2 Korintus 7:1-16

  • Nyucèkké urip saka apa waé sing nggawé najis (1)

  • Paulus bungah merga wong Korintus (2-4)

  • Titus nggawa laporan sing apik (5-7)

  • Rasa sedhih sing cocog karo kersané Gusti Allah lan pertobatan (8-16)

7  Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, merga kita wis nampa janji-janji kuwi, ayo padha nyucèkké urip kita saka apa waé sing nggawé najis badan lan pikiran* kita, supaya anggon kita dadi suci kuwi saya sampurna merga wedi marang Gusti Allah.  Wènèhana aku kabèh panggon ana ing atimu. Aku ora nduwé salah marang sapa waé, ora ngrusak sapa waé, lan aku ora nggolèk untung saka sapa waé.  Aku ngomongké iki ora kanggo nyalahké kowé kabèh, merga kaya sing wis tak omongké sakdurungé, kowé padha ana ing atiku, ora soal kita urip utawa kita mati.  Aku isa ngomong kanthi bébas marang kowé, lan aku bangga marang kowé. Aku kebak panglipuran, lan aku ngrasakké kabungahan kanthi lubèr ing kabèh kasangsaran sing padha tak alami.  Sakjané, wektu aku kabèh tekan ing Makédonia, aku kabèh ora ngrasa tenang, lan aku kabèh terus ngalami akèh kasangsaran. Wong-wong padha nentang aku kabèh, lan aku kabèh uga kuwatir bab jemaat.  Nanging, Gusti Allah sing nglipur wong-wong sing atiné semplah, nglipur aku kabèh wektu Titus teka.  Aku kabèh kelipur ora mung saka tekané Titus, nanging uga saka panglipuran sing dhèwèké tampa merga kowé kabèh. Dhèwèké ngandhani aku kabèh bab rasa kangenmu marang aku, rasa sedhihmu, lan rasa perdulimu sing tulus* marang aku, mula aku saya bungah.  Senajan suratku nggawé kowé sedhih, aku ora getun. Wiwitané aku pancèn ngrasa getun merga aku ngerti nèk surat kuwi nggawé kowé sedhih kanggo sawetara wektu.  Saiki aku bungah, dudu merga kowé sedhih, nanging merga rasa sedhihmu wis nggawé kowé kabèh padha mertobat. Rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah. Mula, aku kabèh ora nggawé kowé padha rugi. 10  Rasa sedhih sing cocog karo kersané Gusti Allah ngasilké pertobatan sing nuntun marang keslametan, lan kuwi ora bakal digetuni, nanging rasa sedhih donya iki ngasilké pati. 11  Cetha banget nèk rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah, lan kuwi nggawé kowé ngupaya tenanan nindakké apa sing bener. Kowé padha nggawé jenengmu dadi apik manèh, jèngkèl merga tumindak sing salah, wedi marang Gusti Allah, nduwé pepénginan sing tulus, lan nduwé semangat kanggo ndandani kesalahan! Ing bab iki, kowé kabèh padha nindakké apa sing bener.* 12  Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé kabèh, dudu demi kepentingané wong sing nindakké salah utawa wong sing digawé rugi. Aku nulis kuwi supaya kowé kabèh isa nduduhké ing ngarsané Gusti Allah nèk kowé padha péngin ngrungokké aku kabèh. 13  Kuwi sebabé aku kabèh kelipur. Nanging sakliyané kelipur, aku kabèh saya bungah merga Titus bungah, merga kowé kabèh padha nguwatké dhèwèké.* 14  Aku wis tau nduduhké rasa banggaku bab kowé marang Titus, lan aku ora isin. Apa sing padha tak banggakké marang Titus kuwi pancèn bener, semono uga karo kabèh sing padha tak omongké marang kowé. 15  Sakliyané kuwi, Titus saya nresnani kowé kabèh, merga dhèwèké éling piyé kowé kabèh padha manut lan nampa dhèwèké kanthi ngajèni banget. 16  Aku bungah merga ing kabèh bab, aku isa percaya marang kowé kabèh.*

Katrangan Tambahan

Lit.: ”daging lan roh”.
Utawa ”semangatmu”.
Utawa ”kowé kabèh murni; kowé kabèh ora salah”.
Lit.: ”rohé”.
Utawa mungkin ”aku isa dikuwatké merga kowé kabèh”.