Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 ARTIKEL PELAJARAN 18

Katresnan lan Keadilan ing Jemaat Kristen

Katresnan lan Keadilan ing Jemaat Kristen

”Terusa mbantu mikul beban siji lan sijiné, lan nganggo cara kuwi kowé netepi hukum Kristus.”​—GAL. 6:2.

LAGU 12 Yéhuwah, Allah Sing Mahaluhur

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé perasaané Yéhuwah wektu umaté ngalami tumindak sing ora adil, lan apa sing bakal Dhèwèké tindakké?

YÉHUWAH sayang karo kabèh umaté. Yéhuwah ya seneng karo tumindak sing adil. (Ms. 33:5) Dadi, Yéhuwah mesthi sedhih wektu umaté ngalami tumindak sing ora adil. Yéhuwah ya bakal mbébaské umaté saka tumindak sing ora adil lan ngukum wong-wong sing tumindak ora adil. Ing artikel pertama, * awaké dhéwé wis sinau nèk katresnan kuwi sing dadi dhasaré Hukum Musa. Hukum kuwi ya ngatur soal keadilan, khususé kanggo wong-wong sing pancèn butuh dilindhungi. (PT. 10:18) Saka Hukum kuwi awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing taun 33 M, jemaat Kristen mulai ana lan Hukum Musa wis ora digunakké manèh. Apa kuwi artiné wong-wong Kristen wis ora nduwé hukum sing dhasaré katresnan lan keadilan? Ora ngono. Wong-wong Kristen nduwé hukum sing anyar. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Wong-wong Kristen kudu manut karo hukum apa? Apa buktiné nèk katresnan sing dadi dhasaré hukum kuwi? Apa buktiné nèk hukum kuwi mulang wong-wong bèn dadi adil? Nurut hukum kuwi, apa sing kudu ditindakké karo wong-wong sing nduwé wewenang marang wong liya?

 ”HUKUM KRISTUS” KUWI APA?

3. Galatia 6:2 nyathet soal ”hukum Kristus”, apa waé sing isa disebut ”hukum Kristus” kuwi?

3 Wacanen Galatia 6:2. Wong-wong Kristen kudu manut karo ”hukum Kristus”. Pancèn Yésus ora mènèhi daftar hukum kanggo para muridé. Ning, Yésus mènèhi petunjuk, préntah, lan pathokan kanggo nuntun para muridé. Dadi, kabèh ajaran lan préntahé Yésus kuwi isa disebut ”hukum Kristus”. Awaké dhéwé bakal sinau luwih akèh soal kuwi ing paragraf-paragraf sakbanjuré.

4-5. (a) Apa sing ditindakké Yésus kanggo mulang? (b) Kapan Yésus mulang?

4 Apa sing ditindakké Yésus kanggo mulang? Yésus mulang liwat omongan lan tumindak. Omongané Yésus gedhé pengaruhé merga dhèwèké mulangké apa sing bener soal Gusti Allah, ngandhani carané urip bahagia, lan nduduhké nèk Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. (Luk. 24:19) Yésus ya mènèhi conto bèn para muridé isa niru apa sing ditindakké Yésus.​—Yoh. 13:15.

5 Kapan Yésus mulang? Yésus mulang wektu nindakké pelayanané ing bumi. (Mat. 4:23) Yésus ya mulang para muridé ora suwé sakwisé diuripké manèh. Misalé, Yésus nemoni murid-murid sing jumlahé luwih saka 500 lan mréntahké wong-wong kuwi supaya ndadèkké ’wong-wong dadi muridé’ Yésus. (Mat. 28:19, 20; 1 Kor. 15:6) Sakwisé munggah swarga, Yésus ya terus mènèhi petunjuk merga dhèwèké dadi kepalané jemaat. Contoné, kira-kira ing taun 96 M, Yésus ngarahké Rasul Yohanes kanggo nguwatké lan mènèhi naséhat marang wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga.​—Kol. 1:18; Why. 1:1.

6-7. (a) Wulangané Yésus dicathet ing endi? (b) Apa buktiné awaké dhéwé manut karo hukum Kristus?

6 Wulangané Yésus dicathet ing endi? Wulangan lan tumindaké Yésus wektu ing bumi dicathet ing patang Injil. Awaké dhéwé ya isa ngerti soal cara mikiré Yésus nèk maca bagéan liyané saka Kitab-Kitab Yunani Kristen, merga kuwi ditulis karo wong-wong sing dituntun roh suci lan ”nduwé pikirané Kristus”.​—1 Kor. 2:16.

7 Sing isa disinaoni: Hukum Kristus mènèhi pathokan-pathokan sing isa ditrapké ing  uripé awaké dhéwé, contoné ing omah, ing panggonan nyambut gawé utawa sekolah, lan ing jemaat. Awaké dhéwé isa ngerti luwih akèh soal hukum iki nèk maca lan ngrenungké Kitab-Kitab Yunani Kristen. Nèk awaké dhéwé ngetrapké petunjuk, préntah, lan pathokan sing ana ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kuwi artiné awaké dhéwé manut karo hukum Kristus. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ya manut karo Yéhuwah, merga kabèh wulangané Yésus asalé saka Yéhuwah.​—Yoh. 8:28.

KATRESNAN SING DADI DHASARÉ

8. Apa sing dadi dhasaré hukum Kristus?

8 Omah sing apik kuwi pondhasiné kudu kuwat bèn sing manggon ing kono isa ngrasa ayem. Dadi, hukum sing apik kuwi pondhasiné, utawa dhasaré, ya kudu kuwat bèn wong-wong sing ngetrapké isa ngrasa ayem. Hukum Kristus nduwé dhasar sing paling apik, yaiku katresnan. Apa buktiné?

Nèk awaké dhéwé nresnani wong liya, kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut ”hukum Kristus” (Deloken paragraf 9-14) *

9-10. Apa buktiné nèk kabèh sing ditindakké Yésus kuwi merga tresna, lan piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

9 Pertama, kabèh sing ditindakké Yésus kuwi merga tresna. Salah siji buktiné yaiku Yésus nduwé rasa welas asih marang wong liya. Mula, Yésus gelem mulang wong-wong, marèkké wong lara, mènèhi panganan marang wong sing luwé, lan nguripké manèh wong mati. (Mat. 14:14; 15:32-38; Mrk. 6:34; Luk. 7:11-15) Senajan kuwi kabèh mbutuhké akèh wektu lan tenaga, ning Yésus gelem ngutamakké kepentingané wong liya. Yésus ya gelem ngorbanké uripé kanggo manungsa. Kuwi bukti katresnané sing paling gedhé.​—Yoh. 15:13.

10 Sing isa disinaoni: Nèk péngin niru Yésus, awaké dhéwé kudu ngutamakké kepentingané wong liya. Awaké dhéwé ya perlu nduduhké rasa welas asih marang wong-wong. Merga nduwé rasa welas asih, awaké dhéwé nginjil lan mulangké kabar apik. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem manut karo hukum Kristus.

11-12. (a) Apa buktiné nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté? (b) Piyé carané niru katresnané Yéhuwah?

11 Keloro, Yésus nduduhké nèk Bapaké nresnani manungsa. Wektu pelayanané ing bumi, Yésus nduduhké nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté. Yésus njelaské nèk awaké dhéwé kabèh iki dianggep berharga karo Yéhuwah. (Mat. 10:31) Yésus ya kandha nèk Yéhuwah seneng nampa wong-wong sing gelem mertobat lan bali ing jemaat. (Luk. 15:7, 10) Yésus ya nduduhké nèk Yéhuwah gelem ngorbanké Putrané kanggo dadi tebusan merga nresnani manungsa.​—Yoh. 3:16.

12 Sing isa disinaoni: Piyé carané niru katresnané Yéhuwah? (Éf. 5:1, 2) Awaké dhéwé perlu nganggep kabèh sedulur seiman kuwi berharga. Awaké dhéwé ya seneng nampa wong-wong sing mauné kaya domba sing ilang, ning saiki wis mertobat lan bali ing jemaat. (Ms. 119:176) Awaké dhéwé ya gelem nggunakké wektu lan tenaga kanggo mbantu para sedulur sing mbutuhké bantuan. (1 Yoh. 3:17) Nèk awaké dhéwé nresnani wong liya, kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem manut karo hukum Kristus.

13-14. (a) Kaya sing ditulis ing Yohanes 13:34, 35, Yésus ngongkon para muridé kanggo nindakké apa, lan apa sebabé kuwi disebut préntah anyar? (b) Piyé carané awaké dhéwé ngetrapké préntah anyar kuwi?

13 Ketelu, Yésus ngongkon para muridé bèn nduduhké katresnan sing tulus lan ora ngutamakké kepentingané dhéwé. (Wacanen Yohanes 13:34, 35.) Yésus péngin awaké dhéwé nresnani para sedulur kaya Yésus nresnani para muridé. Préntahé Yésus kuwi disebut préntah anyar merga kuwi ora diatur ing Hukum Musa. Bèn isa nindakké kuwi, awaké  dhéwé perlu luwih tresna marang para sedulur ketimbang marang awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu nresnani para sedulur nganti gelem ngorbanké nyawa kanggo para sedulur, kaya sing ditindakké Yésus.

14 Sing isa disinaoni: Bèn isa ngetrapké préntah anyar kuwi, awaké dhéwé perlu nggawé pengorbanan kanggo para sedulur. Awaké dhéwé ora mung gelem ngorbanké nyawa kanggo para sedulur, ning ya gelem nggawé pengorbanan kanggo perkara-perkara liyané. Contoné, awaké dhéwé isa ngupaya kanggo mbantu para sedulur sing wis sepuh bèn isa teka berhimpun. Awaké dhéwé ya gelem ngalah bèn isa nyenengké para sedulur. Utawa, awaké dhéwé isa nggunakké wektu cuti kerja kanggo mbantu korban bencana alam. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem manut karo hukum Kristus. Kuwi ya isa nggawé wong-wong sing ana ing jemaat ngrasa ayem.

HUKUM SING NGATUR SOAL KEADILAN

15-17. (a) Apa buktiné nèk Yésus adil? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus?

15 Kata keadilan sing digunakké ing Alkitab kuwi artiné nindakké apa sing bener nurut Gusti Allah tanpa pilih kasih. Apa buktiné nèk hukum Kristus ngatur soal keadilan?

Yésus ngajèni lan apikan karo kabèh wong wédok, klebu karo wong-wong wédok sing biasané dirèmèhké karo wong liya (Deloken paragraf 16) *

16 Pertama, tumindaké Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké adil. Ing jamané Yésus, para pemimpin agama Yahudi sengit karo wong-wong sing dudu Yahudi. Wong-wong kuwi ya ora ngajèni wong wédok lan ngrèmèhké wong Yahudi sing ora sekolah ing sekolahé para rabi. Ning, Yésus ora mbédak-mbédakké. Yésus gelem nampa wong-wong sing dudu Yahudi sing nduduhké iman marang dhèwèké. (Mat. 8:5-10, 13) Yésus nginjil marang wong sugih lan miskin. (Mat. 11:5; Luk. 19:2, 9) Yésus ora ngrèmèhké lan ora kasar karo wong wédok. Yésus ngajèni lan apikan karo kabèh wong wédok, klebu karo wong-wong wédok sing biasané dirèmèhké karo wong liya.​—Luk. 7:37-39, 44-50.

17 Sing isa disinaoni: Nèk péngin niru Yésus, awaké dhéwé aja pilih kasih marang wong liya. Awaké dhéwé ya kudu nginjil marang kabèh wong sing gelem ngrungokké, ora soal wong kuwi sugih utawa miskin lan ora soal apa agamané. Wong lanang Kristen ya perlu ngajèni wong wédok. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem manut karo hukum Kristus.

18-19. Apa sing diwulangké Yésus soal keadilan, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

18 Keloro, Yésus mulang soal keadilan. Yésus njelaské pathokan-pathokan sing isa mbantu para muridé tumindak adil marang wong liya. Contoné yaiku Aturan Emas. (Mat. 7:12) Awaké dhéwé mesthi péngin wong liya adil marang awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé ya kudu adil marang wong liya. Nèk awaké dhéwé adil marang wong liya, wong liya ya bakal adil marang awaké dhéwé. Ning, piyé nèk wong liya ora tumindak adil marang awaké dhéwé? Yésus ya mulang para muridé bèn percaya nèk Yéhuwah bakal ”maringi kaadilan marang wong-wong pilihané sing padha sambat awan lan bengi”. (Luk. 18:6, 7) Iki dadi jaminan nèk Yéhuwah kuwi Allah sing adil. Dhèwèké ngerti tantangan apa waé sing awaké dhéwé adhepi ing dina-dina pungkasan iki. Yéhuwah bakal tumindak kanggo mastèkké kabèh umaté ngalami tumindak sing adil.​—2 Tés. 1:6.

19 Sing isa disinaoni: Nèk awaké dhéwé ngetrapké pathokané Yésus, awaké dhéwé bakal adil marang wong liya. Mungkin awaké dhéwé saiki ngalami tumindak sing ora adil. Ning, awaké dhéwé isa dikuwatké merga ngerti nèk Yéhuwah bakal tumindak kanggo mastèkké kabèh umaté ngalami tumindak sing adil.

 APA SING KUDU DITINDAKKÉ WONG-WONG SING NDUWÉ WEWENANG?

20-21. (a) Apa sing kuduné ditindakké karo wong-wong sing nduwé wewenang marang wong liya? (b) Apa sing kudu ditindakké para suami kanggo nduduhké katresnan sing kaya Yésus, lan piyé kuduné tumindaké bapak marang anak-anaké?

20 Nurut hukum Kristus, apa sing kuduné ditindakké karo wong-wong sing nduwé wewenang marang wong liya? Wong-wong kuwi kudu ngajèni lan nresnani wong liya, merga hukum kuwi dhasaré katresnan. Wong-wong sing nduwé wewenang kudu kèlingan nèk Yésus péngin awaké dhéwé terus nduduhké katresnan.

21 Ing keluarga. Suami kudu nresnani bojoné ”kaya sing ditindakké Kristus marang jemaat”. (Éf. 5:25, 28, 29) Suami isa niru katresnané Yésus nèk ngutamakké kebutuhan lan kepentingané bojoné. Mungkin ana wong lanang sing ora biasa nduduhké katresnané. Senajan ora gampang, ning para suami kudu ngupaya bèn isa manut karo hukum Kristus. Suami sing nduduhké katresnan kaya ngono bakal diajèni karo bojoné. Sakliyané kuwi, bapak sing sayang karo anak-anaké ora bakal ngomong utawa tumindak sing isa nggawé anak-anaké lara ati. (Éf. 4:31) Para bapak kudu nduduhké katresnané bèn anak-anaké ngrasa aman lan ayem. Anak-anak mesthi bakal sayang lan percaya karo bapak sing kaya ngono.

22. Kaya sing disebutké ing 1 Pétrus 5:1-3, ”wedhus-wedhus” kuwi duwèké sapa, lan piyé kuduné tumindaké para pinituwa marang wedhus-wedhus kuwi?

22 Ing jemaat: Para pinituwa kudu kèlingan nèk ”wedhus-wedhus” kuwi dudu duwèké para pinituwa. (Yoh. 10:16; wacanen 1 Pétrus 5:1-3 lan cathetan ngisor.) Kata-kata ”wedhus-wedhusé Gusti Allah”, ”ing ngarsané Gusti Allah”, lan ”pusakané Gusti Allah” nduduhké nèk wedhus-wedhus kuwi duwèké Yéhuwah.  Mula, Yéhuwah péngin para pinituwa nresnani lan apikan marang wedhus-wedhusé Yéhuwah. (1 Tés. 2:7, 8) Para pinituwa sing nduduhké katresnan wektu nindakké tanggung jawabé dadi gembala kuwi mesthi isa nyenengké Yéhuwah. Para sedulur ya mesthi bakal nresnani lan ngajèni pinituwa sing kaya ngono.

23-24. (a) Apa tugasé para pinituwa nèk ana sing nindakké kesalahan serius? (b) Wektu nangani kesalahan serius, apa sing perlu dipikirké para pinituwa?

23 Dadi, apa tugasé para pinituwa nèk ana sing nindakké kesalahan serius? Nèk nurut Hukum Musa, para hakim lan tuwa-tuwa ing Israèl nduwé tugas kanggo ngurusi perkara-perkara sing ana hubungané karo ibadah lan masalah-masalah liyané. Ning, nurut hukum Kristus, nèk ana sing nindakké kesalahan, para pinituwa tugasé mung ngurusi perkara-perkara sing ana hubungané karo ibadah. Para pinituwa ngerti nèk Yéhuwah mènèhi wewenang marang pamréntahané manungsa kanggo nangani kasus-kasus kejahatan ing masyarakat. Contoné, pamréntah nduwé hak kanggo netepké hukuman penjara utawa denda.​—Rm. 13:1-4.

24 Apa sing ditindakké para pinituwa nèk ana sing nindakké kesalahan serius? Para pinituwa nggunakké pathokané Alkitab kanggo nangani masalahé lan nggawé keputusan. Para pinituwa kudu terus éling nèk katresnan kuwi sing dadi dhasaré hukum Kristus. Mula, para pinituwa perlu mikirké, ’Piyé carané mbantu kabèh wong ing jemaat sing dadi korban saka tumindak salah?’ Merga nduwé katresnan, para pinituwa ya perlu mikirké wong sing nindakké kesalahan. Para pinituwa isa mikirké, ’Apa dhèwèké mertobat? Apa dhèwèké isa dibantu bèn nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah?’

25. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

25 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga nduwé hukum Kristus. Nèk awaké dhéwé kabèh ngupaya kanggo manut, kabèh sing ana ing jemaat bakal rumangsa ditresnani, diajèni, lan ayem. Ning, jaman saiki ’wong-wong sing jahat dadi saya jahat’. (2 Tim. 3:13) Mula, awaké dhéwé kudu tetep waspada. Artikel sakbanjuré bakal ngrembug soal keadilané Yéhuwah sing diduduhké ing jemaat Kristen wektu ana masalah pelècèhan sèksual marang anak.

LAGU 15 Pujinen Putra Mbarepé Huwah!

^ par. 5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nresnani umaté lan seneng karo tumindak sing adil. Yéhuwah ora péngin umaté ngalami tumindak sing ora adil. Yéhuwah nguwatké wong-wong sing ngalami tumindak kaya ngono. Artikel iki lan rong artikel sakbanjuré iki dadi bagéan saka sèri artikel sing ngrembug soal kuwi.

^ par. 1 Deloken artikel ”Katresnan lan Keadilan ing Jamané Bangsa Israèl” ing Warta Penting Februari 2019.

^ par. 60 GAMBAR: Yésus ndelok ana randha sing anaké lanang mati, padahal kuwi anak siji-sijiné. Merga nduwé rasa welas asih, Yésus nguripké manèh anaké randha kuwi.

^ par. 62 GAMBAR: Yésus lagi mangan bareng ing omahé wong Farisi sing jenengé Simon. Ana wong wédok sing nelesi sikilé Yésus nganggo air mata, terus sikilé Yésus diusap nganggo rambuté lan diolèsi nganggo minyak. Simon ora seneng ndelok kuwi, ning Yésus mbélani wong wédok kuwi.