Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 ARTIKEL PELAJARAN 32

Ngupaya Bèn Katresnané Saya Lubèr

Ngupaya Bèn Katresnané Saya Lubèr

”Iki sing terus tak dongakké, yaiku supaya katresnanmu saya lubèr.”​—FLP. 1:9.

LAGU 106 Ngupayakké Sipat Tresna

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Sapa sing mbantu wong-wong ing Filipi mbentuk jemaat sing anyar?

ANA akèh wong sing gelem ngrungokké kabar apik wektu Rasul Paulus, Silas, Lukas, lan Timotius nginjil ing Filipi. Wong papat kuwi mbantu wong-wong ing Filipi dadi Kristen lan mbentuk jemaat sing anyar. Wektu kuwi mulai ana pakumpulan ibadah, sing mungkin dianakké ing omahé Lidia.​—Kis. 16:40.

2. Tantangan apa sing langsung diadhepi jemaat ing Filipi?

2 Jemaat ing Filipi langsung ngadhepi tantangan. Sétan nggunakké wong-wong sing ora gelem nampa kabar apik kanggo nentang gawéan nginjil. Paulus lan Silas dicekel, digebugi nganggo tongkat, lan dipenjara. Sakwisé dibébaské, Paulus lan Silas nguwatké para sedulur sing lagi waé dadi Kristen kuwi. Terus, Paulus, Silas, lan Timotius lunga saka Filipi, ning Lukas tetep ana ing kono. Senajan lagi waé dadi Kristen, ning para sedulur ing Filipi terus semangat ngabdi merga bantuan roh suciné Yéhuwah. (Flp. 2:12) Kuwi mesthi nggawé Paulus seneng banget.

3. Kaya sing disebutké ing Filipi 1:9-11, apa waé sing didongakké Paulus?

3 Kira-kira sepuluh taun sakwisé kuwi, Paulus nulis surat kanggo para sedulur ing Filipi. Saka suraté kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus bener-bener nresnani sedulur seimané. Paulus kandha, ”Aku kangen karo kowé kabèh, merga aku tresna marang kowé kabèh kaya Kristus Yésus tresna marang kowé kabèh.” (Flp. 1:8) Paulus kandha nèk dhèwèké wis ndongakké para sedulur kuwi bèn katresnané saya lubèr, isa mastèkké perkara-perkara sing luwih penting, tanpa cacad, ora nyebabké wong liya kesandhung, lan terus nindakké sing bener. Awaké  dhéwé ya isa éntuk manfaat saka kata-katané Paulus kuwi sing dicathet ing Filipi 1:9-11. (Wacanen.) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa maksudé kata-katané Paulus kuwi lan piyé carané ngetrapké.

KATRESNANÉ SAYA LUBÈR

4. (a) Nurut 1 Yohanes 4:9, 10, apa buktiné nèk Yéhuwah nresnani awaké dhéwé? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé tresna karo Yéhuwah?

4 Yéhuwah ngutus Putrané bèn dadi korban kanggo dosa-dosané awaké dhéwé. Kuwi bukti nèk Yéhuwah bener-bener nresnani awaké dhéwé. (Wacanen 1 Yohanes 4:9, 10.) Awaké dhéwé mesthi ya péngin nresnani Yéhuwah. (Rm. 5:8) Apa buktiné nèk awaké dhéwé tresna karo Yéhuwah? Yésus tau ngandhani salah siji wong Farisi, ”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, lan sakwutuhé pikiranmu.” (Mat. 22:36, 37) Awaké dhéwé mesthi péngin terus nduduhké nèk awaké dhéwé bener-bener nresnani Yéhuwah saka ati. Paulus ngandhani wong-wong Filipi nèk katresnané kudu ”saya lubèr”. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa saya nresnani Yéhuwah?

5. Piyé carané bèn awaké dhéwé dadi saya nresnani Yéhuwah?

5 Awaké dhéwé kudu kenal karo Gusti Allah bèn isa nresnani Dhèwèké. Alkitab kandha, ”Sapa waé sing ora nresnani ora kenal Gusti Allah, merga Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yoh. 4:8) Paulus kandha nèk awaké dhéwé perlu nduwé ”pangertèn sing bener lan pertimbangan sing apik” bèn saya nresnani Gusti Allah. (Flp. 1:9) Wektu pertama sinau Alkitab lan ngerti sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé mulai nresnani Dhèwèké. Dadi, nèk péngin saya nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu sinau luwih akèh soal Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu maca lan ngrenungké isiné Alkitab saben dina.​—Flp. 2:16.

6. Apa sing isa disinaoni saka 1 Yohanes 4:11, 20, 21 soal katresnan?

6 Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal nresnani para sedulur seiman. (Wacanen 1 Yohanes 4:11, 20, 21.) Mungkin awaké dhéwé mikir nèk nresnani para sedulur kuwi gampang. Apa manèh awaké dhéwé kan wis dadi umaté Yéhuwah lan ngupaya kanggo niru sipat-sipaté. Awaké dhéwé ya niru contoné Yésus, sing katresnané gedhé banget nganti gelem ngorbanké nyawané kanggo awaké dhéwé. Ning, nyatané nresnani para sedulur kuwi ora mesthi gampang. Gatèkna contoné para sedulur ing Filipi.

7. Apa sing isa disinaoni saka naséhaté Paulus kanggo Éuodia lan Sintikhé?

7 Ana sedulur wédok loro sing semangat ngabdi bareng karo Rasul Paulus, yaiku Éuodia lan Sintikhé. Ning, wong loro kuwi tau nduwé masalah nganti padu. Ing suraté, Paulus ngandhani Éuodia lan Sintikhé bèn ”nduwé pikiran sing padha”. (Flp. 4:2, 3) Paulus ya ngekèki naséhat kanggo kabèh sedulur ing kono, ”Terusa nindakké sakabèhé tanpa nggrundel utawa padu.” (Flp. 2:14) Naséhaté Paulus sing tegas kuwi bener-bener ana manfaaté bèn kabèh sedulur ing kono isa padha-padha saya nresnani.

Apa sebabé awaké dhéwé perlu mikirké sipat-sipat apiké soal para sedulur? (Deloken paragraf 8) *

8. Apa sebabé awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk nresnani para sedulur kuwi ora gampang, lan apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

8 Kaya Éuodia lan Sintikhé, kadhang  kala awaké dhéwé ngrasa nèk nresnani para sedulur kuwi ora gampang, merga awaké dhéwé luwih nggatèkké kesalahané para sedulur. Saben dina, awaké dhéwé pancèn isa nggawé kesalahan. Nèk terus-terusan nggatèkké kesalahané wong liya, awaké dhéwé dadi ora isa nresnani wong kuwi. Misalé, awaké dhéwé mungkin dadi jèngkèl nèk ana sedulur sing lali ngéwangi resik-resik ing Balé Ibadah. Terus, awaké dhéwé mulai mikirké kabèh kesalahan sing tau ditindakké sedulur kuwi. Akhiré, awaké dhéwé dadi saya jèngkèl karo dhèwèké. Nèk awaké dhéwé ngalami situasi sing kaya ngono, élinga nèk Yéhuwah ya ngerti kesalahané sedulur kuwi lan kesalahané awaké dhéwé. Ning, Yéhuwah isih nresnani awaké dhéwé lan sedulur kuwi. Mula, awaké dhéwé ya perlu niru Yéhuwah lan mikirké sipat-sipat apiké para sedulur. Nèk awaké dhéwé ngupaya bèn isa nresnani para sedulur, hubungané awaké dhéwé karo para sedulur bakal dadi saya akrab.​—Flp. 2:1, 2.

’PERKARA-PERKARA SING LUWIH PENTING’

9. Apa waé sing termasuk ’perkara-perkara sing luwih penting’ sing disebutké Paulus ing suraté kanggo wong-wong Filipi?

9 Yéhuwah ngongkon Paulus ngandhani para sedulur ing Filipi lan kabèh wong Kristen kanggo ”mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting”. (Flp. 1:10) Sing termasuk perkara-perkara sing luwih penting yaiku jenengé Yéhuwah disucèkké, kersané Yéhuwah kelakon, lan jemaat Kristen isa rukun. (Mat. 6:9, 10; Yoh. 13:35) Nèk awaké dhéwé nganggep kuwi kabèh penting, kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah.

10. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa dianggep tanpa cacad?

10 Paulus ya ngandhani nèk awaké dhéwé kudu ”tanpa cacad”. Awaké dhéwé pancèn ora isa kaya Yéhuwah sing bener-bener tanpa cacad, merga awaké dhéwé ora sampurna. Ning, awaké dhéwé isa dianggep tanpa cacad nèk ngupaya tenanan kanggo nresnani liyané lan mastèkké perkara-perkara sing luwih penting. Salah siji carané yaiku awaké dhéwé perlu ngupaya bèn ora nggawé wong liya kesandhung.

11. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti nyebabké wong liya kesandhung?

11 Paulus ngélikké awaké dhéwé bèn ora nyebabké wong liya kesandhung. Misalé, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih hiburan, pakaian, utawa gawéan. Mungkin pilihané awaké dhéwé ora salah. Ning, kuwi isa waé nggawé hati nuraniné wong liya dadi ora kepénak lan akhiré dhèwèké dadi ora setya manèh karo Yéhuwah. Yésus kandha nèk wong sing nyebabké wong liya kesandhung kuwi luwih apik dikalungi watu ing guluné lan diuncalké menyang laut.​—Mat. 18:6.

12. Apa sing isa disinaoni saka salah siji suami istri perintis?

12 Ana suami istri perintis sing bener-bener nggatèkké kandhané Yésus kuwi. Ing jemaaté, ana pasangan suami istri sing lagi waé dibaptis. Suami istri kuwi asalé saka keluarga sing apa-apa ora olèh. Nurut wong loro kuwi, wong Kristen kuduné ora éntuk nonton kabèh film sing ana ing bioskop. Wong loro kuwi kagèt wektu ngerti nèk suami istri perintis mau nonton bioskop. Dadi, suami istri  perintis kuwi akhiré ora nonton bioskop manèh nganti suami istri sing lagi waé dibaptis mau luwih isa mbédakké sing bener lan sing salah. (Ibr. 5:14) Suami istri perintis kuwi ora mikirké kepentingané dhéwé. Kuwi bukti nèk sedulur loro kuwi bener-bener nresnani sedulur seimané.​—Rm. 14:19-21; 1 Yoh. 3:18.

13. Apa awaké dhéwé isa nggawé wong liya nindakké dosa? Wènèhana conto.

13 Awaké dhéwé ya isa nyebabké wong liya kesandhung nèk nggawé wong kuwi nindakké dosa. Misalé, ana wong sing mauné kecanduan alkohol. Sakwisé sinau Alkitab, dhèwèké wis ora gelem ngombé minuman sing ana alkoholé manèh. Akhiré, dhèwèké isa nggawé perubahan lan isa dibaptis. Terus, pas ana acara ramah tamah, ana sedulur sing nawani minuman sing ana alkoholé. Sedulur kuwi kandha, ”Kowé kan saiki wis dadi wong Kristen, berarti wis nduwé roh suci. Salah siji woh sing dihasilké roh suci kan ngendhalèni dhiri. Nèk kowé isa ngendhalèni dhiri, kowé kuduné wis ora kecanduan manèh.” Saran kuwi bener-bener klèru. Dhèwèké isa kecanduan alkohol manèh nèk manut karo omongané sedulur kuwi.

14. Apa sebabé teka ing perhimpunan isa mbantu awaké dhéwé ngetrapké Filipi 1:10?

14 Awaké dhéwé isa ngerti carané ngetrapké Filipi 1:10 nèk teka ing perhimpunan. Pertama, awaké dhéwé isa ngerti perkara-perkara apa waé sing dianggep penting karo Yéhuwah. Keloro, awaké  dhéwé isa ngerti apa waé sing kudu ditindakké bèn isa dianggep tanpa cacad. Ketelu, awaké dhéwé isa dadi luwih semangat kanggo ”nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik”. (Ibr. 10:24, 25) Ing perhimpunan, awaké dhéwé isa dikuwatké karo para sedulur. Hasilé, awaké dhéwé dadi saya nresnani Yéhuwah lan para sedulur. Terus, awaké dhéwé mesthi bakal ngupaya sak isa-isané bèn ora nggawé sedulur liya kesandhung.

”NINDAKKÉ LUWIH AKÈH TUMINDAK SING BENER”

15. Apa sing dimaksud ”nindakké luwih akèh tumindak sing bener”?

15 Rasul Paulus ndongakké para sedulur ing Filipi bèn padha ”nindakké luwih akèh tumindak sing bener”. (Flp. 1:11) ”Tumindak sing bener” kuwi diduduhké wektu wong-wong Kristen ing Filipi padha nresnani Yéhuwah, nresnani wong liya, lan ngandhani wong liya soal imané marang Yésus lan harapané ing masa depan. Ing Filipi 2:15, Paulus njelaské nèk wong-wong Kristen ”sumunar kaya cahya sing padhang” ing donya iki. Kata-kata kuwi cocog merga Yésus ya tau kandha nèk para muridé dadi ”pepadhangé donya”. (Mat. 5:14-16) Yésus ngongkon para muridé mbantu wong-wong liya bèn padha dadi muridé. Dhèwèké kandha nèk para murid bakal ’dadi seksi nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi’. (Mat. 28:18-20; Kis. 1:8) Dadi, nèk awaké dhéwé ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil, kuwi artiné awaké dhéwé ”tumindak sing bener”.

Rasul Paulus nulis suraté kanggo wong-wong Filipi wektu dadi tahanan ing omahé ing Roma. Senajan dadi tahanan, Paulus isih isa nginjil marang para prajurit sing njaga lan wong-wong sing ngunjungi dhèwèké (Deloken paragraf 16)

16. Nurut Filipi 1:12-14, apa awaké dhéwé isih isa dadi pepadhangé donya wektu ngadhepi tantangan? Terangna. (Deloken gambar ing halaman 1.)

16 Awaké dhéwé tetep isa dadi pepadhangé  donya senajan ngadhepi tantangan. Kadhang kala, tantangan kuwi malah isa dadi kesempatan kanggo nginjil. Contoné, Rasul Paulus nulis suraté kanggo wong-wong Filipi wektu dadi tahanan ing omahé ing Roma. Senajan dadi tahanan, Paulus isih isa nginjil marang para prajurit sing njaga lan wong-wong sing ngunjungi dhèwèké. Merga Paulus tetep semangat nginjil senajan ngadhepi tantangan, para sedulur ya dadi luwih semangat ”martakké pangandikané Gusti Allah, tanpa rasa wedi”.​—Wacanen Filipi 1:12-14; 4:22.

Awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil (Deloken paragraf 17) *

17. Critakna pengalamané para sedulur sing tetep nginjil senajan ana tantangan.

17 Akèh sedulur ya kendel kaya Paulus. Misalé, ing negara-negara sing nglarang gawéan nginjil, para sedulur mungkin ora isa nginjil ing omah-omah. Dadi, para sedulur kuwi nggunakké cara-cara liya bèn isa tetep nginjil. (Mat. 10:16-20) Ing salah siji negara sing kaya ngono, pinituwa wilayahé ngandhani para sedulur bèn tetep nginjil marang keluargané, tanggané, lan kanca-kancané. Ora nganti rong taun, jumlahé jemaat ing kono dadi saya akèh. Mungkin awaké dhéwé ora manggon ing negara sing kaya ngono. Ning, awaké dhéwé isa niru semangaté para sedulur kuwi. Nèk awaké dhéwé ngupaya sak isa-isané, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep nginjil senajan ana tantangan.​—Flp. 2:13.

18. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo nindakké apa?

18 Awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo ngetrapké naséhaté Paulus ing suraté kanggo wong-wong Filipi. Awaké dhéwé kudu mastèkké perkara-perkara sing luwih penting, ngupaya bèn isa dianggep tanpa cacad, ora nyebabké wong liya kesandhung, lan nindakké luwih akèh tumindak sing bener. Hasilé, katresnané awaké dhéwé isa saya lubèr lan awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

^ par. 5 Awaké dhéwé perlu terus nresnani para sedulur. Saka suraté Paulus kanggo wong-wong Filipi, awaké dhéwé isa sinau piyé carané bèn katresnané awaké dhéwé isa saya lubèr senajan ana tantangan.

^ par. 54 GAMBAR: Pas resik-resik Balé Ibadah, Mike sing lagi ngresiki lantai ndelok Joe sing lagi omong-omongan karo sedulur liya lan anaké lanang. Mike dadi jèngkèl lan mikir, ’Joe iki ora resik-resik, malah omong-omongan waé.’ Sakwisé kuwi, Mike ndelok Joe sing lagi nulungi sedulur wédok sing wis tuwa. Mike akhiré dadi luwih mikirké sipat-sipat apiké Joe.

^ par. 58 GAMBAR: Salah siji sedulur sing manggon ing negara sing nglarang gawéan nginjil. Dhèwèké ngekèki kesaksian ora resmi marang kancané. Terus, dhèwèké ya nginjil marang kanca kerjané pas jam istirahat.