Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 SING UTAMA DIREMBUG | PIYÉ TANGGEPANÉ GUSTI ALLAH BAB PERANG?

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jamané Yésus

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jamané Yésus

Wong-wong Yahudi ing jamané Yésus uga ditindhes bangsa Rum, banjur ping bola-bali ndonga marang Gusti Allah bèn dibébaské. Wektu krungu bab Yésus, wong-wong takon apa Yésus isa mbuktèkké nèk dhèwèké Sang Mèsih sing diramalké. Mula, wong-wong nduwé pengarep-arep nèk Yésus “sing ngluwari [mbébaské] bangsa Israèl“. (Lukas 24:21, Basa Jawa Suriname [BJS]) Ning, dongané kuwi ora dijawab. Malah, taun 70 M tentara Rum ngobrak-abrik kutha Yérusalèm lan Padalemané Gusti Allah.

Kok isa? Kok Gusti Allah ora mbélani bangsa Yahudi, padhahal jaman mbiyèn bangsa kuwi mesthi dibélani? Apa sebabé Gusti Allah ora maringi wewenang bangsa Yahudi, kanggo mèlu perang bèn ora ditindhes manèh? Apa tanggepané Gusti Allah bab perang wis ora padha kaya mbiyèn? Ora. Bangsa kuwi wis dadi ora manut, malah ora gelem nampa Yésus dadi Sang Mèsih. (Para Rasul 2:36) Hubungané bangsa kuwi karo Gusti Allah wis rusak.Matéus 23:37, 38.

Bangsa Yahudi lan panggonané ora dijaga manèh karo Gusti Allah. Gusti Allah ora ndhukung bangsa kuwi bèn mèlu perang. Kaya ramalané Yésus, berkahé Gusti Allah wis diwènèhké bangsa liya, yaiku ”Israèl kagungané Gusti Allah”. (Galati 6:16; Matéus 21:43) Bangsa kuwi maksudé jemaat sing isiné para muridé Yésus sing wis diwènèhi roh suci. Wong-wong kuwi ”saiki wus dadi umaté” Gusti Allah.1 Pétrus 2:9, 10.

Senajan para muridé Yésus kuwi ”umaté” Gusti Allah, apa wong-wong kuwi dibébaské saka bangsa Rum sing nindhes? Apa Gusti Allah ngongkon wong-wong kuwi perang nglawan bangsa Rum? Ora. Apa sebabé? Ing artikel sakdurungé, wis dirembug nèk Gusti Allah arep perang, Gusti Allah dhéwé sing nemtokké kapan kuwi kudu ditindakké. Gusti Allah ora mbélani lan ora ngongkon muridé Yésus mèlu perang. Dadi, ing jamané Yésus, kuwi dudu wektuné Gusti Allah kanggo nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes.

Kaya para abdiné Gusti Allah jaman mbiyèn, para muridé Yésus kudu ngentèni wektuné Gusti Allah nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes. Nganti wektu kuwi, Gusti Allah ora bakal maringi tugas kanggo para muridé Yésus bèn nglawan mungsuh-mungsuhé. Kuwi sing diwulangké Yésus Kristus. Yésus ora tau ngongkon muridé mèlu perang, malah kandha, ”Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet.” (Matéus 5:44) Wektu ngramalké nèk Yérusalèm bakal diobrak-abrik tentara Rum, Yésus ngongkon para muridé mlayu, ora mèlu perang. Para muridé manut.Lukas 21:20, 21.

Rasul Paulus uga kandha, ”Aja pisan-pisan nduwèni kepéngin mbales ala marang wong sing nggawé ala marang kowé, . . . Aja lali nèk Gusti Allah wis ngomong ngéné nang Kitab: ’Aku sing bakal mbales, Aku déwé sing bakal tumandang.’” (Rum 12:19, BJS) Ayat kuwi dicuplik  Paulus saka Kaimaman 19:18 lan Pangandharing Torèt 32:35. Kaya artikel sakdurungé, carané Gusti Allah mbéla umaté ing jaman mbiyèn yaiku mbantu umaté pérang nglawan mungsuh-mungsuhé. Kuwi tetep padha ing jamané Yésus. Gusti Allah nganggep perang kuwi, cara kanggo mbéla umaté lan nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes. Ning, Gusti Allah dhéwé sing nemtokké kapan kuwi kudu ditindakké, lan sapa sing éntuk mèlu perang.

Pancèn, Gusti Allah ora nugasi para muridé Yésus kanggo perang. Ning, piyé jaman saiki? Apa ana wong-wong sing ditugasi Gusti Allah kanggo perang? Utawa, apa saiki wektuné Gusti Allah perang kanggo umaté? Piyé tanggepané Gusti Allah bab perang ing jaman saiki? Kuwi bakal dijawab ing artikel sakbanjuré.