2 Korintus 11:1-33

  • Paulus lan rasul-rasul sing hébat (1-15)

  • Kahanan angèl sing dialami Paulus merga dadi rasul (16-33)

11  Aku péngin supaya kowé padha sabar marang aku, senajan aku kétoké rada ora masuk akal. Nanging, kowé pancèn sabar marang aku!  Aku bener-bener perduli marang kowé kaya Gusti Allah uga perduli marang kowé, aku dhéwé wis ndadèkké kowé tunangané Kristus, lan aku arep mènèhké kowé marang dhèwèké dadi prawan sing suci.*  Nanging, aku wedi pikiranmu padha dirusak, kaya Hawa sing kapusan karo kelicikané ula, lan isa nggawé kowé ora setya utawa ora suci* manèh ing ngarepé Kristus kaya sing sakmesthiné.  Nyatané, nèk ana sing teka lan martakké bab Yésus sing liya, sing béda karo sing wis padha tak wartakké, utawa ana kuwasa liya sing nuntun pikiranmu, sing béda karo kuwasa sing saksuwéné iki nuntun kowé, utawa ana kabar apik sing béda karo sing wis padha kok tampa, kowé kabèh langsung nampa kuwi.  Miturutku, sathithik waé aku ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat banget kuwi.  Senajan aku ora pinter ngomong, aku nduwé pangertèn bab Gusti Allah. Aku kabèh wis nduduhké kanthi cetha marang kowé ing kabèh bab lan ing akèh cara.  Apa aku nindakké dosa, nèk aku kanthi seneng martakké kabar apik saka Gusti Allah marang kowé kabèh tanpa dibayar, lan ngasorké awakku supaya kowé padha diunggulké?  Aku nampa bantuan* saka jemaat-jemaat liya, lan kuwi kaya-kaya aku ngrampok jemaat-jemaat kuwi supaya aku isa nglayani kowé.  Malah, wektu aku bareng karo kowé lan ana sing tak butuhké, aku ora dadi beban kanggo sapa waé, merga sedulur-sedulur sing teka saka Makédonia nyedhiakké kabèh kebutuhanku. Aku ngupaya sak isa-isané supaya ora dadi bebanmu, lan aku bakal terus kaya ngono. 10  Yakuwi sing bakal terus tak banggak-banggakké ing wilayah Akhaya saksuwéné aku dadi pengikuté Kristus. 11  Apa sebabé? Apa merga aku ora nresnani kowé? Gusti Allah ngerti nèk aku nresnani kowé kabèh. 12  Ana sapérangan wong sing padha bangga lan kandha nèk wong-wong kuwi dadi rasul-rasul padha kaya aku kabèh. Mula, aku bakal terus nindakké apa sing wis tak tindakké saksuwéné iki, supaya wong-wong kuwi ora nduwé alesan manèh kanggo bangga. 13  Wong-wong sing kaya ngono kuwi sakjané rasul palsu, sing seneng ngapusi lan nyamar dadi rasulé Kristus. 14  Aku ora nggumun karo bab kuwi, merga Sétan dhéwé seneng nyamar dadi malaékat terang. 15  Dadi, lumrah waé nèk para abdiné uga seneng nyamar dadi abdi sing bener. Nanging, wong-wong kuwi akiré bakal ngalami apa sing cocog karo tumindaké. 16  Sepisan manèh aku kandha: Aja ana sing mikir nèk aku iki ora masuk akal. Nanging senajan kowé padha mikir kaya ngono, tetep tampanen aku sing ora masuk akal iki, supaya aku isa rada bangga. 17  Apa sing tak omongké saiki ora miturut tuladhané Gusti. Nanging, aku ngomong kaya wong sing ora masuk akal, sing seneng bangga lan keliwat percaya dhiri. 18  Akèh wong bangga karo perkara-perkara donya,* mula aku uga bakal bangga karo perkara-perkara kuwi. 19  Merga kowé wong sing ”masuk akal” banget, kowé mesthi gelem sabar marang wong sing ora masuk akal. 20  Kowé padha nampa sapa waé sing nggawé kowé dadi budhaké, sing manfaatké kowé, sing ngrampas duwèkmu, sing ngunggulké awaké tumrap kowé, lan sing ngampleng raimu. 21  Aku isin ngomongké iki, merga aku kabèh isa dianggep tanpa daya. Nanging nèk wong liya wani, aku uga bakal wani, senajan aku bakal ngomong kaya wong sing ora masuk akal. 22  Apa wong-wong kuwi wong Ibrani? Aku iya. Apa wong-wong kuwi wong Israèl? Aku iya. Apa wong-wong kuwi keturunané Abraham? Aku iya. 23  Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal kandha kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat ketimbang wong-wong kuwi: Aku nyambut gawé luwih mempeng, luwih kerep dipenjara, digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati. 24  Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi, lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25  Ping telu aku digebugi nganggo tongkat, ping pisan dibandhemi watu, ping telu ngalami kapal kèrem, lan sedina-sewengi ana ing tengah-tengah laut. 26  Aku kerep lunga lan kerep ngadhepi bahaya saka kali, saka perampok, saka wong-wong sing sak bangsa lan saka bangsa liya, ing kutha, ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu. 27  Aku kerep rekasa lan nyambut gawé abot, kerep ora turu, luwé lan ngelak, kerep ora nduwé panganan, kadhemen lan kekurangan klambi.* 28  Sakliyané bab-bab kuwi, saben dina aku uga kuwatir karo kabèh jemaat. 29  Nèk ana sing tanpa daya, aku dadi tanpa daya uga, lan nèk ana sing kesandhung, aku dadi jèngkèl. 30  Nèk aku kudu bangga, aku bakal bangga karo bab-bab sing nduduhké nèk aku tanpa daya. 31  Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti Yésus, sing pantes dipuji kanggo saklawasé, ngerti nèk aku ora ngapusi. 32  Ing Damaskus, gubernur ing pamréntahané Raja Arétas, nugaské para penjaga ing gerbang kutha kanggo nangkep aku, 33  nanging aku diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha kuwi. Nganggo cara kuwi aku isa bébas saka tangané wong-wong kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”murni”.
Utawa ”ora murni”.
Utawa ”tunjangan”.
Lit.: ”miturut daging”.
Lit.: ”wuda”.