1 Korintus 11:1-34

  • ”Tirunen aku” (1)

  • Kekepalaan lan kudhung sirah (2-16)

  • Mèngeti Perjamuan Dalu Gusti (17-34)

11  Tirunen aku, kaya aku niru Kristus.  Aku ngalem kowé kabèh merga kowé tansah kèlingan karo aku lan padha terus manut tuntunan* sing tak wènèhké marang kowé.  Nanging aku péngin kowé ngerti nèk kepalané saben wong lanang kuwi Kristus, kepalané saben wong wadon kuwi wong lanang, lan kepalané Kristus kuwi Gusti Allah.  Saben wong lanang sing ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa martakké warta saka Gusti Allah, dhèwèké ngisin-isinké kepalané.  Nèk wong wadon ndonga utawa martakké warta saka Gusti Allah tanpa ngudhungi sirahé, dhèwèké ngisin-isinké kepalané, merga dhèwèké padha kaya wong wadon sing rambuté dicukur entèk.  Nèk wong wadon ora ngudhungi sirahé, luwih becik rambuté dikethok. Nanging nèk dhèwèké isin nèk rambuté dikethok utawa dicukur entèk, dhèwèké kudu ngudhungi sirahé.  Wong lanang ora éntuk ngudhungi sirahé merga wong lanang digawé miturut gambaré Gusti Allah, lan mantulké kamulyané Gusti Allah. Nanging wong wadon mantulké kamulyané wong lanang.  Gusti Allah ora nggawé wong lanang saka badané wong wadon, nanging Gusti Allah nggawé wong wadon saka badané wong lanang.  Apa manèh, Gusti Allah ora nggawé wong lanang kanggo kepentingané wong wadon, nanging Gusti Allah nggawé wong wadon kanggo kepentingané wong lanang. 10  Kuwi sebabé, demi para malaékat, wong wadon kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané. 11  Senajan ngono, ing antarané para pengikuté Gusti, wong wadon ora éntuk kepisah saka wong lanang, lan wong lanang ora éntuk kepisah saka wong wadon. 12  Merga padha kaya wong wadon digawé saka badané wong lanang, semono uga wong lanang lair saka wong wadon, nanging kabèh asalé saka Gusti Allah. 13  Putusna dhéwé: Apa ya pantes nèk wong wadon ndonga marang Gusti Allah tanpa ngudhungi sirahé? 14  Nèk disawang saka carané manungsa digawé, wong lanang sing rambuté dawa kuwi kan ngasorké wong kuwi dhéwé, ta? 15  Nanging nèk wong wadon rambuté dawa, kuwi malah nggawé dhèwèké diajèni, ta? Merga wong wadon diwènèhi rambut dawa kanggo ngudhungi sirahé. 16  Senajan ngono, nèk ana sing ora setuju lan péngin nindakké kebiasaan liyané, kita ngerti nèk kita lan kabèh jemaaté Gusti Allah ora nduwé kebiasaan liya. 17  Wektu aku mènèhi tuntunan iki marang kowé, aku ora ngalem kowé, merga anggoné kowé padha ngumpul kuwi ora maédahi, malah mbebayani. 18  Sebab aku krungu nèk wektu kowé padha ngumpul ing jemaat, kowé padha kepisah-pisah dadi pirang-pirang golongan. Lan tak pikir kabar kuwi ana beneré. 19  Ing antaramu mesthi bakal ana sèkte-sèkte. Nganggo cara kuwi, wong-wong sing ditampa Gusti Allah bakal kétok cetha. 20  Wektu kowé padha ngumpul bebarengan kanggo mangan Perjamuan Dalu Gusti, sakjané tujuanmu padha ngumpul dudu kanggo kuwi. 21  Merga pas tekan wektuné kanggo mangan perjamuan kuwi, ana sapérangan wong ing antaramu sing wis padha mangan wengi dhisik. Mula ana wong ing antaramu sing luwé, lan ana sing mendem. 22  Apa kowé padha ora nduwé omah kanggo mangan lan ngombé? Apa kowé ngrèmèhké jemaaté Gusti Allah lan péngin ngisin-isinké wong sing miskin? Aku kudu ngomong apa marang kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Ing bab iki aku ora ngalem kowé. 23  Apa sing tak tampa saka Gusti, ya kuwi sing tak wulangké marang kowé. Ing wengi sakdurungé dikhianati, Gusti Yésus njupuk roti, 24  lan sakwisé ngucap sokur, dhèwèké nyuwil-nyuwil roti kuwi lan kandha, ”Iki nglambangké badanku sing tak pasrahké kanggo kepentinganmu. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” 25  Yésus nindakké sing padha kanggo cawan kuwi, sakwisé Yésus lan murid-muridé mangan. Yésus kandha, ”Cawan iki nglambangké perjanjian anyar, sing disahké nganggo getihku. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.” 26  Mula, saben kowé mangan roti iki lan ngombé cawan iki, kowé martakké sédané Gusti nganti dhèwèké teka. 27  Kuwi sebabé, nèk ana wong sing mangan roti kuwi lan ngombé cawané Gusti padahal dhèwèké ora pantes, dhèwèké bakal salah merga ora ngajèni badan lan getihé Gusti. 28  Wong kudu mastèkké dhisik apa dhèwèké pantes, banjur dhèwèké lagi éntuk mangan roti lan ngombé cawan kuwi. 29  Nèk wong mangan lan ngombé tanpa ngerti apa sing dilambangké karo badan kuwi, wong kuwi nggawé dhèwèké dhéwé dihukum. 30  Kuwi sebabé, akèh ing antaramu sing ringkih, lara, lan mati.* 31  Nanging menawa kita wis mastèkké nèk kita pancèn pantes, kita ora bakal diadili. 32  Nèk kita diadili, kita didisiplin Yéhuwah, supaya kita ora dihukum bareng karo donya iki. 33  Mula, sedulur-sedulur, wektu kowé padha ngumpul kanggo mangan perjamuan kuwi, kowé kudu ngentèni kabèh padha teka. 34  Nèk ana sing luwé, mangana dhisik ing omah, supaya wektu ngumpul kowé ora nyebabké awakmu dhéwé dihukum. Bab-bab liyané bakal tak urus wektu aku tekan ing kono.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nggondhèli tradhisi”.
Iki maksudé dudu mati tenanan, nanging wong-wong kuwi kélangan hubungan sing apik karo Gusti Allah.