Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Pengaruhé Wahyu sing Ditampa Zakharia kanggo Panjenengan?

Apa Pengaruhé Wahyu sing Ditampa Zakharia kanggo Panjenengan?

”Sira padha mratobata marang Ingsun, . . . Ingsun banjur bakal mbalèni sira.”​—ZA. 1:3.

LAGU: 6, 20

1-3. (a) Wektu Zakharia dadi nabi, piyé kahanané umaté Yéhuwah? (b) Apa sebabé Yéhuwah kepéngin umaté bali manèh marang Yéhuwah?

BUKU Zakharia nyritakké ana gulungan kitab sing nglayang, wong wédok ing njero wadhah, lan wong wédok loro sing nduwé swiwi kaya manuk bangau sing diterak angin. (Za. 5:1, 7-9) Apa sebabé Yéhuwah maringi wahyu kaya ngono marang Zakharia? Piyé kahanané bangsa Israèl wektu kuwi? Lan apa paédahé wahyu kuwi kanggo kita saiki?

2 Ing taun 537 SM, umaté Yéhuwah dibébaské saka Babil sakwisé ditawan saksuwéné 70 taun. Wong-wong kuwi bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mbangun bait lan ngibadah marang Yéhuwah. Setaun sakbanjuré, wong-wong Israèl mulai mbangun pondhasiné bait. Wong-wong Israèl seneng banget lan ”surak-surak sora, swarané nganti keprungu saka ing kadohan”. (Éz. 3:10-13) Ning, tentangan kanggo mbangun bait saya suwé saya akèh. Wong-wong Israèl dadi cilik ati lan mandheg mbangun bait. Wong-wong kuwi malah mbangun omahé dhéwé lan nggarap ladhangé. Nembelas taun sakbanjuré, baité Yéhuwah durung rampung dibangun. Dadi, umaté Yéhuwah perlu diélingké kanggo bali manèh marang Yéhuwah lan aja mung mikirké kepentingané dhéwé. Yéhuwah kepéngin umaté ngabdi kanthi semangat lan kendel.

Yéhuwah bakal nampa ibadah kita nèk kita ngutamakké Yéhuwah

3 Mula, ing taun 520 SM, Yéhuwah ngutus nabi Zakharia kanggo ngélingké bangsa Israèl bab alesané Yéhuwah mbébaské bangsa kuwi saka Babil. Arti jeneng Zakharia yaiku ”Yéhuwah Wis Ngélingi”, sing nduduhké nèk Yéhuwah isih kèlingan karo bangsa Israèl sing wis nglalèkké Yéhuwah. (Wacanen Zakharia 1:3, 4.) Yéhuwah janji nèk bakal mbantu bangsa Israèl kanggo mulihké ibadah sing sejati. Ning, Yéhuwah uga ngélikké nèk ibadahé bangsa Israèl bakal ditampa nèk ngutamakké Yéhuwah. Ayo dirembug piyé Yéhuwah mbantu bangsa Israèl liwat wahyu kaenem lan kapitu sing ditampa Zakharia. Lan apa sing isa disinaoni saka wahyu kuwi.

PAUKUMANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG-WONG SING NYOLONG

4. Apa sing didelok Zakharia wektu éntuk wahyu sing kaenem? Apa sebabé gulungan kuwi ora mung ditulisi ing sisih ngarepé thok? (Deloken gambar ing kaca 15 nomer 1.)

4 Buku Zakharia bab 5 diwiwiti nganggo wahyu sing luar biyasa. (Wacanen Zakharia 5:1, 2.) Zakharia ndelok ana gulungan kitab sing nglayang. Gulungan kuwi dawané mèh 9 mèter lan ambané 4,5 mèter. Gulungan kuwi kebukak lan ana warta sing ditulis ing kono. (Za. 5:3) Kuwi warta paukuman sing penting banget. Jaman mbiyèn, carané wong nulis ing gulungan biyasané mung ing sisih ngarepé. Ning, merga iki warta sing penting banget, mula iki uga ditulis ing sisih sewaliké.

Wong Kristen ora éntuk nyolong (Deloken paragraf 5-7)

5, 6. Piyé pandhangané Yéhuwah bab nyolong?

5 Wacanen Zakharia 5:3, 4Kabèh wong kudu tanggung jawab marang Gusti Allah, kususé kanggo umaté Yéhuwah, sing dadi wakilé. Merga nresnani Yéhuwah, umaté Yéhuwah ngerti nèk nyolong kuwi ora ngluhurké asmané Yéhuwah. (WB. 30:8, 9) Ana sing mikir nèk nyolong kuwi ora salah nèk alesané bener. Ning, senajan ngono, wong sing nyolong kuwi mbuktèkké nèk luwih ngutamakké kepénginané sing tamak timbang ngutamakké Yéhuwah, asmané, lan hukumé.

6 Zakharia 5:3, 4 kandha nèk kutukan bakal ”lumebu ing omahing maling” lan kuwi bakal ”nginep ing omahé kono lan bakal ndadèkaké rusaké”. Dadi, Yéhuwah isa nyingkapké tumindak sing salah lan ngukum abdiné sing nindakké kuwi. Senajan wong sing nyolong isa ndhelikké kesalahané saka polisi, juragan, pinituwa, utawa wong tuwané, Yéhuwah mesthi bakal nyingkapké kuwi. (Ib. 4:13) Kita mesthi seneng banget isa srawung karo wong-wong sing jujur ing kabèh tumindaké.​—Ib. 13:18.

7. Apa sing isa disinau saka wahyu bab gulungan kitab sing nglayang?

7 Kabèh bentuk tumindak nyolong kuwi nglarani atiné Yéhuwah. Kita ngerti lan manut karo pathokan-pathokané Yéhuwah ing urip saben dina bèn isa ngluhurké asmané. Kuwi hak istiméwa kanggo kita. Nèk nindakké kuwi, kita ora bakal éntuk paukuman kaya wong-wong sing ora manut karo Yéhuwah.

NETEPI JANJI SABEN DINA

8-10. (a) Apa sing dimaksud sumpah kuwi? (b) Sumpah apa sing Zedhekia langgar?

8 Gulungan kitab sing nglayang mau isiné uga warta paukuman kanggo wong-wong sing nggawé ”sumpah palsu” nganggo asmané Yéhuwah. (Za. 5:4) Sumpah kuwi tegesé neguhké nèk salah sawijiné bab kuwi pancèn isa dipercaya utawa ngucapké janji arep nindakké utawa ora nindakké salah siji bab.

9 Nggawé sumpah nganggo asmané Yéhuwah kuwi bab sing serius banget. Zedhekia, raja sing pungkasan ing Yérusalèm, nggawé sumpah nganggo asmané Yéhuwah nèk dhèwèké bakal manut karo raja Babil. Ning, nyatané dhèwèké ora netepi janjiné. Mula, Yéhuwah ngendika nèk Zedhekia bakal ”mati ana ing nagara Babil, ing panggonané raja kang ndadèkaké ratu, amarga nganggep ènthèng marang sumpahé marang raja iku lan mbubrah prajanjiané kalawan raja mau”.​—Yk. 17:16.

10 Raja Zedhekia nggawé sumpah nganggo asmané Yéhuwah lan Yéhuwah péngin dhèwèké netepi janjiné. (2 Bb. 36:13) Ning, Zedhekia ora netepi janjiné lan malah njaluk bantuané Mesir bèn isa bébas saka Babil. Ning, Mesir nyatané ora isa mbantu dhèwèké.​—Yk. 17:11-15, 17, 18.

11, 12. (a) Janji paling penting apa sing isa kita gawé? (b) Apa sing kudu kita tindakké nèk wis nggawé janji ngabdi?

11 Saka pengalamané Zedhekia, kita isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi ngrungokké janji-janji sing kita gawé. Kita kudu netepi kabèh janji bèn isa nyenengké Yéhuwah. (Ms. 76:12) Janji paling penting sing isa kita gawé yaiku janji ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi tegesé kita janji nèk bakal ngabdi marang Yéhuwah ing kahanan apa waé.

12 Apa sing kudu kita tindakké nèk wis nggawé janji ngabdi? Carané kita ngadhepi kabèh masalah ing urip saben dina kuwi mbuktèkké sepira kuwaté hubungan kita karo Yéhuwah. (Ms. 61:9) Contoné, apa sing bakal panjenengan tindakké nèk ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing mulai nggodha panjenengan? Apa panjenengan bakal nolak godhaan kuwi lan mbuktèkké nèk péngin manut karo Yéhuwah? (WB. 23:26) Utawa piyé nèk mung panjenengan sing dadi abdiné Yéhuwah ing keluarga? Apa panjenengan njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa terus manut karo pathokané? Apa panjenengan ngucap sokur marang Yéhuwah saben dina merga Yéhuwah wis nresnani lan maringi tuntunan? Apa panjenengan maca Alkitab saben dina? Wektu nggawé janji ngabdi, kita janji bakal nindakké kuwi kabèh. Nèk manut lan ngutamakké ibadah marang Yéhuwah, kuwi bukti nèk kita nresnani lan urip mung kanggo Yéhuwah. Nèk kita terus setya, Yéhuwah janji bakal maringi urip sing nyenengké sukmbèn.​—PT. 10:12, 13.

Saka tuladhané Yéhuwah, kita ngerti nèk kudu netepi janji

13. Apa sing isa disinaoni saka wahyu kaenem sing ditampa Zakharia?

13 Saka wahyu kaenem sing ditampa Zakharia, kita isa sinau nèk wong-wong sing nresnani Yéhuwah ora bakal nyolong utawa nggawé sumpah palsu. Kita uga ngerti nèk Yéhuwah ora mblénjani janjiné senajan bangsa Israèl nggawé akèh kesalahan. Yéhuwah ngerti nèk bangsa Israèl ngadhepi kahanan sing angèl merga ana mungsuh ing sak kiwa tengené. Saka tuladhané Yéhuwah kuwi, kita ngerti nèk kudu netepi janji. Lan Yéhuwah bakal mbantu kita kanggo netepi janji. Salah siji bantuané Yéhuwah yaiku maringi pangarep-arep nèk kejahatan bakal disirnakké. Kita isa sinau bab kuwi saka wahyu kapitu sing ditampa Zakharia.

YÉHUWAH NYINGKIRKÉ BAB-BAB SING ALA

14, 15. (a) Ing wahyu sing kapitu Zakharia ndelok apa? (Deloken gambar ing kaca 15 nomer 2.) (b) Sapa sing dimaksud wong wédok sing ana ing njero wadhah? Apa sebabé malaékat nutup wadhah kuwi?

14 Sakwisé Zakharia ndelok gulungan kitab sing nglayang, ana malaékat sing kandha, ”Kowé namatna.” Banjur, Zakharia ndelok ana wadhah sing disebut takeran éfa. (Wacanen Zakharia 5:5-8.) Wadhah kuwi ditutup nganggo timah bunder. Wektu wadhahé dibukak, Zakharia ndelok ana wong wédok sing lungguh. Malaékat kuwi njelaské nèk wong wédok kuwi disebut ’Kadursilan’. Zakharia mesthi wedi banget wektu ndelok wong wédok kuwi ngupaya metu saka kono. Ning, malaékat kuwi cepet-cepet mblesekké manèh wong wédok kuwi lan wadhahé ditutup nganggo timah sing abot. Apa maksudé kuwi?

15 Saka wahyu kuwi kita isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké lan bakal langsung nyingkirké bab-bab sing ala sing ana ing antarané umaté. (1 Kr. 5:13) Kuwi diduduhké wektu ana malaékat sing langsung nutup wadhah mau nganggo timah sing abot.

Yéhuwah janji bakal njaga ibadah sejati tetep murni (Deloken paragraf 16-18)

16. (a) Wadhah sing didelok Zakharia mau diapakké? (Deloken gambar ing kaca 15 nomer 3.) (b) Wong wédok loro mau nggawa wadhahé menyang ngendi?

16 Sakbanjuré, Zakharia ndelok wong wédok loro sing nduwé swiwi kaya manuk cangak [bangau]. (Wacanen Zakharia 5:9-11.) Wong wédok loro kuwi béda banget karo wong wédok sing ana ning njero wadhah mau. Wong wédok loro sing nduwé swiwi sing kuwat mau ngangkut wadhah sing isiné ’Kadursilan’ lan digawa lunga menyang ”tanah Sinear” utawa Babil. Apa sebabé digawa mrana?

17, 18. (a) Apa sebabé Babil cocog dadi ”omah” kanggo ’Kadursilan’? (b) Apa tékad panjenengan?

17 Bangsa Israèl ing jamané Zakharia mesthi ngerti apa sebabé ’Kadursilan’ cocog digawa menyang Babil. Babil kuwi kutha sing bejat lan kebak tumindak amoral sarta ibadah palsu. Wektu manggon ing kono, Zakharia lan wong-wong Israèl ngupaya tenanan kanggo nolak pengaruh sing ala saka bangsa kafir. Mula, wahyu iki njamin nèk Yéhuwah bakal njaga ibadah sing sejati tetep murni.

18 Wahyu kuwi uga ngélingké bangsa Israèl nèk kudu ngupaya njaga ibadahé tetep murni. Bab-bab sing ala ora éntuk ana ing antarané umaté Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah wis nglumpukké kita kabèh ing pakumpulané sing murni. Ing kono, kita isa ngrasakké katresnané lan pangayomané. Kita kabèh nduwé tanggung jawab kanggo njaga ibadah tetep murni lan nyingkirké bab-bab sing ala.

UMAT SING MURNI NGLUHURKÉ YÉHUWAH

19. Apa waé sing isa disinaoni saka wahyu sing ditampa Zakharia?

19 Saka wahyu kaenem lan kapitu sing ditampa Zakharia, kita ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong sing nindakké bab-bab sing ala. Mula, kita kudu gething karo bab-bab kuwi. Saka wahyu kuwi kita uga isa yakin Yéhuwah bakal ngayomi lan mberkahi nèk kita ngupaya kanggo nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah isa mbantu kita kanggo njaga tumindak tetep resik ing donya sing jahat iki, senajan kuwi ora gampang. Ning, piyé kita isa yakin nèk ibadah sejati bakal tetep ana ing donya sing jahat iki? Lan, wektu sengsara gedhé wis saya cedhak, apa buktiné nèk Yéhuwah bakal ngayomi pakumpulané? Kita bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi ing artikel sakbanjuré.