Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 SING UTAMA DIREMBUG | PIYÉ TANGGEPANÉ GUSTI ALLAH BAB PERANG?

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jaman Mbiyèn

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jaman Mbiyèn

Ana wong-wong sing lagi ditindhes. Wis bola-bali ndonga karo Gusti Allah ning ora cepet dijawab. Kuwi dialami bangsa Israèl, umaté Gusti Allah jaman mbiyèn. Sing nindhes yaiku bangsa Mesir. (Pangentasan 1:13, 14) Pirang-pirang taun bangsa Israèl ngentèni kapan Gusti Allah bakal mbébaské. Akhiré Gusti Allah pancèn nulungi. (Pangentasan 3:7-10) Alkitab kandha nèk Gusti Allah dhéwé sing perang nglawan wong Mesir. Gusti Allah ngukum wong Mesir banjur matèni rajané lan prajurité ing Segara Teberau. (Jabur 136:15) Yéhuwah kebukti dadi ”prawira ing perang” kanggo umaté.Pangentasan 15:3, 4.

 Kedadéan kuwi nduduhké nèk Gusti Allah ora sengit karo kabèh perang. Pancèn, kadhang kala Gusti Allah mènèhi tugas bangsa Israèl kanggo perang. Contoné, Gusti Allah ngongkon bangsa Israèl perang nglawan wong Kanaan sing jahat banget. (Pangandharing Torèt 9:5; 20:17, 18) Gusti Allah uga ngongkon Prabu Dawud perang nglawan wong Filisti lan maringi cara bèn Prabu Dawud isa menang.2 Samuèl 5:17-25.

Pengalaman-pengalaman kuwi nduduhké nèk umaté Gusti Allah éntuk perang wektu ditindhes bangsa liya. Lan uga, éntuk perang merga Gusti Allah péngin njaga umaté sarta njaga ibadahé bèn ora rusak. Saiki arep dirembug alesané Gusti Allah ngéntukké anané perang.

  1. GUSTI ALLAH DHÉWÉ SING NEMTOKKÉ SAPA SING ÉNTUK MÈLU PERANG. Mbiyèn, Gusti Allah wis tau ngandhani bangsa Israèl, ”Sira ora usah padha perang.” Apa sebabé? Merga Gusti Allah dhéwé sing arep perang. (2 Babad 20:17; 32:7, 8) Kuwi wis bola-bali kelakon kaya sing wis dicritakké mau. Gusti Allah uga wis tau ngongkon perang umaté, kanggo njaga tanah sing wis dijanjèkké.Pangandharing Torèt 7:1, 2; Yusak 10:40.

  2. GUSTI ALLAH SING NEMTOKKÉ KAPAN ÉNTUK PERANG. Umaté Gusti Allah sing kerep ditindhes lan dijahati, sabar ngentèni kapan wektu sing ditemtokké kanggo perang. Ora nemtokké wektu dhéwé kanggo perang, merga Yéhuwah ora seneng. Alkitab crita wektu bangsa Israèl perang tanpa ijiné Gusti Allah, akibaté ora apik kanggo bangsa kuwi. *

  3. GUSTI ALLAH ORA SENENG MANUNGSA MATI, KLEBU SING JAHAT. Yéhuwah kuwi sing nggawé urip. (Jabur 36:10) Mula, Yéhuwah ora péngin manungsa mati. Sayangé, saiki akèh wong jahat sing seneng nindhes lan matèni liyané. (Jabur 37:12, 14) Gusti Allah wis nduwé jadwal kanggo nyingkirké wong-wong jahat kuwi. Senajan ngongkon bangsa Israèl perang, Yéhuwah tetep ”ambek welasan” lan sabar karo mungsuhé bangsa Israèl. (Jabur 86:15) Contoné, sakdurungé diserang karo bangsa Israèl, kutha sing arep diserang diajak rukun ndhisik, bèn wong-wong sing manggon ing kono nduwé kesempatan mertobat lan ora sida diserang. (Pangandharing Torèt 20:10-13) Dadi, Yéhuwah ”ora ngarsakaké patiné wong duraka, nanging . . . ngarsakaké pamratobaté wong duraka supaya urip”.Yéhezkièl 33:11, 14-16. *

Saka kedadéan mau, awaké dhéwé ngerti nèk kanggoné Gusti Allah, perang kuwi sarana kanggo numpes wong jahat lan nylametké wong sing ditindhes. Gusti Allah sing nduwé hak nemtokké kapan éntuk perang, lan sapa sing éntuk mèlu. Manungsa ora nduwé hak nemtokké dhéwé. Apa perangé Gusti Allah kuwi kejem? Ora. Alkitab kandha nèk Gusti Allah sengit karo kabèh tumindak kejem. (Jabur 11:5) Wektu Yésus ing bumi, piyé tanggepané Gusti Allah bab perang?

^ par. 7 Contoné, bangsa Israèl tau kalah perang wektu nglawan bangsa Amalèk lan Kanaan, merga Yéhuwah ora ngongkon. (Wilangan 14:41-45) Bar kuwi, Prabu Yosia mati, merga perang tanpa ijiné Yéhuwah.2 Babad 35:20-24.

^ par. 8 Bangsa Israèl ora ngajak rukun bangsa Kanaan ndhisik. Apa sebabé? Merga bangsa Kanaan wis dikèki wektu 400 taun kanggo ngowahi kelakuané. Ning, wektu bangsa Israèl arep perang nglawan bangsa Kanaan, bangsa kuwi isih ndableg nindakké sing jahat. (Purwaning Dumadi 15:13-16) Dadi, bangsa kuwi pancèn kudu disingkirké. Ning, wong-wong Kanaan sing gelem mertobat ora disingkirké.Yusak 6:25; 9:3-27.