  Nanging, wong-wong kuwi ngupaya kanggo nemokké panggonan sing luwih apik, yaiku sing ana kaitané karo swarga. Mula Gusti Allah ora isin disebut Gusti Allahé wong-wong kuwi, malah Gusti Allah wis nyiapké sawijiné kutha kanggo wong-wong kuwi. 17  Merga nduwé iman, Abraham, wektu diuji, kaya-kayané wis mènèhké Ishak dadi persembahan. Abraham, sing kanthi seneng nampa janji-janji kuwi, siap ngurbanké anaké siji-sijiné. 18  Padahal, dhèwèké wis dikandhani, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.” 19  Nanging Abraham yakin nèk Gusti Allah sanggup nguripké manèh putrané saka antarané wong mati, lan dhèwèké pancèn nampa putrané manèh saka pati. Iki nduduhké apa sing bakal kelakon mbésuk. 20  Merga nduwé iman, Ishak uga mberkahi Yakub lan Ésau, lan ngandhani wong loro kuwi bab apa sing bakal kelakon sukmbèn. 21  Merga nduwé iman, Yakub, wektu wis arep mati, mberkahi loro anaké Yusuf lan sujud marang Gusti Allah karo nyekeli tekené. 22  Merga nduwé iman, Yusuf, wektu wis arep mati, ngomong nèk wong-wong Israèl bakal metu saka Mesir. Dhèwèké uga mènèhi préntah* bab penguburané.* 23  Merga nduwé iman, wong tuwané Musa ndhelikké Musa saksuwéné telung sasi sakwisé dhèwèké lair, merga wong tuwané Musa ndelok nèk Musa kuwi bagus lan wong tuwané ora wedi karo préntahé raja. 24  Merga nduwé iman, Musa, wektu wis diwasa, ora gelem disebut anaké putri Firaun. 25  Dhèwèké milih kanggo ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah ketimbang ngrasakké kesenengan sing ora suwé saka dosa, 26  merga Musa nganggep, nèk dirèmèhké merga dadi Wong sing Dilantik* kuwi luwih aji ketimbang kabèh bandhané Mesir, merga dhèwèké mandeng tenanan marang opah sing bakal ditampa. 27  Merga nduwé iman, dhèwèké ninggalké Mesir, nanging dudu merga wedi ngadhepi raja sing murka. Musa tetep kukuh kaya-kaya dhèwèké ndelok Gusti Allah sing ora kétok. 28  Merga nduwé iman, dhèwèké ngrayakké Paskah lan nyipratké getih, supaya malaékaté Gusti Allah ora matèni* anak mbarepé wong-wong Israèl. 29  Merga nduwé iman, wong-wong Israèl nyabrang Laut Merah kaya mlaku ing ndhuwuré lemah sing garing, nanging wektu wong-wong Mesir nyoba ngliwati, wong-wong kuwi padha kleleb. 30  Merga iman, témbok-témboké Yérikho rubuh sakwisé wong Israèl padha mlaku ngubengi kuwi pitung dina suwéné. 31  Merga nduwé iman, Rahab, wong wadon sing dadi pelacur kuwi, ora mati bareng karo wong-wong liyané sing ora manut, merga Rahab nampa mata-mata kuwi kanthi ramah. 32  Sapa manèh sing bakal tak critakké? Wektuné ora bakal cukup nèk aku crita bab Gidéon, Barak, Simson, Yéfta, Daud, uga Samuèl, lan nabi-nabi liyané. 33  Merga nduwé iman, wong-wong kuwi ngalahké kerajaan-kerajaan, nindakké apa sing bener, éntuk janji-janji, mbungkem cangkemé singa, 34  matèni geni sing mulad-mulad, luput saka pedhang, dadi kuwat senajan sakdurungé tanpa daya, dadi prakosa ing perang, lan ngusir pasukan sing teka kanggo nyerang. 35  Para wong wadon nampa manèh keluargané sing diuripké manèh saka pati. Wong-wong liyané ora gelem nolak imané mung supaya isa dibébaské, nanging padha milih disiksa supaya isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik. 36  Sing liyané manèh diuji nganggo cara diécé lan dipecuti, malah nganti diranté lan dipenjara. 37  Wong-wong kuwi dibandhemi watu nganti mati, diuji, ditugel-tugel nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang, mung nganggo klambi saka kulit wedhus gèmbèl lan kulit wedhus jawa, ngalami kekurangan, sengsara, lan ngalami tumindak sing ala. 38  Donya iki dudu panggonan sing pantes kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi urip ing padhang gurun, ing gunung, ing guwa, lan ing luweng-luwengé bumi. 39  Padahal, kabèh wong kuwi ora nampa apa sing wis dijanjèkké kuwi senajan nampa kesaksian sing apik merga imané, 40  merga wiwit mbiyèn, Gusti Allah ngersakké kanggo maringi kita sawijiné perkara sing luwih apik, mula wong-wong kuwi ora bakal dadi sampurna tanpa kita.

Katrangan Tambahan

Utawa ”sing ngyakinké”.
Utawa ”para leluhur kita”.
Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis maringi kesaksian nganggo cara ngakoni”.
Utawa ”nampa kuwasa kanggo mbobot winih”.
Utawa ”isa dipercaya”.
Lit.: ”wis mati”. Maksudé, wis ora isa nduwé anak.
Lit.: ”Winih”.
Utawa ”arahan”.
Lit.: ”balung-balungé”.
Lit.: ”Kristus”.
Lit.: ”ora ndemèk”.