Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PENGALAMAN

Nampa Kabèh Tugas saka Yéhuwah

Nampa Kabèh Tugas saka Yéhuwah

SITUASINÉ medèni banget. Ing ngarepku ana kali sing deres banget lan kebak lumpur. Saking deresé, ana akèh watu-watu gedhé sing hanyut. Aku, Mas Harvey bojoku, lan siji penerjemah basa Amis sing ngancani aku kudu nyebrangi kali kuwi. Padahal, jembatané wis ambruk merga kena arusé kali kuwi. Ing sebrangé kali, wis ana sedulur-sedulur sing lagi ngentèni aku karo ngrasa kuwatir. Mobilku diunggahké ing ndhuwur truk, ning ora ditalèni. Bar kuwi, truké mlaku alon-alon nyebrangi kaliné. Wektu kuwi rasané suwé banget lan kayané ora tekan-tekan. Aku lan bojoku ndonga terus, lan akhiré isa slamet tekan sebrang. Peristiwa iki kelakon taun 1971 ing Taiwan sisih wétan, panggonan sing adoh banget saka dhaérah asalku. Saiki, ayo tak critani dhisik piyé kok aku isa tekan kono.

MULAI NGLAYANI YÉHUWAH

Mas Harvey kuwi anak pertama lan adhiné ana telu. Keluargané mulai sinau Alkitab ing kutha Midland Junction, Australia Barat, pas ana krisis ékonomi ing taun 1930-an. Merga sayang karo Yéhuwah, Mas Harvey dibaptis pas umuré 14 taun. Pas isih enom, Mas Harvey tau nolak tugas maca Warta Penting ing perhimpunan merga ngrasa nèk macané ora apik. Ning, ana sedulur sing ngandhani Mas Harvey, ”Nèk kowé diwènèhi tugas ing organisasiné Yéhuwah, berarti wong sing mènèhi kowé tugas kuwi percaya nèk kowé isa nindakké tugas kuwi.” (2 Kor. 3:5) Mas Harvey akhiré ngerti nèk dhèwèké kudu nampa kabèh tugas saka Yéhuwah.

Aku, ibuku, lan mbakyuku mulai sinau Alkitab ing Inggris. Bapakku mauné ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah, ning akhiré dhèwèké gelem sinau Alkitab. Aku dibaptis umur sangang taun, senajan bapakku ora setuju. Bar dibaptis, aku kepéngin merintis lan dadi utusan Injil. Ning. bapakku ora setuju nèk aku merintis sakdurungé umur 21. Aku ngrasa nèk kuwi kesuwèn. Mula sakwisé diijinké Bapak pindhah, aku lunga menyang Australia pas umur 16 lan manggon karo mbakyuku sing paling tuwa sing wis ana  ing kono. Akhiré, wektu umur 18 taun, aku mulai merintis.

Taun 1951, pas aku karo Mas Harvey nikah

Ing Australia, aku ketemu Mas Harvey. Aku karo Mas Harvey nduwé cita-cita sing padha péngin dadi utusan Injil. Aku karo Mas Harvey nikah taun 1951. Bar merintis rong taun, Mas Harvey éntuk tugas dadi pinituwa wilayah ing Australia Barat. Kuwi dhaérah sing amba banget. Mula, aku karo bojoku kudu ngliwati dhaérah-dhaérah sing panas lan dhaérah-dhaérah plosok.

CITA-CITAKU KELAKON

Wisuda Sekolah Giléad taun 1955 ing Yankee Stadium

Ing taun 1954, aku karo Mas Harvey diundang mèlu sekolah Giléad kelas ke-25. Kuwi berarti, aku karo bojoku isa dadi utusan Injil, kaya sing tak péngini. Aku karo bojoku mangkat ing New York numpak kapal. Ing sekolah Giléad kuwi, aku karo bojoku sinau Alkitab luwih tenanan manèh. Ing sekolah Giléad, aku karo bojoku ya kudu sinau basa Spanyol. Kuwi angèl kanggo Mas Harvey merga dhèwèké ora cetha wektu ngucapké r.

Wektu sekolah, instrukturé kandha nèk ana siswa sing péngin ditugaské ing Jepang isa mèlu kelas basa Jepang. Aku karo Mas Harvey mikir nèk luwih apik organisasiné Yéhuwah sing nentokké dhaérah tugasku. Ning bar kuwi, Sedulur Albert Schroeder, salah siji instruktur Giléad, ngerti nèk aku ora ndaftar. Terus dhèwèké kandha, ”Coba pikirna manèh.” Pas aku ora ndaftar-ndaftar, Sedulur Schroeder kandha, ”Aku karo instruktur liyané wis ndaftarké kowé. Coba kowé sinau sik basa Jepang.” Jebulé, Mas Harvey luwih cepet sinau basa Jepang timbang basa Spanyol.

Aku tekan ing Jepang taun 1955, lan ing kono mung ana 500 penginjil. Wektu kuwi, Mas Harvey umur 26 lan aku 24. Aku lan Mas Harvey ditugaské ing kutha Kobe, lan ing kono aku nglayani nganti patang taun. Bar kuwi, Mas Harvey ditugaské dadi pinituwa wilayah manèh lan nglayani ing cedhak kutha Nagoya. Kabèh sing ana ing kéné, termasuk sedulur-sedulur, panganané, lan pemandangané, nggawé aku seneng. Ning, ora let suwé, aku nampa tugas anyar saka Yéhuwah.

TUGAS ANYAR TANTANGAN ANYAR

Aku, Mas Harvey, lan utusan Injil liyané ing Kobe, Jepang taun 1957

Sakwisé Mas Harvey dadi pinituwa wilayah telung taun, kantor cabang Jepang takon apa aku karo Mas Harvey isa pindhah ing Taiwan bèn isa nginjil karo wong-wong saka suku Amis. Ing kono, ya ana sedulur-sedulur saka suku Amis sing murtad. Mula, kantor cabang Taiwan butuh sedulur sing lancar basa Jepang bèn isa ngatasi  masalah kuwi. * Iki keputusan sing angèl merga aku karo Mas Harvey seneng banget nglayani ing Jepang. Ning, Mas Harvey ngerti nèk kabèh tugas saka organisasiné Yéhuwah kudu ditampa. Mula, aku karo Mas Harvey gelem nampa tugas kuwi.

Aku karo Mas Harvey tekan ing Taiwan November 1962. Pas kuwi, ing Taiwan ana 2.271 penginjil, lan akèh-akèhé saka suku Amis. Awalé, aku karo Mas Harvey kudu sinau basa Mandarin. Pas kuwi, aku karo Mas Harvey mung nduwé buku siji kanggo sinau basa Mandarin, lan sing ngajari aku ya ora isa basa Inggris. Ning, aku karo Mas Harvey akhiré berhasil.

Ora suwé sakwisé tekan ing Taiwan, Mas Harvey ditugaské ngawasi gawéan ing kantor cabang Taiwan. Merga kantor cabangé cilik, saben sasi Mas Harvey isih isa nginjil bareng sedulur-sedulur saka suku Amis nganti telung minggu. Mas Harvey ya kudu nyampèkké ceramah-ceramah pas kebaktian. Merga sedulur-sedulur saka suku Amis isa basa Jepang, sakjané Mas Harvey ya isa ceramah nganggo basa Jepang. Ning, pamréntah kandha nèk acara ibadah kudu dianakké nganggo basa Mandarin. Dadi senajan durung lancar, Mas Harvey nyampèkké ceramahé nganggo basa Mandarin, lan kuwi diterjemahké ing basa Amis.

Wektu kuwi, kanggo nganakké kebaktian kuwi butuh ijin. Ning, nggolèk ijin kanggo kebaktian kuwi angèl. Nèk misalé tinggal pirang-pirang dina sakdurungé kebaktian ijiné durung metu, Mas Harvey bakal lunga ing kantor polisi lan lungguh ing kono nganti ijiné metu. Cara kuwi berhasil merga polisi biasané isin nèk ana wong asing sing nunggu ing kantoré.

PERTAMA KALI NGINJIL ING GUNUNG

Nyebrang kali ing Taiwan wektu nginjil

Pas nginjil bareng sedulur-sedulur saka suku Amis, aku lan Mas Harvey biasané mlaku nganti sejam utawa luwih. Kadhang, aku ya kudu munggah gunung lan nyebrang kali. Aku éling pas pertama kali nginjil ing gunung. Bar sarapan, aku numpak bis jam setengah 6 ésuk ing désa sing adoh. Bar kuwi, aku ya kudu mlaku ngliwati kali sing banyuné wis asat lan munggah gunung. Gunungé terjal banget. Saking terjalé, pas ndhangak, aku isa ndelok sikilé sedulur sing lagi mlaku ing ngarepku.

Ésuk kuwi, Mas Harvey nginjil bareng karo sedulur-sedulur. Aku nginjil dhéwé ing désa cilik sing dienggoni wong-wong sing isa basa Jepang. Pas wis mèh jam 1 awan, aku rasané mèh semaput merga durung mangan. Akhiré aku ketemu karo Mas Harvey. Dhèwèké lagi dhèwèkan. Mas Harvey éntuk endhog pitik telu saka wong sing gelem nampa majalah. Terus, Mas Harvey ngajari aku piyé carané mangan endhog sing isih mentah kuwi. Dadi, endhogé dibolongi, terus disedot. Senajan kétoké ora énak, ning aku nyoba mangan siji. Endhogé kan isih siji, lha terus sapa sing mangan? Mas Harvey ngerti nèk dhèwèké ora bakal kuwat nggéndhong aku mudhun gunung nèk aku nganti semaput merga ngelih. Mula, endhogé sing tinggal siji kuwi diwènèhké aku.

 PENGALAMAN SING UNIK

Ana pengalaman sing unik pas aku arep mèlu kebaktian wilayah. Aku karo Mas Harvey manggon ing omahé sedulur sing ana ing sebelahé Balé Ibadah. Wong Amis nganggep nèk adus kuwi penting banget. Dadi, bojoné pinituwa wilayah nyiapké apa waé sing dibutuhké bèn aku karo Mas Harvey isa adus. Dhèwèké nyiapké èmbèr telu, sing pertama isiné banyu adhem, sing keloro isiné banyu panas, lan sing ketelu èmbèr kosong. Terus, èmbèré kuwi didèlèhké ing ngarep omah, persis ing sebelahé Balé Ibadah. Padahal, ing Balé Ibadah kuwi ana sedulur-sedulur sing lagi nyiapké kebaktian. Merga Mas Harvey isih sibuk, dhèwèké ngongkon aku adus dhisik. Terus, aku njaluk kain utawa kordèn sing isa kanggo nutupi wektu aku adus. Ning, bojoné pinituwa wilayah mau malah mènèhi aku plastik bening. Dadi, aku mikir nèk luwih apik aku adus ing mburi omah, ning ing kono ana angsa. Aku wedi banget nèk nganti disosor angsa. Dadi aku mikir, ’Sedulur-sedulur kan lagi sibuk nyiapké kebaktian, ora mungkin ndelok lah nèk aku lagi adus. Nèk aku ora adus, sedulur-sedulur kuwi malah tersinggung.’ Dadi ya wis akhiré aku adus ing kono.

Aku karo Mas Harvey nganggo klambi tradisional suku Amis

BACAAN ING BASA AMIS

Mas Harvey ngerti nèk para sedulur saka suku Amis angèl nggawé kemajuan merga durung ana bacaan saka Seksi Yéhuwah nganggo basa Amis lan para sedulur ya ora isa maca. Ning wektu kuwi, basa Amis wis mulai ditulis lan kayané luwih apik nèk para sedulur mulai sinau Alkitab nganggo basa Amis. Pancèn, akèh sing kudu ditindakké bèn kuwi isa kelakon. Akhiré, ing taun 1966, ana bacaan-bacaan saka organisasi sing diterbitké ing basa Amis, lan ing taun 1968, majalah Warta Penting basa Amis mulai diterbitké. Hasilé, sedulur-sedulur saka suku Amis isa mulai sinau Alkitab nganggo basané dhéwé.

Ning wektu kuwi, pamréntah mung ngijinké bacaan diterbitké nganggo basa Mandarin. Dadi, bèn majalah Warta Penting basa Amis isih isa diterbitké, para sedulur nyoba macem-macem cara. Misalé, nganti siji setengah taun, majalah Warta Penting diterbitké nggunakké rong basa, yaiku basa Mandarin lan basa Amis. Dadi wong-wong bakal ngira nèk aku lan para sedulur lagi mulang wong-wong saka suku Amis sinau basa Mandarin. Organisasiné Yéhuwah nyedhiakké akèh bacaan ing basa Amis bèn isa mbantu wong-wong Amis sinau Alkitab.​—Kis. 10:34, 35.

 SEDULUR-SEDULUR MANUT PATHOKANÉ ALKITAB

Sekitar taun 1960-an lan 1970-an, akèh sedulur saka suku Amis sing ora manut pathokané Alkitab merga para sedulur kuwi ora patia ngerti pathokané Alkitab. Misalé, ana sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes, mabuk-mabukan, nggunakké tembakau, utawa nginang. Dadi, pas nekani jemaat-jemaat, Mas Harvey ngupaya mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn ngerti pathokané Alkitab. Pengalaman sing tak critakké ing awal critaku mau kelakon pas aku karo Mas Harvey lagi nekani salah siji jemaat.

Akèh sedulur sing rendah hati lan gelem berubah, ning ya ana sing ora. Saksuwéné 20 taun, jumlah penginjil ing Taiwan sing mauné luwih saka 2.450 terus mudhun dadi mung kira-kira 900. Pancèn kuwi ora nyenengké, ning Yéhuwah ya ora bakal mberkahi umaté nèk umaté terus nindakké sing salah. (2 Kor. 7:1) Akhiré, sedulur-sedulur isa nindakké sing bener manèh, lan saiki ing Taiwan ana luwih saka 11.000 penginjil.

Ing taun 1980-an, para sedulur ing jemaat-jemaat basa Amis wis ngerti luwih akèh soal pathokané Alkitab lan nindakké apa sing bener. Mas Harvey ya wis lancar basa Mandarin. Mas Harvey ya seneng banget merga isa mbantu bojoné sedulur-sedulur wédok dadi Seksi Yéhuwah. Aku éling Mas Harvey seneng banget wektu salah siji wong sing dibantu sinau Alkitab kuwi mulai ndonga marang Yéhuwah. Aku ya seneng merga isa mbantu akèh wong nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Malah, anak-anaké salah siji wong sing tau tak bantu sinau Alkitab ya nglayani ing kantor cabang Taiwan bareng karo aku.

DITINGGAL MATI BOJOKU

Aku karo Mas Harvey wis nikah mèh 59 taun. Terus, tanggal 1 Januari 2010, Mas Harvey mati merga kanker. Aku sedhih banget, lan nganti saiki aku isih kangen karo dhèwèké. Mas Harvey wis mèh 60 taun dadi pelayan sepenuh-waktu. Aku seneng merga isa nglayani Yéhuwah bareng Mas Harvey ing rong negara. Aku ya seneng merga aku karo Mas Harvey isa belajar basa Jepang lan Mandarin, senajan kuwi angèl. Malah, akhiré mas Harvey ya isa nulis nganggo basa-basa kuwi.

Pirang-pirang taun bar kuwi, aku dikongkon karo Pengurus Pusat bèn balik ing Australia merga aku wis tuwa. Mauné aku ora gelem pindhah saka Taiwan. Ning, aku éling nèk Mas Harvey tau ngomong nèk awaké dhéwé kudu nampa kabèh tugas saka Yéhuwah. Dadi akhiré aku manut, lan jebulé pancèn luwih apik nèk aku pindah.

Aku seneng isa mandhu tur nganggo basa Jepang lan Mandarin

Aku saiki nglayani ing kantor cabang Australasia. Aku ya nggunakké wektuku kanggo nginjil bareng sedulur-sedulur ing dina Setu lan Minggu. Ing Bètel, aku isa mandhu tur nganggo basa Jepang lan Mandarin. Aku ya nunggu janjiné Yéhuwah soal wong mati sing bakal diuripké manèh. Mas Harvey kuwi mesthi nampa kabèh tugas saka Yéhuwah. Dadi, aku yakin nèk Yéhuwah mesthi éling karo dhèwèké.​—Yoh. 5:28, 29.

^ par. 14 Wektu kuwi, basa resminé Taiwan kuwi basa Mandarin. Ning sakdurungé, basa Jepang wis dadi basa resminé Taiwan nganti puluhan taun. Mula, akèh suku ing Taiwan sing isih nggunakké basa Jepang.