2 Korintus 10:1-18

  • Paulus mbéla pelayanané (1-18)

    • Senjata perang sing padha tak gunakké dudu saka donya iki (4, 5)

10  Aku, Paulus, nyuwun marang kowé kanthi sipat alus lan apik ati kaya sing diduwèni Kristus. Ana wong-wong ing antaramu sing kandha nèk aku tanpa daya wektu ketemu kowé langsung, nanging wektu nulis surat marang kowé, aku kendel.  Aku péngin supaya wektu aku teka, aku ora perlu tumindak keras marang wong-wong sing nganggep nèk aku kabèh urip miturut pikirané donya.*  Senajan aku kabèh urip ing donya iki, nanging aku kabèh ora perang miturut pikirané donya,*  merga senjata perang sing padha tak gunakké dudu saka donya iki, nanging saka Gusti Allah sing kebak kuwasa. Mula, kuwi isa ngrubuhké apa waé sing dibèntèngi kanthi kuwat.  Aku kabèh ngrubuhké cara mikir sing salah lan ngrubuhké apa waé sing ora cocog karo pangertèn bab Gusti Allah. Aku kabèh ngalahké saben pikiran supaya kuwi dadi manut karo Kristus.  Aku kabèh uga siap ngukum sapa waé sing ora manut, sakwisé kowé kabèh nduduhké nèk bener-bener manut.  Kowé kabèh padha ngadili perkara-perkara miturut apa sing kétok. Nèk ana wong sing yakin nèk dhèwèké kuwi duwèké Kristus, wong kuwi kudu éling nèk aku kabèh uga duwèké Kristus, padha kaya wong kuwi.  Gusti wis mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu lan ora kanggo nggawé kowé cilik ati. Senajan aku rada keliwat bangga karo wewenang sing tak tampa kuwi, aku ora bakal isin.  Aku ora péngin kowé padha nduwé pikiran nèk aku arep medèn-medèni kowé nganggo surat-suratku. 10  Ana wong-wong sing kandha, ”Surat-suraté tegas lan keras, nanging nèk dhèwèké ing kéné, dhèwèké tanpa daya lan omongané ora ana artiné.” 11  Wong sing ngomong kaya ngono perlu ngerti nèk apa sing tak omongké ing surat-surat, uga bakal tak tindakké wektu aku kabèh teka. 12  Aku kabèh ora wani kandha nèk aku kabèh iki padha utawa sebandhing karo wong-wong sing nganggep nèk wong kuwi dhéwé sing paling unggul. Wong-wong kuwi ora nduwé pangertèn merga ngadili awaké mung miturut pathokané dhéwé lan mbandhingké awaké mung karo wong-wong kuwi dhéwé. 13  Aku kabèh ora bakal bangga karo bates dhaérah tugas sing dudu bagéanku. Nanging, aku kabèh bakal bangga mung karo bates dhaérah sing wis ditemtokké* Gusti Allah kanggo aku kabèh, lan kowé kabèh uga klebu ing dhaérah kuwi. 14  Saktenané, aku kabèh ora ngliwati bates tugas wektu aku kabèh teka marang kowé, merga aku kabèh sing sepisanan martakké kabar apik bab Kristus marang kowé. 15  Aku kabèh ora bangga karo hasil gawéané wong liya sing ana ing sak njabané bates dhaérah tugasku, nanging aku kabèh péngin supaya imanmu mundhak gedhé, supaya hasil gawéan sing padha tak tindakké ing dhaérah tugasku uga mundhak gedhé. Nganggo cara kuwi dhaérah tugas sing padha tak garap bakal saya amba, 16  lan aku kabèh isa martakké kabar apik ing negara-negara sing luwih adoh saka panggonanmu. Dadi, aku kabèh ora bakal bangga karo hasil gawéané wong liya ing dhaérah tugasé wong-wong kuwi. 17  ”Sapa sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.” 18  Yéhuwah nresnani wong sing Panjenengané unggulké, nanging dudu wong sing ngunggulké awaké dhéwé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”daging”.
Lit.: ”daging”.
Utawa ”dijatah karo”.