1 Yohanes 1:1-10

  • Sabda sing marakké urip (1-4)

  • Mlaku ing pepadhang (5-7)

  • Pentingé ngakoni dosa (8-10)

1  Aku kabèh nulis marang kowé bab sabda sing marakké urip, sing wis ana saka wiwitan, sing wis padha tak rungokké, tak delok nganggo mripatku, tak amati, lan tak demèk nganggo tanganku.  (Urip langgeng wis dadi nyata kanggo aku kabèh. Aku kabèh wis ndelok kuwi, lan saiki aku kabèh mènèhi kesaksian lan nyritakké bab kuwi marang kowé kabèh. Urip langgeng iki asalé saka Bapak lan kuwi wis dadi nyata kanggo aku kabèh.)  Apa sing wis padha tak delok lan tak rungokké kuwi uga tak critakké marang kowé kabèh, supaya kowé kabèh uga nyawiji* karo aku kabèh, lan kuwi tegesé kowé nyawiji karo Bapak kita lan Putrané, yaiku Yésus Kristus.  Lan aku kabèh nulis bab-bab iki supaya rasa bungah kita dadi sampurna.  Iki warta sing padha tak rungokké saka Yésus, lan saiki tak critakké marang kowé kabèh: Gusti Allah kuwi sumberé pepadhang, lan babar blas ora ana pepeteng ing Panjenengané.*  Nèk kita kandha, ”Aku kabèh nyawiji karo Gusti Allah,” nanging tetep mlaku ing pepeteng, kuwi tegesé kita ngapusi lan ora nindakké apa sing bener.  Nanging nèk kita mlaku ing pepadhang, kaya Gusti Allah dhéwé ana ing pepadhang, kita kabèh bakal nyawiji. Lan getihé Yésus, Putrané, isa ngresiki kita saka sakabèhé dosa.  Nèk kita kandha, ”Aku ora nduwé dosa,” kuwi tegesé ngapusi awak kita dhéwé lan apa sing bener ora ana ing kita.  Gusti Allah kuwi setya lan adil, mula nèk kita ngakoni dosa, Panjenengané bakal ngapurani dosa kita, lan ngresiki kita saka kabèh tumindak ala. 10  Nèk kita kandha, ”Aku ora tau nindakké dosa,” kuwi tegesé kita ndadèkké Gusti Allah tukang ngapusi, lan pangandikané ora ana ing ati kita.

Katrangan Tambahan

Utawa ”pepeteng sing nyawiji karo Panjenengané”.
Utawa ”pepeteng sing nyawiji karo Panjenengané”.