1 Korintus 14:1-40

  • Anugrah kanggo mènèhi ramalan lan nganggo basa liya (1-25)

  • Pakumpulan Kristen sing tertib (26-40)

    • Kedudukané wong wadon ing jemaat (34, 35)

14  Terus duduhna katresnan, ngupayaa éntuk* anugrah-anugrah rohani, utamané anugrah kanggo mènèhi ramalan.*  Wong sing ngomong nganggo basa liya ngomong marang Gusti Allah, dudu marang manungsa. Senajan dhèwèké ngomong bab rahasia suci liwat roh suci, nanging ora ana sing isa ngerti.  Nanging, wong sing mènèhi ramalan isa nguwatké, mbantu, lan nglipur wong liya nganggo tembung-tembungé.  Wong sing ngomong nganggo basa liya mung nguwatké dhèwèké dhéwé, nanging wong sing mènèhi ramalan nguwatké jemaat.  Aku péngin kowé kabèh ngomong nganggo basa liya, nanging aku luwih seneng nèk kowé mènèhi ramalan. Mènèhi ramalan luwih becik ketimbang ngomong nganggo basa liya, kejaba nèk kuwi diterjemahké, dadi jemaat isa dikuwatké.  Sedulur-sedulur, nèk aku teka lan ngomong nganggo basa liya, piyé aku isa mbantu kowé? Nèk aku péngin mbantu kowé, aku kudu ngomong nganggo pangertèn, utawa ramalan, utawa pangandika lan piwulang sing tak tampa saka Gusti Allah.  Padha kaya alat musik, contoné suling utawa harpa,* nèk nada sing dimainké ora cetha, piyé wong isa ngerti lagu apa sing lagi dimainké?  Nèk swara trompèté ora cetha, sapa sing bakal siap-siap kanggo perang?  Semono uga nèk omonganmu angèl dingertèni, piyé wong bakal ngerti kowé lagi ngomong apa? Sakjané, kuwi kaya kowé ngomong karo angin. 10  Ing donya iki ana akèh basa sing diomongké, lan kabèh isa dingertèni. 11  Nèk aku ora ngerti apa sing diomongké wong marang aku, aku bakal dadi wong asing kanggo dhèwèké, lan dhèwèké bakal dadi wong asing kanggo aku. 12  Semono uga kowé, nèk kowé péngin banget éntuk anugrah-anugrah rohani, ngupayaa supaya kowé isa éntuk anugrah-anugrah kuwi kanthi lubèr kanggo nguwatké jemaat. 13  Mula, wong sing ngomong nganggo basa liya kudu ndonga supaya isa nerjemahké. 14  Nèk aku ndonga nganggo basa liya, dudu aku sing ngomong, nanging anugrah rohani sing diparingké marang aku. Kuwi sebabé aku ora ngerti apa sing tak omongké. 15  Terus aku kudu piyé? Aku bakal ndonga nganggo anugrah rohani lan aku uga bakal ndonga supaya apa sing tak omongké isa dingertèni. Aku bakal nyanyi lagu pamuji nganggo anugrah rohani lan aku uga bakal nyanyi lagu pamuji supaya apa sing tak omongké isa dingertèni. 16  Nèk kowé ngucap sokur marang Gusti Allah nganggo anugrah rohani, nanging wong biasa sing ana ing antaramu ora ngerti sing kok omongké, piyé wong kuwi isa ngomong ”Amin” sakwisé kowé ngucap sokur? 17  Pancèn, kowé ngucap sokur kanthi apik, nanging wong kuwi ora bakal dikuwatké. 18  Aku matur nuwun marang Gusti Allah merga aku isa ngomong nganggo luwih akèh basa ketimbang kowé kabèh. 19  Senajan ngono, wektu ing jemaat, luwih becik aku ngucapké limang tembung sing isa dingertèni supaya aku isa mulang wong-wong,* ketimbang ngucapké sepuluh èwu tembung nganggo basa sing ora dingertèni. 20  Sedulur-sedulur, aja mikir kaya bocah, kowé kudu mikir kaya wong sing diwasa. Nanging ing bab kejahatan, kowé kudu kaya bocah. 21  Hukum Taurat kandha, ”’Aku bakal ngomong marang wong-wong iki nganggo basané wong asing lan tembung-tembungé wong sing ora dikenal, nanging wong-wong iki tetep ora gelem ngrungokké Aku,’ ngendikané Yéhuwah.” 22  Mula, anugrah nganggo basa liya kuwi bukti kanggo wong sing ora nduwé iman, dudu kanggo wong sing nduwé iman. Nanging, anugrah kanggo mènèhi ramalan kuwi bukti kanggo wong sing nduwé iman, dudu kanggo wong sing ora nduwé iman. 23  Nèk kabèh jemaat ngumpul bareng lan kabèh ngomong nganggo basa liya, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, apa wong-wong kuwi ora bakal ngira nèk kowé kabèh kuwi ora waras? 24  Nanging, nèk kowé kabèh ngomongké ramalan, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, dhèwèké bakal rumangsa diélikké lan bakal nliti apa sing ana ing atiné. 25  Dhèwèké bakal ngerti rahasia sing ana ing atiné, banjur dhèwèké bakal sujud lan nyembah Gusti Allah. Wong kuwi bakal kandha, ”Gusti Allah ana ing antaramu.” 26  Terus piyé, sedulur-sedulur? Wektu kowé ngumpul bareng, ana sing nyanyi kanggo muji Gusti Allah, ana sing mulang, ana sing nduduhké pangandika lan piwulang sing ditampa saka Gusti Allah, ana sing ngomong nganggo basa liya, lan ana sing nerjemahké. Tindakna kabèh mau kanggo nguwatké jemaat. 27  Nèk ana sing ngomong nganggo basa liya, beciké mung wong loro utawa akèh-akèhé telu waé lan nindakké kuwi nganggo cara giliran, uga kudu ana sing nerjemahké. 28  Nèk ora ana wong sing nerjemahké, wong kuwi kudu meneng waé ing jemaat lan ngomong marang Gusti Allah ing njero atiné. 29  Nèk ana nabi, loro utawa telu nabi kuwi bakal ngomong, lan sing liyané bakal ngupaya ngerti apa maksudé. 30  Nanging, nèk Gusti Allah maringi pangandika lan piwulang marang sawijiné wong sing lagi lungguh ing kana, wong sing lagi ngomong kudu meneng. 31  Kowé kabèh isa gentènan mènèhi ramalan supaya kabèh wong isa sinau lan dikuwatké. 32  Para nabi kudu nggunakké anugrah rohani sing ditampa nganggo cara sing bener. 33  Gusti Allah kuwi dudu Gusti Allah sing kisruh, nanging Gusti Allah sing tentrem. Padha kaya ing kabèh jemaaté para wong suci, 34  wong-wong wadon kudu meneng ing jemaat. Merga wong-wong wadon ora diijinké kanggo ngomong. Nanging, wong-wong wadon kudu manut, padha kaya sing dikandhakké ing hukum Taurat. 35  Nèk péngin ngerti sawijiné bab, wong-wong wadon kuwi kudu takon marang bojoné ing omah, merga ora pantes nèk wong wadon ngomong ing jemaat. 36  Apa pangandikané Gusti Allah asalé saka kowé, utawa apa kuwi mung diparingké marang kowé? 37  Nèk ana wong sing rumangsa nèk dhèwèké kuwi nabi utawa diparingi anugrah rohani, dhèwèké kudu ngakoni nèk apa sing tak tulis marang kowé iki préntahé Gusti.* 38  Nèk ana sing ngrèmèhké iki, dhèwèké uga bakal dirèmèhké.* 39  Mula sedulur-sedulur, terusa ngupaya éntuk anugrah kanggo mènèhi ramalan, nanging aja nglarang wong ngomong nganggo basa liya. 40  Kabèh perkara kudu kelakon kanthi apik* lan tumata.*

Katrangan Tambahan

Utawa ”terusa nggolèk kanthi semangat”.
Iki isa waé klebu nerangké ramalan utawa warta saka Gusti Allah, utawa ngumumké warta saka Gusti Allah.
Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.
Utawa ”mulang wong-wong nganggo cara lisan”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Nèk ana sing kurang pangertèn, dhèwèké bakal tetep kurang pangertèn”.
Utawa ”kanthi sopan”.
Utawa ”tertib”.